Rabu, 05 Mei 2010

DALAN IKI


Dalan iki,
dak ambah kanthi ati semplah
nguber playune penguripan
tanpa juntrung lan tanpa pungkasan
kaya semplahe pager-pager bubrah sadawane dalan kang dak ambah
pating blengkrah
ati ngregeyong nggendhong sanggan
matumpa-tumpa tanpa tandha bakal suda
mung golek upa
o, Gusti ...nyuwun ngapura

suket teki nyengunguk padha celuluk
krungu sambate ati tumetes ing lemah padhas
kekayon padha takon menyang ngendi
jangkahing sikil nuruti derenging ati.
watu-watu dadi saksi bisu tumapake driji
napaki dina-dina kang tansah teka
nggawa sangsara
nggawa panalangsa
tanpa bisa suwala
o,Gusti .... nyuwun ngapura

dalan iki
biraten pedhut anggubel laku
tuntunen marang papan kang tanpa panandhang
menyang panggonan kaya suwarga
ora ana sangsara
ora ana panalangsa

dalan iki
dadi seksi gantine jaman
dadi seksi owah-gingsiring kahanan
dadi seksi sepur lempung isih mlaku turut lurung
nanging dalan iki
isih tetep kaya wingi uni

3 komentar:

paromo suko mengatakan...

ooo ati
ingkang ngubeng-ngingerake panyawang
mulata marang Hyang Kang Ngasta Samubarang
ngrerepaa, sesambata, nyenyuwuna
supaya wadining urip
tinarbuka dadi lelipur

bahtiar@gmail.com mengatakan...

seneng tenan atimu moco geguritan iki ...

uluk salam,
bahtiar

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Kagem mas Paromo : Amiin.
Kagem mas Bahtiar : Matur nuwun.

Pengikut

Matur Nuwun ...