Rabu, 08 Desember 2010

KERIS


Keris. Garane mlungker ora kena kanggo ngiris, jarene Junaedi pelawak kondhang saka Sala dhek taun-taun wolung puluhan. Keris warisan tinggalane bapak swargi, dhapur Brojol, pamor Satriya Pinayungan., tangguh Majapaitan. Bapak swargi nalika semana ora marisi bandha donya, ya jalaran ora duwe apa-apa, iya jalaran saka sekenge. Duwene mung keris iki siji ndhil ora ana tungggale.
“Le, keris iki aja nganti ucul saka tanganmu,” ,mangkono welinge swargi bapak menehake keris marang aku, “Jalaran ya mung kowe sing dakanggep bisa utawa kuwat nyekel keris iki”.
“Lha gunane kanggo apa, pak?” pitakonku marang bapak.
“Kanggo kawibawan. Yen kowe kepingin ngerti apa sing ana sajerone keris iki tayuhen dhisik.”
“Carane piye, pak?”
“Ya wis mengko wae dakkandhani, saiki keris iki simpenen dhisik. Mung welingku rumaten sing becik”.
Aku dhewe satemene ora pati ngerti ing bab-bab ngenani keris. Krunguku mung saka wong-wong sing nalika semana jagongan mertamu karo bapak, nalika aku isih cilik.

Malem tanggal siji Sura aku kebeneran cangkruk ana ing cakruk cedhak omahku. Karepe mono ya arep melekan. Ing cakruk wis ana pak guru Darman, sing mulang neng SD nggonaku, Kang Katman lan Sutar.
“Malem Sura nyang endi, Tar,” pitakonku marang Sutar.
“Ngandi ? Ra ngandi-ngandi. Cangkruk neng kene wae penak kok”, wangsulane Sutar.
“Ra melu ngumbah keris, ta? Sura-sura wayahe wong ngumbah keris”, kandhaku.
“Ooorak ! Jaman kaya ngene kok isih ana wong ngingu keris. Keris nggo apa,”kandhane Sutar.
“Lho ya aja ngono, Tar,”ngendikane pak Guru Darman.”Iku ngono ana sejarahe.”
“Pripun, Lik ?” pitakone Katman uga ponakane pak guru Darman.
“Ngene, rungokna,”pak guru Darman miwiti crita. “Keris iku keras. Digawe saka wesi werna-werna. Ana wesi Balitung, wesi Pulosrani, lan uga ana sing saka meteorit barang. Dadi bakale ora mung waja thok. Keris yen dikramakake tosan aji. Tosan saka tembung tos sing tegese atos, mangkono panemune mas Budi Palopo”, ngendikane pak guru Darman.
“Budi Palopo sinten , Lik ?”
“Iku lho, sastrawan Jawa Timur sing asli Gresik, iku.”
“Napa sing mentas angsal hadhiah niku ?”
“Lha iya.”
“Turene, keris niku mengku piwulang sing dhuwur . Nggih napa, pak “ omongane Sutar nyela.
“Lha iya , kanggone sing ngerti. Kanggone wong sing ora ngerti : La apa, jaman saiki rak jaman modern, jaman internet , isih ngingu keris. Takhayul. ”.
“Lha tegese tos utawi tosan niku napa, pak?”
“Tegese, wong iku kudu nduweni watak, jiwa utawa semangat sing keras. Ora bakal mundur yen gegayuhane durung kasembadan. Mula satemene aja pisan-pisan ngremehake wong Jawa. Wong Jawa iku yen wis kadhung nduweni gegayuhan mesthi tansah ngudi kaleksanane. Ketoke wong Jawa yen ngadeg ngapurancang, karo monthak-manthuk, injah-injih. Nanging yen duwe kekarapen, wooo .... aja pisan-pisan diremehake.”
“Kados blangkon, nggih , Lik” pitakone Katman.
“Karepmu ? “
“Lurus ngarep, mbendhol buri.”
“Ora ngono. Lha kuwi rak blangkone wong Yoja. Yen cara Sala rak trepes”
“Ngoten niku mengku filsafat, napa boten, pak?” Sutar nyela.
“Dingaren, Tar. Omonganmu kok rada dhuwur. Kaya wis tau mangan sekolahan wae. Kok nganggo tembung filsafat barang. Kaya ngerti-ngertia wae.”
“Nggih boten. Kula niku rak namung ngrungak-ngrungokake tiyang ngomong mawon.”
“ Ya yen digoleki mesthine ana. Aku dhewe durung ngerti. Ning yen omongan lurus ngarep mbendhol buri iku mung guyonane wong-wong wae.”
“ Dadi ... niku boten temenan nggih ?”
“ Dakkira ya ora. Coba delengen wae, blangkone wong Yoja, blangkone wong Sala, karo blangkone wong Banyumas. Rak beda ta ? Lha nek beda-beda kuwi tegese njur piye?”
“ Tapi niku, Lik. Keris gadhahan kula niku tangguh Majapaitan, ibuke lare-lare bola-bali mblendhang-mblendhing mawon “
“ Keris apa kuwi. Sakkrunguku kowe ki ra tau duwe keris ki. Apa hubungane keris karo bojomu ?”
“Lha nggih keris kula sing siji niku.”
“Waah, kowe ki guyon. Aja guyon ta ! Aku wiwit mau ngomong temenan mung koanggep guyon wae.”
“Lha boten guyon dospundi. Mosok wiwit wau namung sepaneng mawon.”
“Yen kerise bojomu kuwi, pancene kowe sing ora ndlomok. Mosok jamu nganggo endhog banyak pitu sakndhegan. Ya mesthi wae. Kok ya entek, gumun aku,” ngendikane pak guru.
“Lha pripun, Lik. Wong hiburane nggih namung niku.”
“Sing kebacut ki ya kowe kuwi ta. Jan ora mesak-mesakake bojone. Anak wis pitu barang , isih digenter wae. Mbok ya leren.”
“Dospundi, bolak-balik hiburane nggih namung niku.”
“Ya carane. Saiki rak ana KB, kowe ki ra gelem melu KB iku apa. Jarene pemrentah : Dua anak cukup, laki perempuan sama saja.”
“Karep kula nggih ngoten, ning bojo kula boten purun. Turene boten penak.”
“Pancene sing kebacut ki kowe kuwi, ta. Wong lanang kuwi pemimpin rumah tangga. Mung prekara ngono wae ra isa ngatur ki rak kebacut, ta. Wis mbalik. Mbaleni rembug mau. Nuruti Katman ora ana enteke.”
“Ngaten, pak. Sakniki negara niki lagi grengseng-grengsenge mbrantas korupsi. Mangka nek ngangge filsafat keris mesthine saged tuntas. Kira-kira niki sebabe napa ?” pitakonku.
“Lha nek iku, sing cetha wong Jawa wis ilang Jawane. Wis nglalekake pituture para sepuh. Kamangka pituture para sepuh iku akeh sing apik. Keris iku keras. Mesthine yen keras, temenan anggone tumindak, temenan anggone mbrantas, tak kira ya bisa.”
“Enten paribasan lik, ora keris ning keras, tegese sanajan ora nduweni kapinteran nanging saged mrantasi damel. Nek nurut sampeyan pejabat sing sakniki niku dospundi?”
“Lha nek aku ngarani, sanajan duwe keris ning ora keras. Apa sebabe? Sanajan duwe keris – iki upamane utawa diparibasakake wewenang – mesthine kanthi wewenang mau bisa kanggo mrantasi gawe. Ning ora keras, ya wusanane asile padha wae ora apa-apa. Keras iku gumantung marang mental. Yen pancene mentale lembek, diwenehana keris pirang-pirang, ya tetep lembek.”
“Mbok menawi, kados tulisan Jawa niku. Yen dipangku njur mati.”
“Ya isa uga. Lha saiki pikiren, saupamane pejabat mau wis akeh oleh-olehane, apa ya isa keras? Mulane, saiki iki jamane wong Jawa ilang jawane.”
“Lha niku, Lik. Keris kok dilengkuk-lengkuk niku, karepe napa?” pitakone Kang Katman nyela omongane pak Darman.
“Ngomong kawit mau kok ora enek kopine ta iki. Apa ra kecut?” pitakone Sukiman sing lagi teka nimbrung neng cakruk.”Dakrungokake kok sajake gayeng,”sambunge.
“Ya jane ya kecut. Gayeng ki apa, mula ya ra krasa.”
“Goleka kopi nyang warunge yu Tuminem, Man. Iki lho dhuwite”
“Tiyang pinten, Lik” kandhane Katman.
“Ya etungen kono. Karo goleka tempe-tempe gembus kono lho. Aja lali lomboke.”
Katman klithih-klithih menyat saka lungguhe, menyang warunge Yu Tuminem sing ora adoh saka anggone cangkruk. Ora suwe Katman teka karo nggawa kopi karo nyangking tempe gembus sapiring.
“Ewangana nggawa, Tar. Aja mung meneng wae,” pakone Katman menyang Sutar. Sutar gregah-gregah ngrewangi Katman. Sawise rampung banjur lungguhan maneh, katambahan Sukiman, mula sangsaya tambah gayeng.
“Lha nek ngene rak gayeng. Mosok ngomong garingan thok. “
“Kawit mau ya mung rokak-rokokan thok, nganti garing gorokanku”, kandhane Sutar.
“Pun, ngga njenengan wiwiti malih,” ujare Sukiman miwiti omong.
“Mau teka ngendi ? Teka lengkuk ya?” pitakone pak Darman. “Lengkuke keris kuwi diarani luk. Sanajanta atos nanging kena dielak-eluk, mula keris iku ana sing lurus ana sing luk. Keris-keris jaman Majapaitan lumrahe lurus. Dene keris jaman Mataram lumrahe nganggo luk. “
“Contone ?”
“Contone keris Nagasasra. Keris iki keris jaman Mataram, nganggo luk telulas. Naga kuwi tegese ula gedhe. Dene sasra tegese sewu. Nagasasra tegese naga sing cacahe sewu. Keris iki gambare kaya naga sing biuntute nglawer teka pucuk. Luke keris iku ana sing luk ana lima, pitu, sanga, sewelas, telulas lan sapiturute nganti luk sangalikur.Mula wong Jawa sejatine wong sing keras nanging senajana keras isih kena diluk, “ kandhane pak Darman karo nyruput kopine.
“Kuwi tempene gembus iku panganen. Mengko ora ana sing mangan,” ngendikane pak Darman karo nerusake crita.
“Sanajana luk, isih ana garis luruse, imbang antarane kiwa lan tengen. Dadi sanajanta lak-luk ning wong iku kudu tetep lurus. Iku minangka falsafahe wong Jawa bisaa nengenake marang keseimbangan, harmoni, utawa kaselarasan.”
“Urip salaras karo alam. Salaras ing ngalam donya kalawan alam akhir, salaras antarane jagad cilik lan jagad gedhe, mikrokosmos lan makrokosmos.”
“Makrokosmos niku napa, Lik?” pitakone Katman.
“Mikrokosmos iku ya jagad cilik yaiku jagad sing ana sajeroning badan kita dhewe. Dene makrokosmos iku jagad gedhe yaiku jagad sing gumelar iki.”
“Jane ngoten, tinggalane mbah-mbah riyin sae nggih, pak.”
“Satemene tinggalane mbah-mbah biyen akeh sing mengku wasita sinandi, tegese pitutur sing ora dicethakake utawa digawe rahasia. Pitutur kang adiluhung. “
“Njenengan niku kok pinter niku king pundi ta, pak?” pitakone Sukiman.
“Lhah , aku iki jane ya padha wae karo kowe. Lha saiki rak ana alate, supaya wong ora bodho-bodho banget.”
“Napa niku ?”
“Lha iku .... internet”

Jam rolas thet, kenthongan ditabuh dawa, nandhakake yen wis wayahe tengah wengi. Wong-wong sing ana ing cakruk padha bubar mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Aku dhewe ora enggal-enggal mulih. Atiku sumpeg jalaran wis pirang-pirang sasi ora nyambut gawe. Mangka saiki aku nduweni kuwajiban ngingoni anake maratuwa. Dinane iki aku ora nyambut gawe. Golek gaweyan mrana –mrene durung oleh. Apa ora sumpeg ? Apa ya mung arep ngejibake maratuwa wae. Aku dadi wong lanang satemene rumangsa isin yen mung gumantung maratuwa.
Krungu dongenge pak Darman mau aku njur kelingan marang welinge bapak nalika arep ninggale kae:” Le, keris iki rumaten, aja nganti pisah karo kowe “
Aku banjur mlebu omah, keris warisane bapak dak jupuk saka lemari. Banjur dakunus alon-alon. Daksawang suwe tanpa kedhep. Rumangsaku ana swara dumeling ing kupingku: keris iku keras, keris iku keras. Kaya-kaya swara iku ora ilang-ilang saka kupingku. Sanalika aku eling.
“Yen ngono, aku kudu usaha sing keras.... kudu usaha sing keras.....usaha sing keras”
Esuke, kanthi ati madhep, karep kang mantep, lan ulat sumringah aku gegancangan budhal ...... golek pegaweyan.


Surabaya, 07 Desember 2010.
.

6 komentar:

kikombor mengatakan...

Wong Jawa pancen keras ning isih bisa diluk. Semono uga wong Ngayogyakarta Hadiningrat. Umpama kaistimewan arep di blejeti Jakarta, wong Ngayogyakarta Hadiningrat bisa keras. Nanging, umpama dituruti kekarepane, wong Ngayogyakarta Hadiningrat ya bisa diluk.

Pak Ugeng mengatakan...

Bener Ki Kombor. Aku ya ndherek Ngarsa Dalem. Aja nyelaki sejarah kang wus linakonan.
"DUKUNG NGAYOGYAKARTA HADININGRAT!!!"

mawaradi mengatakan...

pusaka kang ngandhut pitutur luhur,kang wajib diwulangake marang anak putu.Ki Kombor, Pacitan Ngayogyakarta, Yen ngono tenan ayo saiyeg saekapraya.Sendika dhawuh Ngarsa Dalem....

Pak Ugeng mengatakan...

Kasultanan Ngajojakarta menika benteng terakhir kabudayan Jawi, mila kedah dipun pertahanaken.

DHARMA WITJITRA mengatakan...

Ndherek nyimak, Pak Ugeng, ugi ndherek nepangaken dhumateng para sedherek sedaya. Nyuwun samudraning pangapunten bilih basa Jawi kula kirang sae, amargi kula menika kalebet tiyang Jawi ingkang sampun tipis Jawinipun.
Rahayu ...

Pak Ugeng mengatakan...

Matur nuwun mas Darma Witjitra, sampun kersa rawuh ing rompok kula. Lumantar menika minangka nyambet tali silaturahmi tumraping kula kaliyan panjenengan sami. Lan mugi-mugi lantaran menika minangka ajang mekaring basa Jawi ingkang sampun ndungkap seraping surya. Rahayu kagem panjenengan sami. Nuwun.

Pengikut

Matur Nuwun ...