Rabu, 29 April 2015

KUCING





(Jeneng ilmiyahe Felis silvestris catus utawa  Felis catus) jinise kewan mamalia karnivora (kewan kang mangan daging) saka kulawarga felidae.
Kucing  basa Kawine : kusangka, kusingha, kusmangga, wildula, lindhika, pusa, posiya, pawasa. Kucing alasan = kuwuk, kucing lanang = widhala.
Kucing wis urip bebarengan karo manungsa kira-kira wiwit 6.000 taun sadurunge Masehi. Wong Mesir kuna migunakake kucing kanggo njaga pari ing lumbung supaya ora dipangan tikus.
Ing wektu iki kucing dadi salah sawijine kewan kang akeh diingu ing wong. Kucing sing garis turunane dicathet kanthi resmi diarani kucing TRAH utawa galur murni (pure breed), kayata : kucing Persia, kucing Siam, kucing Manx, lan kucing Sphinx. Saliyane iku arupa kucing alasan utawa kucing kampung.
Pêthèk ala bêciking Kucing, kaya ta:
Kucing kang awulu
1. Lorèk kêmbang asêm, buntut dawa, ala watêke, boros kêrêp kelangan.
2. Irêng sikile papat pisan pancal putih, bêcik lêksanane, kang ngingu suka wirya, akèh rijêki têka.
3. Irêng mulus buntut dawa, ala watêke aran: putra kajantaka, putih gêtihe kang ngingu.
4. Irêng lambung kiwa tembong putih, bêcik lêksanane, aran: rêmbulan kanginan, katêkan sasêdyane.
5. Lorèk irêng buntut dawa, ala watêke aran: dhandhang sungkawa, kêrêp prihatin lan asring tukaran, adoh rijêkine.
6. Putih mulus, lambunge kang têngên tembong irêng, aran: wulan purnama, bêcik watêke, bêgjane nutug.
7. Irêng êndhase bêlang putih têrus marang cangkêm, ala watêke, aran: durjana kêkêthu, sabarang lakune kawadaka.
8. Putih êndhase irêng, watêke bêcik, gêdhe mangunahe, aran: bujôngga mêngku.
9. Sadhengah wuluning kucing yèn buntute putih dawa ala watêke, aran: wisa tumama, pêcah kulite kang ngingu.
10. Sadhengah wuluning kucing yèn kuliting èpèk-èpèke têrus karo cangkême matane (putih padha putih enz) bêcik watêke aran: satriya wibawa.
 11. Sadhengah wuluning kucing, yèn kupinge karo pisan pêrut, ala watêke, aran: tampar taliwangsul, kang ngingu kabêndana.
12. Gigire dalèr putih têrus maring cangkême, watêke bêcik, aran pandhita lêlaku.
13. Gigire dalèr irêng têrus ing buntute, watêke ala, aran: kala ngumbara, kang ngingu ana ing paran nêmu pakewuh.
14. Gigire tembong, watêke bêcik, aran: sônggabuwana, linulutan dunya.
15. Dhadhane dalèr putih têrus ing buntute, watêke ala, aran: baya ngangsar kang ngingu bilai ana ing banyu.
16. Saulês-ulêse bisu, watêke bêcik, aran: wisnutôndha, gêdhe halate, ora kêna siniya-siya.
17. Awake tutul, buntute putih, watêke ala, aran lintang kumukus, susah sarta gêringên kang ngingu, nyarang anak, nyuda priya?
18. Yèn ana kucing duwe unyêng-unyêngan ing êndhas, ing dhadha sarta ing gigir, watêke bêcik bangêt, kang aran kucing candramawa utawa rêkathasura, rahayu kang ngingu.
Mungguh kucing-kucing iku mau kabèh yèn tinêmu ala, môngka bundhêl buntute iku sirna alane kari bêcike, luwih manèh yèn wulune tinêmu bêcik sarta bundhêl buntute, iku saya luwih bêcik.

Ulese kucing :
1.      Kêmbang asêm a. lorèk irêng putih . b. lorèk putih kuning
2.      Kêmbang bênguk lorèk irêng
3.      Watak kêton, tlapakan putih.
Satêngahing kaol, kucing iku dadi kalangênane Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalaihi Wassalam, kajaba lulute marang manungsa, gêdhe paedahe,
Kucing côndramawa, kalangênane Bagawan Andongdhadhapan sarta Rêsi Gadhingpawukir ing Mêndhang Agung, kang ngalahake tikus jinada anake Puthut Jantaka.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...