Trap-trapane panambang A bares wae, utamane ing tulisan sing
nganggo aksara Latin, tuladha:
1.
Panambang A karaketake tembung lingga kang wanda
pungkasane awujud wanda menga (vocal), tuladha:
a.
lunga + a = lungaa
b.
kandha + a = kandhaa
c.
bali + a = balia
d.
tangi + a = tangia
e.
turu + a = turua
f.
mlaku + a
= mlakua
g.
mrono + a = mronoa
h.
nyoto + a = nyotoa.
i.
dhedhe + a = dhedhea
j.
mrene + a = mrenea.
Katrangan:
Tembung-tembung kang wanda pungkasane arupa wanda menga kang karaketan panambang A yen katulis nganggo aksara Jawa nganggo paugeran :
a. swara I lan E yen kawuwuhan panambang A owah dadi y
b. swara U lan O yen kawuwuhan panambang A owah dadi w

2.
Panambang A karaketake tembung lingga kang wanda
pungkasane awujud wanda sigeg, tuladha:
a.
mangan + a = mangana
b.
baris + a = barisa.
c.
macul + a = macula.
d.
nangis + a = nangisa.
e.
merem + a = merema.
Gunane panambang A
1.
Kanggo mangun tembung hagnya (pakon, prentah),
lumrahe dianggo ing basa ngoko, tuladha:
a.
Kowe aja ana kene, lungaa sing badoh kana !
b.
Kowe macula
kedhokan dhuwur iku, aku tak macul kene !
c.
Enggal dandana,
ayo budhal saiki !
d.
Turua
kana, sesuk esuk tangi sing esuk !
e.
Kowe muliha
dhisik !
Tembung kang oleh panambang A kanggo ing basa ngoko . Yen prentah mau nganggo basa karma ukarane bisa diowahi :
1. Sampeyan ampun wonten ngriki, sampeyan kesah ngrika !
2. Sampeyan macul kedhokan nginggil, kula macul ngriki !
3. Sampeyan dandos , mangga mangkat samenika!
Yen wong sing diajak guneman mau anggone ngajeni kaluwih-luwih utawa banget anggone ngajeni, ukara ing dhuwur diowahi nganggo basa krama alus, owah dadi :
1. Panjenengan sampun lenggah wonten ngriki, kula aturi tindak ngrika !
2. Kula aturi ngadi busana rumiyin , mangga tindak samenika !
3. Panjenengan kula aturi sare rumiyin, benjang enjang saged wungu enjang.

Panambang A kanggo mangun ukara sambawa kang
nduweni teges :
a.
Sanajan, tuladha :
i.
Sinaua ,
yen mung dhog nyeng asile ora bakal
maremake.
ii.
Turua
, yen ora bisa taneg, mung tiwas ngelu nyang sirah.
iii.
Muliha
kae, mung mulih wong thok, ora nggawa asil.
b.
Upama, tuladha:
i.
Muliha
mau-mau, aku saiki ora kodanan.
ii.
Macula
dhek wingi, aku wis bisa tandur dina iki.
iii.
Lungaa
mau-mau kowe saiki ora ngribeti aku .
c.
Muga-muga, tuladha:
i.
Udana
sing deres , sawahku bisa kebanyon.
ii.
Asata ta ya banjire, ngrekasane wong desa ora
nemen-nemen.
iii.
Entuka
dhuwit ta ya, utangku ben kesauran.
3.
Ing basa rinengga, panambang A isih lumrah
kanggo, sanajan nganggo basa krama, kayata :
a.
Mugia
tansah manggya rahayu.
b.
Mugi-mugi kalepatan kula, linebura ing dinten riyadin menika.
c.
Kalisa ing
sambekala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar