Senin, 14 Januari 2013

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (10)


CANDHI BRAHU.


Candhi Brahu mapan ing Desa Bejijong, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Wewangunan jaman Majapait ing situs Trowulan  lumrahe  digawe saka bata kang ditata tanpa nganggo semen utawa kapur, mung ditata sarana digosok-gosokake. Semono uga Candhi Brahu uga digawe saka bata. Candhi Brahu madhep ngulon. Ukuran candhi  dhuwure 25,7 meter lan ambane  20,7 meter.

Cengkorongane candhi kapantha dadi telung bagean yaiku sikil, awak candhi, sarta payon. Bagean sikil dumadi saka wengku (blengker, bingkai) ngisor, tengah, lan ndhuwur. Wengku kasebut dumadi saka plipit rata, bagean  iring gentha lan bagean bunderan sigar. Saka panaliten para ahli purbakala, yen antarane tatanan bata sing sisih ngisor lan ing dhuwure mujudakake tatanan kang seje. 
Para ahli nduweni panemu yen tatanan bata mau mujudake tatanan candhi kang digawe ing jaman sadurunge. Ukuran candhi sing lawas yaiku 17 x 17 meter. Kena dipesthekake tatanan sikil candhi sing katon saiki mujudake tambahan saka wangunan candhi kang digawe  sadurunge jaman Majapait. Sikile Candhi Brahu dumadi saka rong tumpuk. Emperan (selasar) candhi lan undhak-undhakan candhi sisih kulon durung  dimangerteni kanthi cetha nganti seprene. 

Ukuran Candhi Brahu 10 x 10,5 meter, dhuwure 9,6 meter. Ing jerone candhi ana senthong kang ambane 4 x 4 meter. Nalika mbongkar senthongane candhi, ditemokake sisa areng, sing sabanjure ditliti dening Pusat Penelitian Badan Tenaga Atom Nasional (BATAN) Ngayojakarta. Asiling panaliten nuduhake yen miturut pertanggalan radio carbon , areng ing Candhi Brahu nuduhake wektu antarane taun 1410 nganti 1646.

Payon Candhi Brahu dhuwure kurang saka 6 meter. Ing sisih kidul wetan  ana wujud sigaran bunderan kang dinuga wujud stupa. Ndeleng wujud sing kaya mangkono kena dipesthekake yen candhi Brahu kagolong Candhi Budha. Saliyane iku umure Candhi Brahu dinuga luwih tuwa katandhing candhi-candhi kang ana ing situs Trowulan. Dhasar panduga kasebut yaiku Prasasti Alasantan  kang ditemokake ora adoh saka Candhi Brahu. Prasasti kasebut saka dhawuh (prentah) Mpu Sindok taun 861 C utawa 939 M. Salah siji isine prasasti kasebut ana sawijining jeneng wewangunan suci yaiku waharu utawa warahu. Tembung warahu iku kang dinuga dadi cikal bakale jeneng Candhi Brahu.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...