Kamis, 10 Januari 2013

RSBI BUBAR !!!


Wusanane RSBI lan SBI bubar. Mahkamah konstitusi ngabulake gugatan permohonan uji materi  pasal 50 ayat 3 UU nomer  20 taun 2003, ngenani Sistem Pendidikan Nasional (UU Sisdiknas)  sing ngatur prekara  Rintisan Sekolah bertaraf Internsional (RSBI). Nalika maca amar putusan , Ketua Mahkamah Konstistusi , Mahfud MD kandha yen pasal 50 ayat 3 UU Nomer 20 taun 2003 lelawanan karo UUD 1945  lan ora nduweni kekuwatan hukum kang ngiket. Kanthi keputusasan iku MK mbubarake 1300 an sekolah kang nyandhang RSBI  / SBI lan penyelenggaran satuan pendidikan berkurikulum internasional ora diidini  maneh.
Alasan-alasan mbubarakeRSBI antara liya :
Satuan pendidikan bertaraf internasional lelawanan karo kuwajibane negara kanggo minterake bangsa. Negara  nduweni kuwajiban kabeh warga negara oleh pendidikan kang becik saka Negara. Pendidikan sing becik ora mung hake   RSBI lan SBI.  Kamangka RSBI lan SBI  danane  diglontor  saka APBN  kapara  luwih gedhe kanggo alas an-alasan  ningkatake mutu kareben sejajar  karo masarakat  internasional. Sanajan wis oleh glontoran dana saka APBN kanyatane RSBI isih diidini  narik dana saka masarakat.
Satuan pendidikan bertaraf internasional nimbulake dualism system pendidikan. Kanthi anane label internasional bakal nuwuhake beda-bedane kurikulum, metode, sarana lan prasarana , sarta fasilitas-fasilitas penunjang  liyane. Lamun ana  kekurangan danane banjur  ditarikake saka masarakat. Sanajanta ana alesan sumbangam sukarela saka masarakat.
Satuan pendidikan bertaraf internasional wujud liya saka  liberalisasi pendidikan.
Satuan pendidikan bertaraf internasional nimbulake diskriminasi lan kastanisasi bidang pendidikan. Cetha yen Satuan pendidikan bertaraf internasional wusanane bakal mbedak-mbedakake lan nuwuhake jurang antarane wong sing sugih karo wong sing mlarat. Wong sing sugih lan wong pangkat bisa mlebu ing RSBI, jalaran wonb sugih nduweni samubarang fasilitas kanggo minterake anake. Dene wong mlarat ora bakal bisa mlebu , jalaran kemampuane winates. Sanajanta aturane 20 persen kanggo masarakat miskin, nanging nyatane durung karuwan yen kuota semono iku ditaati.  
Satuan pendidikan bertaraf internasional nduweni potensi ngilangake  jati diri bangsa Indonesia sing nganggo basa Indonesia. RSBI nganggo pengantar basa Inggris, sethtithik akeh bisa ngikis nasionalisme lan jati diri bangsa Indonesia. Murid – murid  ora ngregani basa daerah minangka basa ibu, basa Indonesiane padha pating pecothot  kacampuran basa Inggris.
Sawise RSBI lan SBI dibubarake ana sawijining pejabat ing Kem Diknas  sing kandha yen bakal arep dianakake sekolah mandiri ? Kaya ngapa lan kepriye babare sekolah mau, apa nasibe kaya RSBI? Kita tunggu wae kabar sateruse.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...