Kamis, 10 Januari 2013

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (9)



Candhi Rimbi  diarani  uga Cungkup Pulo ora mapan ing desa Ngrimbi nanging mapan ing desa Pulosari, Kecamatan Bareng Kabupaten Jombang, Jawa Wetan.  Papane  Candhi Rimbi  sakidule  desa Ngrimbi , kira- kira rong kilomateran.  Ambane situs Rimbi ana 396, 56 meter pesagi. Saka Mojoagung kira-kira 20 kilomateran  ngidul arah menyang kecamatan Wonosalam.  Saka  pratelon Majadhuwur – Bareng  dalane wiwit munggah. Candhi iki mapan ing papan kang rada dhuwur. 

Candhi Rimbi  madhep mangulon. Wangunan candhi Rimbi  kedadean saka watu andesit nanging pondasine digawe saka  bata, kaya lumrahe candhi-candhi Majapaitan.  Candhi Rimbi nduweni ukuran dawane 13,24 meter, ambane 9,10 meter lan dhuwur 12 meter. Ukurane meh padha karo candhi Surawana lan Tegawangi.   Ing temboking candhi ana relief kang nggambarake kewan-kewan lan crita kang nganti saiki durung kaweruhan  critane  apa lan sapa.
Ing temboking candhi sisih kidul ana relief sing cacahe 8 iji, sisih wetan ana relief 17 iji lan sisih lor ana 17 iji. 

 Gambar  relief yen diurut saka lawanging candhi arah manengen (suwalike pandoming  jam)
  1. Wong wadon kang lagi nggendhong bayi, lan gambar kucing ing sisih tengen ngisor
  2. Gambar bocah lungguh ing ndhuwurebocah mau ana gambar iwak (manuk) kang nganggo swiwi.
  3. Gambar bocah loro padha jejogedan (tukaran)
  4. Wong wadon menehake slendhang marang wong lanang
  5. Wong wadon kang lagi turon lan ong lanang ngadeg ing sacedhake.
  6. Gambar wong madhep ngiwa
  7. Gambar wong lagi nguleg barang (jamu) ing lemper  (layah ) lan ngadhep mangkok kang ana tutupe.
  8. Gambar wong lagi  mlayu-mlayu.
  9. Gambar wong lagi mlayu nggawa barang
  10. Gambar wong mlaku
  11. Gambar wit-witan (alas ?)
  12. Gambar kethek
  13. Gambar wong loro lagi padha rembugan, ing tangah ana gambar mangkok
  14. Gambar wong lagi nyekel cagak
  15. Gambar kethek
  16. Gambar kethek
  17. Gambar wong loro ing sisih tengah ana bocah lagi menek wit.
  18. Ora cetha
  19. Gambar tengkelan  kayu (gulungan kertas, bantal ) ing sadhuwure meja ( paturon ?)
  20. Gambar kembang
  21. Gambar wong
  22. Gambar wong
  23. Ora cetha
  24. Wong  ana ing sajrone banyu mung katon sirahe
  25. Gambar wong
  26. Gambar wong tangane kiwa  dtempelake lemah
  27. Gambar wong kang tangane kiwa nyekel sirah (lagi menehi pangestu ? ) marang wong kang wujud nduweni cucuk  dawa  kaya manuk.
  28. Gambar kethek cacah loro
  29. Gambar wong (brahmana ?)
  30. Gambar guci diiseni (dileboni )  bocah (wong) loro
  31.  Gambar wong macul lan wong nggawa payung (arep menyang pasar ?)
  32. Gambar wong mlaku mbungkuk (wis tuwa ?)
  33. Gambar wong macul (nggawa kayu ?,  nyambut gawe ?)
  34. Gambar wong nggawa kurungan, arep ngurungi wong kang asirah kewan  (?)
  35. Gambar srengenge kang ing jerone ana wong loro (bathara Surya ?)
  36. Gambar bocah (wong ) telu lelumban (adus) ing kali, sing siji mung katon sikile
  37. Gambar bocah loro ana ing tengah alas lagi nggawa tulup manuk  (?)
  38. Gambar  omah kang isi gajah (kraton ?)
  39. Gambar wong mlayu nggawa payung
  40. Gambar wong ngadeg
  41.  Gambar wong (bocah) adus ing kali tuding-tudingan
  42. Gambar wong mlaku
  43.   Gambar bocah loro lagi padha rembugan
  44. Gambar wong loro , siji lungguh siji ngadeg
  45. Gambarmanuk loro ing pang lagi ngoceh, mencok ing pang.

Adhedhasar arsitektur seni Candhi Rimbi  kalebu candhi Hindhu, ing jerone candhi ana  reca Parwati, garwane Dewa Siwah sing saiki sinimpen ing Gedung Museum Nasional ing Jakarta.  Ing platarane candhi ana  reca-reca kang asipat agama Hindhu.
Jeneng Rimbi digathukake karo crita wayang dewi Arimbi, garwane raden Werkudara ya panenggak Pandhawa. Dewi Parwati nggambarake Tri Bhuwana Tunggadewi kang ngratoni Majapait taun 1250 C (1328 M)  – 1272 C (1350 M)  Masehi.

Miturut critane warga ing kono ing desa Ngrimbi ana kuburane Dewi Arimbi kang karan Cungkup Pulo.

















Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...