Kamis, 22 Juli 2010

ANOMALI


Parang, desa mencil neng pinggir segara kidul. Lemahe gathak, cengkar, khas pegunungan kapur. Ing kono ora ana sawah jembar, wong pancen manggon ing pegunungan. Sing ana mung tegalan lan pekarangan. Wit jati thukul ing sela-selaning watu sing pating penthungul. Ing sela-selane jati ditanduri tela kaspe.
Saben ketiga wong-wong kang manggon ing kono padha bingung golek banyu. Apa maneh yen udan suwe ora nyeblok. Sumur-sumur padha garing ora ana banyune. Kali wis ora mili, belik padha asat. Aja maneh kok kanggo adus, kanggo cewok wae paribasane wis ora ana. Saka dhawuhe pemrentah wong-wong padha nggawe tandhon banyu pekarangan. Kanthi anane tandhon mau sauntara bisa ngurangi ngrekasane wong-wong ing kono. Saliyane iku uga ana proyek air minum nanging ora saben dina bisa mili, apa maneh yen wis wayahe ketiga ngerak. Mula saben esuk tangi turu ora ana wong adus, cukup mung raup wae – jarene wong nggonku “mandi Tarsan”. Banyu sing disimpen ing tandhon kudu di awet-awet aja nganti entek nganti tekane mangsa randheng maneh. Yen udane nganti telung sasi ora nyeblok, ora cukup banyu sing ana tandhon.
Wong-wong kono penguripane tetanen, nanging ora ana sawah. Sing ana tegalan. Yen rendheng ditanduri gaga, yaiku jinise pari sing ditandur ana ing tegalan. Tanduran saliyane pari gaga yaiku kacang,kalebu kacang dawa, kedhele, jagung sejene tanduran sing baku yaiku tela kaspe. Pangan saben dinane thiwul. Wonogiri kondhang thiwule nganti didadekake lagu Campursari Thiwul Wonogiri. Satemene ora mung Wonogiri sing kahanane kaya mengkono. Wiwit saka Wonosari, wonogiri, Pacitan nganti tekan Trenggalek iring kidul pinggir segara kahanane padha yaiku lemah padhas pegunungan kapur.
Para among tani yen arep nenandur nganggo petungan pranata mangsa. Ana unen-unen ing babagan tetanen yaiku : jilung, rodhung, lutak, patwi, mori. Tegese wayah mangsa siji yaiku kira –kira wulan Juli mangsane lung-lungan, mangsa kaloro mangsane gadhung , mangsa katelu mangsane katak, mangsa kapapat mangsane panen wi gembili lsp. Lan mangsa kalima wayahe nandur pari. Mangsa kalima iku kira-kira tiba ing wulan Oktober. Pancene wulan Oktober wis ana udan deres, mula para tani padha nandur utawa nyebar winih gaga ing tegalan.
Seje karo kahanan ing wayah rendheng, kabeh katon ijo royo-royo, wit-witan kabeh padha trubus. Jati-jati sing maune ngarang padha malih dadi ngrembuyung , suket-suket padha thukul, walikane nalika mangsa ketiga. Wong-wonge ya katon seger-seger, prawane katon ayu-ayu. Manuk-manuk padha ngoceh. Garengpung padha ngereng. Ithi-ithi padha muni, ndadekake swasana katon asri. Sesawangan nyenengake banget, rasane kaya ning tengahing swarga. Ngrekasane wong-wong kono kasilep karo endahing sesawangan ing mangsa rendheng. Sampeyan bisa ngrasakake endahing papan kang sepi, sing keprungu mung ocehing manuk pating cruwet, perkutut lan derkuku padha manggung. Gawe tentreming ati. Adoh saka gerenge sarta keluke montor sing gawe dhadha seseg.
Saiki wis wayahe ngarepake mangsa ketiga, wis bubar panen pari gaga. Akeh wong duwe gawe, lumrah wong duwe gawe bubar panen.
“Kang Warina , tegalan sampeyan ngarep iki arep sampeyan tanduri apa?”pitakone Marta menyang Warina.
“Tak tanduri jagung,” wangsulane Warina.
“Sampeyan iki piye ta. Iki rak ngarepake mangsa ketiga. Mengko wayahe dhangir wis ora ana udan. Rak mung mbuwang-mbuwang dhuwit wae. “
“Perkara udan, sing nggawe udan rak dudu awake dhewe ta, Ta.”
“Ya pancene. Ning rak ya kudu dipetung.”
“Tegalanmu kok tanduri apa?” pitakone Warina mbacutake omongan.
“Tak tanduri kenthang.”
“Temen ta. Olehmu winih saka ngendi ?”
“Kenthang .......Ngenthang-enthang , ora arep nandur apa-apa. Tiwas ngentekake tenaga, ragad, ora ana asile apa-apa”kandhane Marta nerusake laku karo ngedumel. Wong edan apa? Wong wayahe arep ketiga isih nandur jagung. Mbah-mbah jaman biyen nduweni petungan jilung, rodhung, lutak, patwi, mori. Yen bar ditanduri gaga tegese wis ngancik mangsa ketiga. Ateges ora bakal ana banyu udan. Arep diileni saka kali wong kaline ora mili. Aja maneh kangge ilen-ilen kanggo tegalan, kanggo ngombe rajakaya wae ora. Apa maneh weruh tegalane mbah Wangsa sing ora ditanduri apa-apa.
“Tegile badhe dipun tanemi napa, mbah?” pitakone marang mbah Wangsa.
“Arep ditanduri apa lho, le. Adat saben yen ngene ya ora ditanduri apa-apa. Wong arep ketiga”
“Lha teksih kathah jawah ngaten”
“Lha ya kuwi. Mengko yen ditanduri jagung wayahe dhangir wis ora ana udan”
“Tegile Warina badhe ditanemi jagung”
“Ya wis ben” wangsulane mbah Wangsa ayem wae.
Marta sangsaya kenceng anggone ora arep nanduri tegalane. Dhasare ya ora duwe dhuwit kanggo tuku winih. Saiki winih jagung yen ora tukon toko ya ora gelem thukul. Kamangka mbah-mbah biyen winih jagung saka woh tanduran sadurunge.
Mangsa ngarepake ketiga lumrah diarani mangsa mareng . Lumrahe isih ana udan nanging wis akeh panase. Nanging mangsa mareng taun iki rada beda. Udan isih nyeblok saben dina. Malah dhek wingi dicampuri angin lesus. Akeh gendheng, payon omah padha rontok. Malah kabare ana omah sing ambruk barang. Ora krasa lakune wis teka ngomah.


Marta krasa jengkel atine. Arep mepe pari gaga panenan taun iki ora bisa. Kadhang esuk srengengene katon menceret, nanging wayah bedhug mendhunge wis nutupi langit. Kadhang sedina dheg ora ana panas babar blas, nanging ya ora udan. Kadhang kala sedina mbethethet udan nggrejih wiwit esuk nganti sore “Yen kaya ngene terus pari iki bisa-bisa thukul.” Mangka pari iku minangka jagane pangan tekan panen gaga maneh. Ora ana pametu liya saka liyane tetanen. Arep buruh macul, ora ana wong mburuhake, wong pancene ngadhepi mangsa ketiga. Arep melu buruh menyang kutha – kaya wong-wong liyane – ora nduweni kapinteran apa-apa. Ya yen bisa nukang, tukang kayu apa tukang batu ora dadi ngapa wong isih duwe kapinteran. Bisane mung buruh kedhuk. Kahanan kaya mangkono isih disambati anake kanggo ragad sekolah.
Anake saiki munggah kelas enem. Pancene sekolahan ora narik SPP, nanging isih kudu ngetokake ragad liyane. Kaya klambi seragam, sepatu, buku isih kudu tuku sanajana ora kudu tuku menyang sekolahan. Wong seragame ya wis suwek-suwek. Durung mengko yen kudu nerusake menyang SMP. Apa bisa ngragadi anake supaya dadi wong pinter.
Digadhang-gadhang anake bisa pegawe. Ora usah dadi dhuwur-dhuwur sang pangkate pating trempel kae, cukup kaya pak guru Kirna. Saben dina sandhangane resik, setlikan nylithit, ora nate gupak endhut. Mangkat mulih numpak pit montor. Saben sasi nampa bayar. Bojone ya guru pisan. Bayare wong loro paling ora wis limang yuta. Jarene, lagi wae mentas nampa rapelan telung puluh yuta pa ngono. Dhuwit samono kuwi olehe ngetung kepriye, Marta bingung. Rapelan sing setaun durung dibayarake. Omahe gedhong magrong-magrong. Nyambut gawene kepenak ora ngrekasa kaya dheweke. Saben dina kudu ngangkat pacul . ora oleh asil yen durung telung sasi engkas. Durung mengko yen tandurane dipangan ama. Pikirane Marta ngambra-ambra teka ngendi endi.


Telung sasi saka kedadean iku Marta ketemu Sukina karo Margana nggawa pikulan arep menyang tegal. Marta takon marang Sukina.
“Esuk-esuk arep menyang endi, Na?”
“Arep sambatan”
“Nggone sapa?”
“Nggone Warina”
“Nyambat apa ta ?
“Dikongkon ngepeki jagunge neng tegalan”
“ Lho, wis panen ta”
“Wis”
Bareng Sukina karo Martana wis mungkur, Marta ngudarasa,”E, awak ki yen ketitipan balung kere. Tanggane panen jagung awake dhewe ngaplo. Biyen melua Warina rak melu panen jagung. Kapiran kapirun, gaga ora mangan sapi ora nuntun.”


Surabaya, 21 Juli 2010.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...