Kamis, 06 Maret 2014

SWARA I JEJEG LAN I MIRING



Swara I jejeg yaiku I diwaca I, ateges swara I ora owah saka asale. Conto :
a.       Manggon ing tembung : pipi, siji, siti, kili, miri, mili, bibi, pithi, ciri, bithi, wiji, wingi,
b.      Manggon ing wanda wiwitan : bisa, bisu, bima, lima, linu, liman, lsp.
c.       Manggon ing pungkasane tembung awujud wanda menga : nabi, bathi, sari, bali, ngaji, wengi, wedi, wedhi, lsp.
d.      Manggon ing tengahing tembung : baita, bacingah, bedhiyang, bekisar, lsp.

Swara I miring yaiku I diwaca E, ateges I wis owah dadi E. Conto:
a.       Manggon ing tembung kang kadadean saka sawanda : pring, ming, sing, ling, ning, ping, wit. Pakajaban: pit (sepedhah).
b.      Manggon ing pungkasane tembung kang awujud wanda sigeg : alit, arit, kulit, garing, pating, jaring, salin, batin, kain, lsp.

Swara I miring ing pungkasane tembung bali dadi I jejeg, yen :
a.       Kawuwuhan panambang an, conto : papringan, garingan, kulitan, garisan , manisan, lsp.
b.      Kawuwuhan panambang e, conto : pringe, garinge, kulite, arite, batine, kaine, lsp.
c.       Kawuwuhan panambang ana, conto : kulitana, wiwitana, jiwitana, gitikana, lsp.
d.      Kawuwuhan panambang a, conto : nggarisa, salina, nggapita, lsp.
e.      Kawuwuhan panambang I, conto : kuliti, wiwiti, jiwiti, nggapiti, gitiki, garisi, lsp.
f.        Kawuwuhan panambang en, conto : jiwiten, garisen, gapiten, sambiten, lsp.

Swara I miring ing wanda pungkasan tetep miring , yen :
a.       Kawuwuhan panambang ku, conto : kulitku, kainku, aritku, batinku, pringku, witku, lsp.
b.      Kawuwuhan panambang mu, conto : kulitmu, kainmu, aritmu, pringmu, witmu, lsp.

Katrangan :  conto seratan ing ngandhap menika LEPAT :
pitek, cilek, gareng, kulet, gares, manes, gitek, wet, preng, lsp.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...