Selasa, 30 November 2010

GAPLEK PRINGKILAN

ORA NYEBUT. Mangkono rasanane wong sing krungu dongenge lelakonku. Wiwit kampung pojok lor nganti pojok kidul, wiwit barongan pring pager desa wetan nganti barongan pager desa kulon, wiwit bakul-bakul sing biyasane liwat ngarep omahku nganti teka wong – wong sing padha cangkruk ning warunge Lik Giyem kabeh padha rasan - rasan. Padha ngrasani aku. Aku dadi kembang lambe, lambene wong sakampung. Yen wong sakampung lambene dadi siji kira-kira dadi lambe gajah apa lambe jirapah. Dadi wong kok nyebut, ingatase wis mambu lemah kok isih ngarepake Karti --randha lanjar kulon kali.

“Umure pira ta Karti kuwi ?” pitakone Saiman marang Karjana nalika cangkruk ning warunge Lik Giyem.
“Lha Karti kuwi ngono rak bocah wingi sore ta, patlikur apa wis enek?” Karjana genti takon.
“Ya uwis ta. Wong laire Karti bareng laire anakku sing ragil. Saiki anakku wis umur nemlikur. Ya nek patlikur ya luwih” wangsulane Saiman ngyakinake Karjana.
“Lha, ditinggal bojone wis pirang taun?” pitakone Karjana
“Kok takon pirang taun. Kowe apa ora melu nglayat? Setaun bae durung enek.”wangsulane Saiman karo nyruput kopine.
“Aku pas nyang ndi ta ya ? Jane aku ra tau lunga ki ?”
“Lha embuh. Aku pa ngerti urusane uwong ?”
“Nek durung enek setaun, ya lagi wae. Lara apa ta?”
“Ya embuh. Jarene, maune mung sambat kesal-kesel ngono. Bareng dipriksakake dokter jarene wis parah.”
“Sadurunge apa ra priksa dokter ngono ?.”
“Jane ngono ya priksa, nanging kira-kira ora dirasa. Dianggep entheng. Sanajana lara, ketoke tetep nyambut gawe wae.”

Pancene dadi randha kuwi ora kepenak. Apa maneh randha anyaran. Jarene Pak Dajus, kae lho pengarang sastra Jawa sing kondhang kae, randha iku rana-rene diendha. Tembung diendha kuwi nek manut wong Bojanegara tegese digunem. Apik digunem, ora apik sangsaya ndadi anggone nggunem. Mengko arep macak dirasani wong jare golek-golek, bojo lagi bar mati saiki bengesane wis menor-menor. Mengko nyandhang saanane ya dirasani, wong kok olehe ora ngajeni awake. Mbok sing rada macak sithik. Ya mbokmenawa ana wong ngesir , ora kucem ngono. Sarwa repot. Dadi randha ora ana benere.

“Jarene, krungu-krungu diarepake pak Darna?”
“Darna sapa ? Darna pensiunan guru SD kuwi ta ?” pitakone Saiman.
“Iya. “
“Lheh, ya ora cocog.”
“Ra cocog piye ? Wong pak Darna ya duwe bayar. Ya arepa kaya apa wae rak isih duwe pensiun.”
“ Ora prekara bayar. Ya ketuweken. Coba gagasen. Pak Darna kuwi wis pensiun, tegese umure ya wis suwidak luwih. Karti lagi lagi umur kur-kuran. Apa ya cocok? Nek kanggoku ya ora cocok”
“Tuwek rak ragane. Atine durung karuwan. Saiki lho yen ana wong weruh kaya Karti sapa sing ora kepencut. Dhasare kulite kuning mrusuh, awake gedhe dhuwur, lenjang-lenjang. Yen ana wong ora kepencut karo Karti kuwi wong munapeg ”
“Nek aku, panggah ra cocog”, kandhane Saiman ngegegi omongane.
“Ya uwong kok. Sapa ngerti atine wong. Kowe pa ngerti karepe pak Darna ?”
“Ya nek karepe pak Darna kuwi ngene, nanging iki mung kira-kira lho. Anake ra ya wis mentas kabeh. Siji neng Jakarta, adoh nggone. Sing anak wedok neng Mediun, ya adoh, sing nomer telu melu bojone. Lha neng omah rak mung dhewe emple ora enek kancane. Keneka kanggo rasan-rasan. Karo maneh pensiune ben tumanja, saupama kanggo ngragadi anake wong ya oleh ganjaran.”
“Ngono ya ngono, ning mbok golek sing sababag. Lha nek kaya Karti ya ora kanggo utawa dijak rasan-rasan “
“Ora dianggo rasan-rasan, kanggo apa ?”
“Lha ya embuh, wong rumah tangga rak ya akeh butuhe.”
“Lha sing sababag sapa ?”
“Soimah kuwi rak ya randha, umure kira-kira patang puluh tahun. Luwiha ya ora akeh”
“Lha nek Soimah, kuwi bener umure ora enom banget, ning anake lima. Karo maneh isih kemriyek. Isih mbutuhake ragad akeh. Ya carane aku, ya pilih si Karti”

Jane mono, sembarang omongane uwong aku ya ngerti. Ning ora dakpaelu. Ora dakgugu. Biarlah anjing menggonggong, kafilah tetap berlalu. Kaya parikan kae :

Kembang turi melok – melok,
enake dipangan sore.
Ra breduli wong alok-alok,
sandhang pangan golek dhewe.

Yen kanggoku sing penting cocoge ati. Kaya sing nate dakaturake marang para rawuh nalika aku masrahake penganten (aku ya kadhang-kadhang didhapuk dadi bageyan pasrah penganten) – ana tembang Asmaradana sing cakepane mangkene :

Gegarane wong akrami,
dudu bandha dudu rupa,
nanging ati pawitane,
luput pisan kena pisan,
yen gampang luwih gampang,
yen angel angel kalangkung,
tan kena tinambak arta.

Yen atine padha cocoge rak ora masalah. Ning ya pancene nek ora cocog, ya mung dadi perkara wae. Malah rak nate ana kabar neng TV, neng Malaysia, ana wong wadon umure wis wolung puluh taun luwih rabi karo jaka umur 30 taun. Sing kaya ngono rak ya marga saka cocoge ati ta.
Karo maneh nek ana ngelu mulese, wong iku rak ora mesthi waras terus, yen umure padha tuweke , aku arep njaluk kerokan malah dikongkon ngeroki. Apa ora malah repot. Lha upamane sing siji isih enom, rak ya tandang gawe akas, dikongkon ngeroki ya rosa. Upamane maneh, sak wayah-wayah daktinggal mati, wis dak tinggali pensiun. Kenaa kanggo minangka pangane, kena kanggo uripe senajane ora akeh. Upamane daktinggal mati, terus kepingin rabi maneh ya ora apa-apa, wong ya isih enom. Mula kanthi dhasar gagasanku sing kaya mangkono mau, kenceng anggonku kepingin ngrabi si Karti. Aku kudu bisa ngrabi si Karti.
Ing sawijining dina aku ketemu si Karti, dheweke mlaku karo nggawa gawan abot. Dheweke banjur dakendhegi ing sisihe. Mesin sepedha montor dakpateni. Dheweke noleh aku banjur takon : “Saka ngendi, Ti kok mbentoyot nggawa gawan akeh ?”
“King peken, bibar blanja.”
“Arep nduwe gawe, ta ?”
“Niku lho dugi wilujengane simbok”
“Lha dak terke piye ? Wong aku ya nganggur”
Karti sajake ya bingung arep ngiyani , kepriye, yen ora diiyani, pancen dheweke repot. Aku banjur dheseg :“Lha ayo ta. Wong kowe ketoke repot ngono kok ?”
Wusana Karti gelem dakgonceng. Aku banjur nyetater sepedha montorku.
“Ya wis ayo,” pangajakku.
Karti ora mangsuli, njur nyengklak wae ana goncenganku. Atiku njur krasa mbedhdodhog, sing maune mung sakepel, saiki kaya-kaya malih sagunung gedhene. Batinku : Inilah kesempatan yang saya tunggu. Kesempatan ini tidak akan saya lepaskan begitu saja. Aku njur nata ati, ngomong saiki apa mengko, aku rada bingung. Arep ngomong karo Karti, gek maju gek mundur. Dhadhaku rasane dhug, dhug, dhug, dhug, njur dakwanek-wanekake, sanajanta cangkemku menga mingkem.

“Ti...” kandhaku mbukani rembug karo ngendhoni gas.
“Napa pak ?” pitakone Karti.
“Kowe rak randha,’
“Enten napa ?”
“Apa ra kepingin rabi maneh ta?”
“Lha nggih teksih kepingin”
“Aku ki ya dhudha. Wis suwe olehku ndhudha. Anak-anakku saiki wis ora ana sing neng omah.”
Karti mung meneng wae, ora mangsuli.
“Upamane, iki upamane. Ya aja dadi atimu . Upamane kowe dakrabi ngono piye ?” pitakonku.
“Lhah...”
“Lhah piye? Gelem apa ora ?”
“Soimah niku rak nggih randha.”
“Iya bener. Soimah anake kemriyek ngono. Kowe dhewe ya ngerti. Gek isih cilik-cilik pisan.”
“Nggih boten napa-napa ta. Rak niku sing kathah pahalane “
“Sing dakkarepake ki kowe, Ti. Dudu Soimah “
“Lha kula rak nggih kepingin duwe anak”
“Karepmu .... aku wis tuwa ngono ta. Ora isa nggawe anak. Tuwa ki rak wonge, Ti.”kandhaku.”Nek mung kepingin duwe anak wae ya dakgawekake”
“Lha napa kiyat ?“
“Lho sembrana, iki gaman Majapaitan . Ra orane nek nganti mindho gaweni “

Wong loro, aku lan Karti njur padha meneng. Ora nerusake rembugan sing lagi wae diomongake. Aku njur ngingetake dalan, untung wae dalane ora pati rame. Ora krasa, ngerti-ngerti wis teka ngarep omahe Karti. Sepedha banjur dak rem, mandheg. Karti banjur mudhun karo kandha :”Matur nuwun, pak”
Aku banjur nggeblas, mulih. Atiku senenge ora kaya dina iki. Ora bisa dakgambarake. Neng omah njur nyanyi-nyanyi. Donya iki rasane padhang njingglang. Rumangsaku srengenge iki ora mung siji. Neng ngendi-endi ana srengenge. Wis suwe anggonku ngesir Karti ning lagi saiki bisa omong-omongan. Aku bisa nyuntakake rasaning atiku. Rasane mbedhodhog sagunung Merapi mbledhos.
Sawise kedadean iku pirang-pirang dina aku ora ketemu Karti. Atiku krasa ora kepenak. Biasane mangkat menyang pasar mesthi liwat ngarep omah, saiki ora nate ketemu. Karti iki apa lara apa piye, apa lunga?. Jan aku kangen banget bisaa enggal-enggal ketemu. Aku liwat ngarep omahe ya ora nate ketok. Donya sing maune katon padhang njingglang saiki wis wiwit surem, wis wiwit remeng-remeng. Apa sadhela maneh bakal peteng dhedhet bali kaya maune ?
Grobyaak ! Swara sepedha disendhekake pager rada banter. Aku nginguk njaba. Ana bocah cilik umur sepuluhan taun marani aku.
“Pak, nyaosaken serat”
“Saka sapa?” pitakonku.
“King iyuuk”
“Iyukmu sapa ta ?”
“Yu Karti”
“Kowe adhine Karti, ta?”
“Enggih”
“Ya. Kandhaa yen wis tak tampa “
“Enggih. Pareng pak, nyuwun pamit .”
“Ya.” Atiku wiwit ora kepenak,. Ana apa iki, kadingaren Karti menehi layang. Atiku wiwit dheg-dhegan. Layang banjur daksuwek amplope. Dak bukak lempitane, njur dakwaca. Isine mung cekak, mung saukara :”Nyuwun ngapunten dereng saged nampi pamundhut panjenengan”. Pet, sanalika peteng ndhedhet. Srengenge sing maune padhang kencar-kencar, saiki mati pet. Peteng dhedhet, peteng dhedhet.

--------0--------

Telung sasai saka kedadean iku, aku nduwe pakulinan anyar. Pesbukan. Wiwitane aku ya ora ngerti. Krungu omongane bocah-bocah enom, sing saben dina njonggol neng warnet, aku banjur tokan-takon marang bocah-bocah kuwi. Suwe-suwe aku ya bisa pesbukan dhewe. Aku mlebu warnet ngenteni sepine bocah-bocah enom. Biasane jam sanga bengi lagi sepi. Meh saben wengi ndhongkrok neng warnet. Mulih-mulih yen wis jam rolas, bareng warnete tutup. Idhep-idhep ngrewangi jaga warnet.
Ing sawijining dina lagi mara menyang warnet, njur takon marang sing jaga :”Enten sing kosong, mas?”
“Enten, pak. Nomer gangsal”, wangsulane sing jaga.
“Kula niku gumun lho, pak” kandhane sing jaga.
“Gumun apa, mas ?” pitakonku.
“Njenengan niku empun sepuh, lha kok pesbukan mawon”
“Lha arep ngapa? Apa pesbukan iku mung kanggo wong enom wae?” wangsulanku. “Coba bayangna, neng omah ya ora sapa-sapa, sepi. Lha nek ning warnet rak akeh kancane.”
“Lha nggih golek kanca ta, pak”
“Sapa ?. Golekna ta !”
Sing jaga warnet ora mangsuli, mung mesem wae.
Saben pesbukan sing dakgoleki dhisik , mesthi wong wedok. Saben ana pesbuker wedok mesthi dak “add”, aku njaluk supaya dadi kancane. Aku nate krungu kancane anakku olehe jodho ya jalaran saka pesbukan. E, mbokmenawa aku oleh randha-randha saka pesbukan.
Temenan, aku oleh kanca pesbuker, sawise dak “add”, oleh konfirmasi saka dheweke. Jenenge Sri Wahyuni. Bareng dak deleng profile, lajang, cocog. Tanggal lair taun ,wah ora ana. Alamat , Magetan. Tertarik pada laki-laki , aku ya lanang. Ingin cari pacar, aku ya bujang. Tidak memandang umur : cocog banget.
Bareng dheweke pas OL langsung dak klik obrolan. Wis, ora perlu dakcritakake lakon lan kahanan sateruse. Dheweke setuju yen aku dadi bojone, senajana dheweke lagi umur kepala telu, lan aku wis pensiun. Malah-malah dheweke banjur takon kapan anggone nglamar menyang Magetan.
Aku banjur cepet-cepet ngurus surat pindhah kawin. Daktujokake desane calon bojoku. Katrangan-katrangan sing perlu, cukup liwat HP. Layang cukup dak kirim liwat pos wae.

Teka tanggal sing wis ditemtokake minangka ijabing penganten, aku lan dulurku sawetara mara menyang Magetan. Teka ing Magetan banjur dipondhokake ing omahe tangga sisih kulon. Ora suwe perias penganten teka ndandani aku. Aku njur kelingan bojoku sing wis tinggal donya, ya ibune bocah-bocah. Kelingan, gawang-gawang wewayangane bojoku. Ora ketang tresnane marang aku, saiki ndhisiki bali menyang alam kalanggengan. Sawise rampung anggone ndandani aku, perias pengantene nyangoni utawa nggawani aku gantal. Gantal iku linthingan suruh sing taleni benang sing lumrahe kanggo balang-balangan nalika penganten ketemu sepisanan.
Suruh –bakale gantal – yen dikerata basa : kesusu weruh. Pancene aku kepingin enggal- enggal weruh pengantene wadon. Kepriye ya wujude ? Yen rupane ngono ya wis weruh nalika ndeleng poto profile. Nanging bleger wujude rak durung weruh babar pisan.
Gendhing Kebogiro saka VCD player wis disetel, pratandha yen upacara panggih penganten diwiwiti. Pranata adicara mbiwarakake supaya penganten kakung enggal rawuh ing sasana pawiwahan. Aku enggal-enggal budhal menyang papan temune penganten. Ora lali suruh gantal sing maune dak kanthongi banjur dakcekethem. Alon-alon lakuku diayap para pengarak. Bareng lakuku wis teka ing papan temu dipethukake penganten wadon.
“Lho .... lho .... lho .,” aku kaget setengah mati. Apa lemaha ora rata , kok bojoku anggone mlaku gejajigan ? Wadhuh, wadhuh, wadhuh...... bojoku sikile pincang.


Surabaya, 30 Nopember 2010.
.

2 komentar:

mawaradi mengatakan...

lo.....lo cerkakipun kok kados critanipun tangga kula wonten gang tanjung mrika ta pak Ugeng.Namung samenika priyantunipun taksih piyambakan.Benjing menapa tindak Magetan..... e.....Tulakan, kula purun ndherekaken...

Pak Ugeng mengatakan...

Dipun tengga kemawon ulemipun, pak Pur.

Pengikut

Matur Nuwun ...