CANDRA SENGKALA KANG TINEMU ING BUKU PARARATON.
- Pamalayu lan patumapel (tekaning prajurit saka Malayu lan prastawa Tumapel ) i çaka “Resi-Sanga-Samadhi”, 1197 (1275 M)
- Jaya Katong madeg ratu ing Daha i çaka “Naga-Muka-Dara-Tunggal”, 1198 (1276 M).
- Raden Wijaya madeg dadi ratu ing taun Çaka “Rasa Rupa Dwi Çitangsu” 1216 (1294 M)
- Raden Wijaya ajejuluk Çri Kertarajasa. seda disarekake ing Antapura, ing taun Çaka 1157 ( 1235 M)
- Kraman Ranggalawe ing taun Çaka “Kuda Bhumi Paksaning Wong” 1217 (1295 M)
- Jayanagara seda ing taun Çaka “Api-api Tangan Tunggal” 1233 (1311 M). :
- Patine Juru Demung ing taun Çaka “Arta Guna Paksa Wong” 1235 (1313 M)
- Semi diprajaya ing soring wit randhu ing taun Çaka “Nora Weda Paksa Wong” 1240 (1318 M)
- Kraman Kuti ing taun Çaka “Bhasmi Bhuta Nangani Ratu” 1250 (1328 M)
- Bhreng Kahuripan madeg dadi ratu i çaka “Çunya-Wisaya-Paksa-Bhumi, 1250 (1328 M ).
- Prastawa Sadeng ing taun Çaka “Kaya Bhuta Non Daging” 1253 (1331 M )
- Perang Bubat ing taun Çaka “Sanga Turangga Paksa Wani” 1279 (1357 M)
- Upacara paçraddhan agung ing taun Çaka “Pat Ula Ro Tunggal” 1284 (1362 M ).
- Sang patih Gajah Mada seda ing taun Çaka “Gagana Muka Matendu” 1290 (1368 M)
- Gajah Enggon madeg dadi patih ing taun Çaka “Guna Sanga Paksaning Wong” 1293 (1371 M).
- Nuli ana gunung anyar ing taun Çaka “Naga Leng Karnaning Wong” 1298 (1376 M ) .
- Guntur pamadhasih ing taun Çaka “Resi Çunya Guna Tunggal” 1307 (1385 M )
- Bhre Tumapel seda, disarekake ing Çunyalaya taun Çaka” Matangga Sunya Kayeku” 1308 (1386 M)
- Bhra Parameçwara Pamotan seda ing taun Çaka “Gagana Rupa Nahut Wulan” 1310 (1388 M )
- Bhre Hyang Wekasing Suka seda ing taun Çaka “Medini Rupa Rameku” 1311 (1389 M )
- Guntur (longsor, banjir ) ing wuku Prangbakat ing taun Çaka “Mukaning Wong Kaya Naga” (?) 1317 (1395 M) .
- Gajah Enggon mati ing taun Çaka “Çunya Paksa Kaya Janma” 1320 (1398 M)
- Bhra Hyang Wekasing Suka seda ing Indrabhawana ing taun Çaka “Janma Netragni Çitangsu” 1321 (1399 M )
- Bhre Wirabhumi diprajaya digawa menyang Majapahit, disarekake ing Lung, dharmabhiseka ing Goriçapura ing taun Çaka “Naga Loro Nahut Wulan “ 1328 (1406 M).
- Patih Gajah Maguri seda ing taun Çaka 1332 (1410 M) .
- Guntur ( banjir , longsor) ing wuku Julung pujut, ing taun Çaka “Kaya Weda Gunaning Wong” 1343 (1421 M)
- Gajah Lembana seda ing taun Çaka “Pawanagni Kaya Bhumi” 1335 (1413 M )
- Palantaran agung ing taun Çaka “Liman Kaya Ngambah Lemah” 1338 (1416 M)
- Pahilan agung ing taun Çaka “Naga Yuga Nahut Wong” 1348 (1426 M)
- Bhra prabhu stri (Ratu Ayu ) seda ing taun Çaka “Rupa Nilagni Çitangsu” 1351 (1429 M)
- Gusti Kanaka seda ing taun Çaka “Paksa Wihat Gunaning Wong” 1363 (1441 M)
- Raden Gajah diprajaya bhre Wirabhumi ing taun Çaka “Bhuta Manah Antelu Tunggal” 1355 (1433 M)
- Bhre Daha madeg ratu ing taun Çaka “Manawa Pancagni Wulan” 1359 (1437 M)
- Bhre Parameswara seda ing Wisnubhawana ing taun Çaka “Nagaganaagni Çitangsu ( Naga Gana Agni Çitangsu ) 1368 (1446 M)
- Bhre prabhu stri seda ing taun Çaka “Nawa Rasagni Çitangsu “ 1369 (1447 M)
- Bhre prabhu seda ing taun Çaka “Bahni Parwata Kayeku “ 1373 (1451 M)
- Bhre Wengker madeg dadi ratu, ajejuluk bhra Hyang Purwawisesa, ing taun Çaka “Brahmana Saptagnyanahut Wulan (?) 1378 (1456 M)
- Guntur ( banjir, longsor ) ing wuku Landhep ing taun Çaka “Pat Ula Telung Wit “ 1384 (1462 M)
- Bhre Daha seda ing taun Çaka “Gana Brahmanagni Tunggal “ 1386 (1464 M)
- Bhra Hyang Purwawisesa seda disarekake ing Puri, ing taun Çaka “Brahmana Nagagni Çitangsu” 1388 (1466 M)
- Bhre Pandan Salas madeg ratu ing taun Çaka “Brahmana Naga Kaya Tunggal” 1388 (1466 M) ,
- Bhre prabhu seda ing Kedaton ing taun Çaka “Kayambara Sagareku “ 1403 (1481 M)
- Pararaton tamat. Telas tinulis ing Icchasada ing Çelapenek, ing taun Çaka ; “Wisaya Guna Bayuning Wong” 1535 (1613 M ).
WATAKING
TEMBUNG KANG ANA ING PARARATON :
Siji = tunggal, dhi, rupa, bumi, wong, sitangsu, ratu, daging, wani,
indhu, iku, medini, janma, lemah, wit, iku,
Loro = dwi, paksa, tangan, nangani, anon, karna, mata, netra,
Telu = api, guna, kaya, nahut, rama, agni,
ngambah, antelu, bahni, telung,
Papat = weda, yuga, pat, sagara,
Lima = arta, buta, wisaya, pawana, nila, manah,
panca, bayu,
Nem = rasa, wihat, gana,
Pitu = resi, kuda, turangga, parwata, sapta,
Wolu = muka, naga, ula, matangga, liman, brahmana,
Sanga = sanga, muka, leng, Manawa, nawa,
Das = nora, bhasmi, sunya, gagana, ambara,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar