Selasa, 04 Mei 2010

DEMO


Panase sumelet. Srengenge wis manjer neng ndhuwure sirah. Kekayon ora ana sing obah. Lemah sawah padha bengkah, suket-suket garing, kali lan ilen-ilen sawah wis mekingking padha pecah kira-kira sejangkah. Udan sing diarep-arep wis telung sasi ora njedhul. Langite katon biru, ora ana mega ora ana mendhung , pratandha ora ana ungup-ungupe udan bakal teka. Wong-wong sing ngingu rajakaya padha sambat, bingung golek suket, bingung golek rambanan sing kanggo pakan kewan. Malah –malah ing wektu iki – kandhane wong-wong Karangkidul- sakniki-niki paribasan wedhus mangan wedhus, sapi mangan sapi. Lho kok ngono ? Saiki wedhuse didol, banjur dhuwite diukokake suket kanggo pakan. Malah-malah saiki tegalan sing dianduri suket, luwih akeh asile katimbang ditanduri pari utawa jagung. Mula ora aneh yen bakul suket sugih dadakan. Angin ora obah, samirana datan lumampah- kandhane dhalang -- nyebabake panase awak sangsaya mundhak. Satemene wis rada suwe kahanan desa Karangkidul panas, ora mung panase hawa njaba wae, dalah panas ing njerone atine wong Karangkidul uga katut panas.
Dumadakan ana barisan arak-arakan sadawane dalan bengak-bengok bareng, “Lurah celeng .... Lurah genjik. Lurah celeng ....... lurah genjik. Lurah celeng ...... lurah genjik !!!“ karo padha nggawa kertas amba ditulisi werna-werna. Ana uga sing digambari tikus gedhe lan ana tulisane “Koruptor nggrogoti dhuwit negara”. Ana sing tulisane “lurah lengser saiki uga. Lurah Karangkidul korupsi dhuwit Bandes, bantuan desa ”. Lan werna-werna tulisan liyane sing isine nggugat Lurah Karangkidul kudu enggal dilengserake. Sing bengak-bengok ora mung siji loro nanging saakehe sing padha melu arak-arakan. Yen dirungokake saka kadohan kaya lomba paduan suara. Ana sing menehi aba-aba karo nggawa corong sing digawe saka seng sing dklunthung. Ngepok cilik pucuke gedhe.
Ing satengahe arak-arakan mau pemimpine gembar-gembor : “Sedulur- sedulur, sampeyan setuju yen lurah Karangkidul lengser ? “pitakone sing pidhato.
“Setujuuuuuu !!”, wangsulan barisan arak-arakan, banjur disusul bengak-bengok maneh. Mangkono bola-bali.
“Lurah ora kena kanggo panutan, Lurah korupsi. Sampeyan setuju lengser ???”, pitakone bola-bali. Njur diwangsuli dening anggota arak-arakan bareng “Setuju lengser ......setuju lengser “, swarane bareng ambal-ambalan kaya mecah-mecahna kendhangan kuping.
Barisan arak-arakan mau mlaku menyang latar amba ngarepe bale desa Karangkidul. Ing kono barisan banjur nganakake rapat umum. Sebageyan para demonstran mau mlebu pendhapa nemoni pak Lurah, sebageyan ish tetep ana sing mimpin bengak-bengok supaya semangate para demosntran ora kendho, sebageyan maneh nggawe daden geni ing tengahe latar. Genine mubal-mubal. Hansip sing biasane njaga keamanane kantor Kelurahan bisane mung meneng wae, ngadeg ngejejer ora obah, jalaran wis ora kuwawa nolak utawa ngatur wong-wong sing demonstrasi. Salah-salah ketiban bogem mentah. Pak Lurah wektu samono mbeneri ora ana neng kantor. Jarene pak Carik lagi rapat menyang kecamatan. Nanging sing demonstrasi isih tetep bengak-bengok karo ngenteni tekane pak Lurah bali saka kecamatan.
“Pak Carik, mengke sampeyan kandhakke pak Lurah. Yen pak Lurah boten purun lengser . Kula sakanca ajeng mbekta kanca sing luwih kathah,” ancame Kadiya pemimpin demo iku.
Pak Carik mung meneng bae. Para demonstran banjur nerusake pidhatone , suwe-suwe demonstran krasa kesel banjur padha mulih karepe dhewe-dhewe.
Sorene, neng omahe pak Wira ana rapat. Sing teka Kadiya, Kartija, Sukar, Timin lan para aktivis-aktivis demo.
“Piye Ya, kabare esuk mau ?”, pitakone pak Wira marang Kadiya.
“Beres, Pak,” wangsulane Kadiya. “Nek perkara ngoten-ngoten niku njenengan srahne kula mawon.”
“Lha teruse piye ?”.
“Njenengan boten sah bingung-bingung. Sing penting enten nikune.”
“Nikune apa , Ya ?”, pitakone pak Wira.
“Nggih bayaran. Njenengan niku boten ngerti napa ethok-ethok boten ngerti. Lha nek njenengan boten purun mbayar, kula nggih boten napa-napa. Namung kula golek juragan liya. Dospundi ?”
“Ya aja ngono, Ya. Aku percaya karo kowe.”
“Lha pripun ?,” pitakone Kadiya.”Kula rak nggih nyambut gawe. Nek kula mboten oleh napa-napa, anak kula diken mangan napa ?” kandhane Kadiya nanting pak Wira.”Kula rak nggih duwe anak duwe bojo, sing perlu kula ingoni. Upami njenengan sida dados lurah , napa kula njenengan angkat dados carik ? Rak boten ta ?”
“Ngene lho Ya. Yen perkara kowe nuntut diangkat dadi carik ana aturane dhewe. Yen aku dadi lurah, aku ora bisa ngangkat kowe dadi carik. Iku dudu wewenangku, pengangkatan iku wewenange kecamatan. Kowe rak ngerti dhewe. Upamane aku dadi lurah,....kuwi nek dadi lho. kowe mengko dak kon nggarap bengkok kidul sekolahan kae. Bengkok lurah rak akeh ta. Gelem apa ora ? Sing penting lakumu kuwi aja nganti ketok yen aku sing ngongkon.”
“Soal niku ampun kuwatos, kula mengke sing kordinasi kalih korlap liyane. Kados korlap dhukuh Sendhang, dhukuh Sekar, dhukuh Janti,” kandhane Kadiya.
“Ya wis sakarepmu .Nek ngono saiki kowe daksangoni. Saiki ya mung sethithik , karo mengko tukokna rokok anak buahmu”
“Lha korlap-korlap sanese dospundi ?” pitakone Kadiya.
“Gampang. Mengko daksangonane dhewe. Nyoh iki tampanana !”, kandhane pak Wira karo ngulungake lembaran abang-abang rada akeh.
“Nggih. Nek ngoten kula nyuwun pamit.”
Kadiya sakancane banjur mulih. Ana ndalan sangu sing ditampa saka pak Wira mau banjur didum sakancane sing ngadhep bengi iku. Dhayohe pak Wira dina-dina iki mlebu-metu gilir gumanti ora ana kendhate. Kamangka biasane ora kaya mangkono. Arang-arang ana dhayoh menyang omahe pak Wira. Jalaran pak Wira sanajanta kalebu sugih ing Karangkidul ning disiriki tangga. Amarga tangkepe marang tangga ora semanak. Kepara anggak, sombong ngedirake bandhane mula ora aneh yen pak Wira ora nate ketekan dhayoh.

Kabar yen pak Wira arep nyalon lurah dudu barang sing wadi, dudu barang rahasia maneh. Ora mung sumebar ing dhukuh Krajan wae nanging wis sumebar warata ing desa Karangkidul. Malah-malah kabar mau wis sumebar tekan kecamatan.
Sawise kedadean demonstrasi iku kahanan ing desa Karangkidul ora ana tentreme. Saben dina ana wae sing demonstrasi. Antarane dhukuh ing desa Karangkidul kaya-kaya wis ana jadwale. Dhisik dhukuh Krajan, banjur Sekar, Sendhang lan Janti banjur bali dhukuh Krajan maneh.
Telung sasi sawise iku klakon lurah Karangkidul lengser. Salengsere lurah Karangkidul banjur dianakake pilihan , milih lurah anyar. Wis kena dibadhe yen sing dadi lurah anyar ya pak Wira. Ora kacaritake lakune pilihan, sing cetha pak Wira wis nandur wong-wong sing kena dipercaya kanggo nggiring swara supaya milih dheweke. Pak Wira anggone cucul dhuwit uakeeeh banget. Atusan yuta. Kanggone pak Wira dhuwit samono kuwi dudu apa-apa. Sing penting kepilih.
Ngadhepi pilihan pak Wira dana driyah ora karuwan akehe. Bral-brol ora etungan. Saben wong teka menyang omah , mulihe banjur disangoni. Sing lanang disangoni rong puluh ewu, sing wadon sepuluh ewu. Neng kono dikongkon mangan sawarege udele.

Telung sasi saka pilihan lurah, desa Karangkidul ana ontran-ontran maneh. Swasana ing desa Karangkidul sing maune wis tentrem bali geger. Esuk uthuk-uthuk wayahe wong-wong budhal menyang sawah wong –wong padha nggrumbul neng pinggir sawah karo lungguh galengan, ora enggal-enggal tandang gawe, sebal-sebul rokokan karo ngrembug kedadean mau bengi.
“Ya, Kadiya , mandhega !” Kartija nyapa Kadiya sing kebeneran liwat.
“Apa, Kang ?,” wangsulane Kadiya karo mandheg.
“Wis krungu kabar ?”
“Kabar apa, Kang ?”
“Lurahmu”.
“Lurah sapa . Lurah Wira ta ?. Kenek apa Lurah Wira ?” pitakone Kadiya ngangseg.
“Mau bengi lurahmu di tangkep,” kandhane Kartija.
“Lha ngapa ditangkep ?”.
“Lha kowe ki apa ora ngerti tenan pa piye ?. Genah ndhekemi randha teles kulon kali ngono lho.”
“Randha Sarmi?”, kandhane Kadiya sajak ora percaya.” Wah, lurah ra genah.”
Sauntara wong-wong padha meneng-menengan ora ana sing ngomong.
“Lha karepmu piye ?” pitakone Kartija mbukani omongan maneh.
“Lha piyeee? Sesuk ....... yaaa...... demonstrasi maneh, golek juragan anyar,” kandhane Kadiya karo nglungani grombolane wong-wong mau.

4 komentar:

paromo suko mengatakan...

lajeng wonten ing ngajeng kelas pak guru ngendika :

bocah-bocah, liding carita: jaman saiki samubarang kalir bisa direkayasa, kepengin oleh dhuwit akeh: ngrampog bayaran sing lagi dijupuk saka bank, rada luwih akeh maneh: dadi markus; akeh banget: korupsi!
nanging yen apese wis teka: kepleset barang sepele banjur konangan, kulawarga lan sanak kadang melu isin.
tindak culika mono bakal ana wayahe konangan.
mula cah, kowe kabeh padha budidayaa dadi wong kang utama

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Matur nuuwun mas Paromo, sampun kersa nggentosi kula. Lha kula leyeh-leyeh ngeluk geger ingkang sampun radi kenceng.

mawaradi mengatakan...

Ya lagi iki demo didadekake profesi, mula ing ngendi-endi ana demo, wong ana sponsore.Ingkang langkung cilaka menika demo ingkang ngrusak tatanan, kadosta nyawati mobil ingkang lembe langkung, sarana umum dipun ancuraken, kampusipun piyambak dipun risak lan sanes-sanesipun.Gek jaman apa iki?

bahtiar@gmail.com mengatakan...

seneng tenan kulo moco tulisan-tulisan wonten blog meniko .. :)

salam,
bahtiar

Pengikut

Matur Nuwun ...