Jumat, 14 Mei 2010

BU GURU LALI


Sing arep dakcritakake kedadean neng kutha Surabaya. Masalah kampunge utawa desane ora susah dak terangake, sing cetha Surabaya.
Ana sawijining bu guru dak tulis wae bu Ani (jeneng singlon) mulang ana ing Sekolah Dasar. Bu Ani nalika semana ngelesi (les privat) bocah kelas loro ana ing sekolahan. Bubar mulang sing samesthine banjur wiwit mulang les bocah-bocah . Miturut ngendikane bu Ani les privat mau suwene rong jam. Les diwiwiti jam setengah siji.
Sawise bocah-bocah les padha mlebu kelas, banjur diparingi soal, dikongkon nggarap muride. Bocah-bocah anggone nggarap ya temenan. Ora ana sing gojegan, ora ana sing rame. Pancene wis didhawuhi ora pareng rame. Dhasare muride ya pinter-pinter lan tansah ngestokake dhawuhe guru, mula kelase mau ya ora rame lan sing penting ora ana sing tukaran.
Kocapa bareng kira-kira wayahe mulih, kira-kira wis jam setengah telu. Wong tuwa sing padha methuk, sing biasane lungguhan ana ing ngarep sekolahan goreh atine , wiwit padha takon. Wis jam setengah telu kok durung diulihake?
Banjur ana salah sijine wali murid sing kepingin weruh, mlebu sekolahan. Bareng dideleng , lho gurune kok ora ana ? Wali mjurid mau nggoleki ngubengi sekolahan, di goleki mrana-mrene ora ketemu. Wali murid banjur takon menyang bocah-bocah sing padha les: “ Ke mana bu Guru ?”.
Wangsulane bocah-bocah: “ Nggak tahu, tadi keluar”.
Wali murid mau nggoleki maneh ngubengi sekolahan, ketemu pak kebon sekolahan sing lagi turu neng dhuwur bangku, banjur diatkoni. Wangsulane iya ora ngertine. Pak kebon ora mulih ya merga nunggu bocah-bocah nganti rampung lese.
Pak Kebon bareng ditakoni wali murid ya bingung banjur nelpon salah sawijining pak guru.sing mulang ana kono. Guru iki mau ya wis kondur wiwt jam siji mau, malah kondure paling keri dhewe. Rumangsa tanggung jawab pak guru mau banjur mara menyang sekolahan.
“Dhateng pundi bu Ani, ;pak ?” pitakone pak kebon bareng pak guru teka ing sekolahan.
“Aku ya ora ngerti. Aku mau rak mulih keri dhewe. Lha saiki apa bocah-bocahe apa durung diulihake?”
“Dereng.”
“Coba dak tilpune. ,” ngendikani pak Guru. Bareng ditilpun HP ne ora diangkat. Tilpun nganggo nomer omah uga ora diangkat. Batine, menyang ngendi wae bu Ani iki ? Pak Guru uga melu bingung.
Ngerti kaya mangkono pak guru banjur ngendika karo wali murid, : “Sudah pak sekarang dipulangkan saja. Sekarang sudah hampir jam empat.”
Bocah-bocah padha didhawuhi mulih. Wali murid akeh sing nggremeng. Pak guru banjur ngutus pak bon ,”Saiki njajal golekana menyang daleme !”
Temenan pak bon banjur mara menyang daleme bu Ani. Saka kadohan bu Ani wis leyeh-leyeh ana ngarepan karo nyomak-nyamuk sajak mentas dhahar.
“Bu Ani , panjenengan wau ngelesi napa mboten ?” pitakone pak bon.
“O, iya. Aku lali !,” wangsulane bu Ani gragapan.

Komentar sampeyan piye ca ? Dak tunggu !

Ket: gambare nyilih.

4 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Bu Ani umure piro tho Pak? lha kok wis pikun, kethoke isih enom tur ayu

Mia Kharisma mengatakan...

Wah ... puniko naminipun Bu Ani botem tanggung jawab. Kagungan tugas pun tinggal kondur ngantos kesupen puniko menowo boten tanggung jawab lajeng menopo tho ????

Agung Cerihandono mengatakan...

Bu Ani gokil..!!

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Katur mbak Mia Kharisma : Ngaten nggih lulus sertifikasi niku ...

Katur mas Agung Cerihandono : Matur nuwun rawuhipun

Pengikut

Matur Nuwun ...