Selasa, 20 April 2010

DURSASANA MBALELA


Angin midit saka kidul. Nunjem menyang balung sungsum rasane sangsaya kemrekes. Dhasare mangsa ketiga wis rada ngerak. Kayon-kayon katon obah katiyup angin ketiga katon kaya tangane wong kemlawe njaluk tulung. Suket-suket padha garing katerak ketiga dawa. Sesawangan ing ngendi –endi katon garing mekingking awerna soklat tuwa, pratandha wis suwe ora mambu banyu udan. Mung swarane gangsir ngenthir lan jangkrik ngerik nerak ing sela-selaning sepi ing tengah wengi. Swarane manuk dares lan dhokan saut-sautan wiwit sore ora leren-leren, gawe kekes lan mrindinge githok sing padha ngrungokake. Ora ana sabawane wong kemliwer. Kahanan negara Ngastina tintrim.
Raden Dursasana, adipati Banjarjunut legog-legog lagi kapetengen galih. Ora marga saka menggalih putri Plangkawati nanging lagi menggalih kahanan negara Ngastina kang lagi kataman dahuru. Para nayaka praja kang kondhang kautamane nembe saiki konangan boroke. Pranyata ora kaya sing dicritakake para dhalang yen negara Ngastina panjang, punjung, gemah ripah loh jinawi ayem tentrem karta tata tur raharja. Akeh para nayaka praja ing negara Ngastina kang laku ngiwa, nalisir ing angger-anggering negara. Negara ing manca praja kang cedhak manglung kang adoh tumiyung ora karana ginebaging prang amung saking pepoyaning kautaman mung kari unen-unen. Akeh negara jajahan ing tepis wiring padha owah kiblate, mbeguguk angutha waton njongkeng kawibawaning negara.
Para mantri bupati kang biyen kontap kautamane putus ing ulah kaprajan saiki padha sikut-sikutan. Golek slamete dhewe-dhewe.yen biyen padha girang gumuyu padha bancakan bandha negara saiki katon kucem. Jaman saiki negara Ngastina kena dipindhakake ngalami jaman kala rakatha utawa jaman lakune kepithing. Jamane para nayaka lakune miring. Ora ana sing sing wani ngatonake dhadhane. Iki lho dhadhaku, endi dhadhamu. Jamane para warangka praja ora wani ngendika bares, apa anane.
Para warangka praja kang minangka dadi pandam pandoming kawula dasih pranyata beda, teba kosok balen pindhane lor karo kidul. Pangandikane mung lelamisan, ora nganti tumeka jroning batin. Kamangka ing saben –saben panggonan ditulis nganggo aksara Jawa gedhe-gedhe “Sabda lan laku kudu nyawiji, sing sapa jujur bakal luhur ,” mung kanggo samudana, mung kanggo abang-abang lambe. Sanajanta sesanti ditulis gedhe-gedhe ing saben pojoking alun-alun lor lan alun-alun kidul kutha raja Ngastina, saben dalan, saben lurung, malah-malah ditulis ing saben payoning omah para kawula wiwit ing sajeroning kutha nganti para kawula alit sing manggon ing pucaking pagunungan.
Jroning batin R Dursasana kepingin supaya negara Ngastina bisa pulih kaya mau-maune.Para kawula suyud marang para nayaka ora karana wedi dipidana nanging karana asih. Ing wektu iki para kawula ora rumangsa oleh keadilan. Akeh para kawula saka karang pradesan padha laku pepe (demo) ing alun-alun kutha raja Ngastina, nggugat para pecalang (pulisi desa) kang tumindak sawenang-wenang. Randha-randha wira negara (pahlawan) isih meksa diseret marang sasana pradata jalaran ngenggoni omah negara. Kamangka umure ya wis tuwa kari ngenteni timbalane Gusti Kang Maha Kawasa.
Raden Dursasana duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga, lir sinebit talingane, sinosog merang segedheng bel mubal dahana. Jalaran prajurit ing Tirta Tinalang andhahane Raden Kartamarma mikut piyambake, didakwa arep tinggal glanggang colong playu, ninggalake negara Ngastina. Kamangka piyambake arep mertamba menyang pertapan Dorawicara sowan menyang padhepokane begawan Ganda Maruta.
“Lho, ingsun mung arep sowan menyang padhepokan Dorawicara”, ngendikane R Dursasana.
“Boten kepareng gusti. Menika sampun dados pranatan ing negari Ngastina”, sumaure prajurit Tirta Tinalang.
“Ingsun arep mertamba. Yen wis rampung sesuk esuk bakal bali menyang kadipaten. Ora bakal neka-neka”.
“Boten kepareng. Menawi jengandika badhe tindak kedah wonten idi palilah saking Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun.”
“Endi layang dhawuhe?”
“Ha inggih boten wonten. Kula menika prajurit ingkang tinanggenah njagi tata tentreming negari. Sok sintena warangka praja utawi para nayaka lan para sentana dalem ingkang badhe tindak dhateng sajawining rangkah kedah wonten idi palilah saking Ingkang Sinuwun.Samenika jengandika kawula aturi kersa tindak dhateng sasana pradata ”
“Salahku apa? Aku ora duwe salah apa-apa.”
“Lha sumangga karsa. Mangke jengandika dhawuh wonten sasana pradata. Jengandika dipun lanjrad (landraad). Panjenengan dhawuh dhumateng para warangka praja ingkang tinanggenah ing prekawis menika”, wangsulane prajurit kang njaga tepis wiringing negara.
Rumangsa kalah papan R. Dursasana nuruti karepe para prajurit diirit menyang sasana pradata. Apa maneh karcis palwa gegana sing menyang pratapan Doracara wis entek. Ora ana sing ngerti apa kang kedadean ing sajerone sasana pradata Watara kira-kira wayah sirep wong lagi dikeparengake kondur menyang kadipaten Banjarjunut.
Esuke, koran-koran lan televisi negara Ngastina masang ing headline-e “ Raden Dursasana ditangkep. Raden Dursasana ditangkep“ kanthi aksara kang gedhe-gedhe.

Sigeg gantya kang winursita. Sang bagaskara wus arsa manjing ing dhasaring pratala. Gumantya sang Hyang Sasadara anglenggahi dhampar kedhaton.Kartika aglar ing cakrawala, ngabyantara sumewa marang sang retnaning dalu. Asri kawuryan. Sirep kang bala Ngastina manjing patilemaning sowang-sowang.
Kocapa, ing kadipaten Banjarjunut Raden Dursasana nganakake konperensi pers. Para juruwarta saka saindenging negara Ngastina padha nganakake wawan sabda karo Raden Dursasana.
“Iki bukti yen negara Ngastina wus ora bisa ngayomi para nayaka praja. Ingsun wus rumangsa ora diwongake . Kamangka ingsun iki isih kadang pribadine Ingkang Sinuwun. Kena apa negara ora bisa ngayomi marang jenengingsun?”, mangkono pangandikane Raden Dursasana marang para juruwarta.
“Negara Ngastina iki rusak jalaran saka pokale para nayaka sing nerak angger-angger negara. Ingsun wis ngendika si Dhadhap, si Waru sing dadi sumbere prekara iki, kudu dipriksa luwih dhisik. Mengko mesthi bakal kawiyak sapa sing dadi sumbering prekara.Ingsun isih tresna marang negara iki. Negara Ngastina ingsun bela nganti pecahing dhadha wutahing ludira”.
“Gusti, sinten si Dhadhap lan si Waru?”pitakone juru warta.
“Iku prekara gampang. Paribasan suwe mijet wohing ranti. Apa kurang cetha? Si Dhadhap iku inisiale BE A.ngerti. Pawongan iki sing penggaweyane ngrekayasa perkara ing negara Ngastina. Apa kurang jelas ?” pangandikane Raden Dursasana.
“Jelas menika tegesipun dipun jejeli gelas lho Gusti ?”, kandhane juru warta.
“He, aja glenyengan “
Bambang Aswatama Sing rumangsa didumuk raden Dursasana kajiyat atine banjur enggal-enggal nganakake konperensi pers. Ora kalah kencenge Bambang Aswatama ganti ndumuk kaluputane raden Dursasana.
“ Aku . Oleh pirang prekara aku ngrekayasa perkara. Pancene tepungku karo para nayaka praja iya becik. Apa iku tegese aku ngrekayasa perkara ? Sing mesthi R Dursasana uga katut ing prekara iku. Paribasan tengu ing imbanging gunung katon ngegla, nanging gajah ing tlapukan ora cetha”
“ Yen pancen ana buktine aku ora bakal suwala. Rangketen aku !”, kandhane Bambang Aswatama karo malangkerik.
Pancen panggung sandiwara negara Ngastina isih muleg kaya beluke rokok wong sakampung dadi siji. Uwel-uwelan campur bawur ora ana bedane. Sing salah lan sing bener katon ora ana bedane. Jalaran kabeh padha pintere.Dhandhang bisa dadi kontul, kontul bisa dadi dhandhang saking pintere para pokrul bambu. Para kawula padha bingung. Endi nayaka sing kena dadi panutan , endi sing kena dadi tuladha.
Wetan gunung, kulon ya gunung, ning tengah-tengah ana segara. Ora mung wayange wae sing bingung, malah dhalange pisan ya dhalang gemblung, bisane mung ngarang crita ngayawara.
Tancep kayon. Cuthel.

10 komentar:

mawaradi mengatakan...

Wah critanipun muyeg pak Ugeng, pantes dipun pentasaken, nanging kula nyuwun Petruk dipun dalaken.Gayeng menika, menapa malih dipun keliraken wonten istana negara, wah warangka praja mesthi mirsani. Matur nuwun gambaripun.

Kang Sugeng mengatakan...

wuih... ngantos bingung kulo Pak dhe, dospundi niki cara ngomentari?

jan critanipun puercis kados wonten pagelaran wayang

Pak Ugeng mengatakan...

Pun, sakersane njenengan lah !

Kombor mengatakan...

Menawi dalem raos-raosaken, kadosipun dalem sakmenika manggen ing Ngastina. Para nayaka ing nagari dalem njih pun sami laku miring.

Mugi-mugi Pengeran saged paring pepadhang dumateng para nayaka praja menika supados nagari saged paring katentreman dumateng sadaya warga.

Pak Ugeng mengatakan...

Amiiin !

Paromo Suko mengatakan...

whalah, rak tenan ta
sajake sing salah ki pancen sing momong, ya patih sengkuni kae, jajal aku tau krungu grenenge ngenani durmagati (selagibisa, 3 apr 08)
ruwet ta!
sing ruwet maneh ki dalange! lha wong njur kudu ndhalang sing pakeme malih dadi bubrah kok
apa ra rekasa!
jare sing nonton (para siswa)
sing leres niku sing pundi ta , ki?

Pak Ugeng mengatakan...

Pancene dhalang nuruti "selera konsumen".Menawi ngangge pakem, ngendikane mbah Suro sampun boten pajeng.
Bab leres lan boten, sesa-sesa dhateng ingkang mastani, menawi rujuk lan cocog inggih leres. Mila wonten unen-unen, benermu, benerku lan bener sejatine bener. Makaten mas Paromo ?

mawaradi mengatakan...

Lo rak rame tenan ta, negara Ngastina tambah umeg.Pak Ugeng, kula nyuwun lampahan Srikandi mandung. Bab prabeya, kula namung sumangga.

Pak Ugeng mengatakan...

Beres pak Pur, tengga "tanggal mainnya"

bahtiar mengatakan...

marai tentrem neng ati moco crito iki ... :)

kurmat kulo,
bahtiar

Pengikut

Matur Nuwun ...