Senin, 19 Januari 2015

PANAMBANG AN.




Trap-trapane panambang AN.
1.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda sigeg (konsonan, suku tertutup) yen oleh panambang AN, trap-trapane bares wae, tuladha:
a.       goreng + an = gorengan.
b.      wayang + an = wayangan
c.       gunung + an = gunungan.
d.      gambar + an = gambaran.
e.       saring + an = saringan.
2.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda sigeg, lumrahe kaucapake miring. Swara miring mau bakal owah dadi swara jejeg maneh, tuladha: sabun + an = sabunan. Wanda “bun” kaucapake nganggo swara U miring. Yen tembung mau kawuwuhan panambang AN, bali dadi swara  U jejeg maneh. Samono uga :
a.       sarung + an = sarungan
b.      kalung + an = kalungan.
c.       parut + an = parutan
d.      jaluk + an = jalukan.
e.       rembug + an = rembugan.
3.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda sigeg kang nduweni swara I miring, yen kawuwuhan panambang AN bali dadi swara I jejeg maneh, tuladha:
a.       bathik + an = bathikan.
b.      jarit + an = jaritan.
c.       garis + an = garisan.
d.      sampir + an = sampiran.
e.       tulis + an = tulisan.
4.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda sigeg kang nduweni swara O miring, yen kawuwuhan panambang AN bali dadi swara O jejeg maneh, tuladha:
a.       kodhok + an = kodhokan.
b.      bolong + an = bolongan.
c.       semprot + an = semprotan.
d.      gendhong + an = gendhongan.
e.       boyong + an = boyongan.
5.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda sigeg kang nduweni swara E miring, yen kawuwuhan panambang AN bali dadi swara E jejeg maneh, tuladha :
a.       bebek + an = bebekan.
b.      penek + an = penekan.
c.       kerek + an = kerekan.
d.      golek + an = golekan.
e.       suwek + an = suwekan.
6.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda sigeg kang nduweni swara A miring, yen kawuwuhan panambang AN, tetep ora owah, tuladha:
a.       jaran + an = jaranan.
b.      dalan + an = dalanan.
c.       babad + an = babadan
d.      jangan + an = janganan.
e.       macan + an = macanan.
7.      Tembung lingga kang wanda pungkasan arupa wanda menga (vocal), wanda menga mau luluh, lan swarane owah dadi swara miring, tuladha:
a.       bali + an = balen.
b.      dadi + an = daden.
c.       prau + an = praon.
d.      laku + an = lakon.
e.       bodho + an = bodhon
8.      Ana sawetara tembung lingga kang wanda pungkasan awujud wanda menga (vocal), yen kawuwuhan panambang AN , wanda mau ora luluh, tuladha:
a.       jero + an = jeroan.
b.      jago + an = jagoan.
c.       topi + an = topian.
d.      janji + an = janjian.
9.      Ana uga tembung lingga kang wanda pungkasan awujud wanda menga (vocal), yen kawuwuhan panambang AN, tembung mau kawuwuhan konsonan k, tuladha:
a.       badhe + an = badhean > badhekan utawa bedhekan.
b.      dhewe + an = dhewean > dhewekan.

Tegese tembung kang oleh panambang AN.
1.      Tetironing barang utawa entha-enthane barang kang kasebut ing linggane tembung: gunungan, kodhokan, macan-macanan, omah-omahan, jaranan, wong-wongan, anak-anakan, pasaran, manuk-manukan, montor-montoran, golekan,
2.      Nganggo apa kang kasebut ing linggane tembung : sarungan, kalungan, klamben, bebedan, kathokan, gelangan, kuplukan, dhasteran, udheng-udhengan, suwengan, cundhukan, kemulan, andhukan, gelungan, kotangan, slendhangan,
3.      Piranti kanggo apa kang kasebut ing linggane tembung: saringan, ayakan, kukusan, timbangan, meteran, sipatan, sampiran, sempritan, tulupan, kenthongan, ukuran, pikulan,
4.      Panggonan apa kang kasebut ing linggane tembung: krakalan, pandhean, gadhen, kraton (ka + ratu + an), kadipaten, kabupaten, kacamatan, kalurahan, kemantren, kaonderan, pedhen (pa + wedhi + an), pakunjaran, paukuman, mbelehan, paren, sekolahan, gubernuran, pamulangan, paguron, pasuketan,
5.      Oleh-olehane (asile) apa kang disebut ing linggane tembung: bathikan, gambaran, tulisan, gawean, karangan, masakan, sumbangan, olah-olahan,
6.      Genti-genten nindakake apa kang kasebut ing linggane tembung: jotosan, antem-anteman, dugang-dugangan, jambak-jambakan, bedhil-bedhilan, duding-dudingan, jiwit-jiwitan, guyon, salaman, bithen,
7.      Kadunungan watak utawa sipat kaya kang kasebut ing linggane tembung: cugetan, lalen, brangasan, weden, gathekan, getapan, kagetan, mentalan, tegelan, aleman, geleman, isinan,
8.      Gampang kaya kang kasebut ing linggane tembung: tugelan, getasan, mutungan, kalahan,
9.      Mratelakake akeh utawa pirang-pirang kaya kang kasebut ing linggane tembung: puluhan, atusan, ewon, kethen, yutan, milyaran, umbrukan, ombyokan,
10.  Apa-apa kang di kang kasebut ing linggane tembung: tanduran, wacan, rembugan, obrolan, panen,
11.  Mratelakake mangsa, wektu kang ajeg, saben, utawa pendhak kaya kang kasebut ing linggane tembung: dinan, minggon, sasen, taunan, pasaran, selapanan, liburan, bubaran, panen, suntikan,
12.  Kanggo sedhiyan kaya kang kasebut ing linggane tembung: belehan, sewan, silihan,
13.  Nanggap apa kasebut ing linggane tembung: wayangan, kethoprakan, janggrungan, slawatan,  ludrukan, tayuban, reyogan, kentrungan,
14.  Nindakake apa-apa kang kasebut ing linggane tembung: pegatan, balen, cangkrukan, jagongan,
15.  Dolanan apa kang kasebut ing linggane tembung: nekeran, dhelikan, bekelan,

Katrangan :
Swara A jejeg kaya ing tembung lara, kala, sanga.
Swara A miring kaya ing tembung: jaran, papat, kalang.
Swara U jejeg kaya ing tembung: suku, wuku, sungu.
Swara U miring kaya ing tembung: bun, lung, kung.
Swara I jejeg kaya ing tembung: wingi, siji, pipi.
Swara I miring kaya ing tembung: sing, pring, ting.
Swara O jejeg kaya ing tembung: molo, jodho, toko.
Swara O miring kaya ing tembung: kodhok, bobok, bolong.


Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...