Kamis, 07 Mei 2015

SEKALIYAN APA SEKALIHAN ?




Tembung kalih, kekalih, sekaliyan, kaliyan, kalihan arupa tembung krama. Mula yen digoleki lajere ing tembung basa Jawa Kuna ora bakal tinemu. Tembung krama anane sawise jaman Mataram kang karan basa Jawa Anyar.

Tembung kalih asale saka basa ngoko loro. Tembung andhahan liyane kang kramane nganggo “LIH” nduweni teges “loro”. Tuladha :
loro = kalih
karo = kalih
kekaro (ne) = kekalih
sakloron = kekalih.
Tembung-tembung mau nduweni teges loro. Dene tembung kang wanda wekasan “RO” ora dikramakake “LIH” Tuladha :
Jenang-BARO-BARO  : jenang putih njur diwenehi abang nganggo gula klapa. Sanajan nduweni teges loro nanging ora dikramakake jenang BALIH-BALIH.
BARO : abang loro putih loro (istilah keplek)  uga ora dikramakake BALIH.
JERO : lebet
GERO = nangis bengok-bengok (seru).
JARO = cagaking pager pring.
Tembung-tembung mau ora dikramakake nganggo “LIH”.

Banjur tembung wod (akar kata ) RO mau yen dikramakake LIH andhahane kepriye ?
kalih + an > kaliyan apa kalihan ?
se + kalih +an > sekaliyan apa sekalihan ?
Jalaran asale saka  (wanda) tembung LIH  becike KALIHAN lan SEKALIHAN.
Tuladha panganggone :
1.      Ujungsabata tumamèng kapatihan | watara têngah wêngi | Ki Apatih Wahan | apan dèrèng anendra | AKALIHAN lan kang rabi | Ki Arya Wahan | angling marang kang rayi ||
2.      Sigra ingêmban tumuli | anulya binêkta minggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata nitih KALIHAN | sigra umangkat sira | kôndur dhatêng Majalangu | kang wadyabala sumahab || (babad Tanah Jawi)
3.      Sampuning tabe kula saudara Tuwan Juru Basa Wintêr.
Wiyose panjênêngan kula maringake layang sing dijarwani abdi kula bocah kaliwon ing kadipatèn, Si Ngabèi Rônggawarsita, ing sanikine êmpun dadi, asarêng kalihan sêrat punika, KALIHAN malih saudara, panjênêngan kula dangu kalih saudara, saudara punapa pun olèh malih layang caritane Prabu Bonangparte ing Prangkrih, panjênêngan kula mundhut pêkabaran.
Ing kraton Surakarta ping 6 Pasa Alip ôngka 1771.( Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September 1843. Arsip dan Sejarah | Surakarta #678.)

Nanging perlu dimangerteni, ing bausastra Poerwadarminta , kaca 182
kalih  (k): 1. loro; 2 (pac) : karo, lan
kalihan (k)  (ak) : karo, lan; kac : kaliyan.
kaliyan (k) : karo, lan ; apa iku dianggep tembung anyar kang ora magepokan karo teges loro  utawa dianggep aksara mandaswara ?
Sumangga.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...