Selasa, 10 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (5)


EJAAN BASA JAWA SUROBOYOAN .
Ejaan basa Jawa Suroboyoan JTV nganggo dhasar ejaan Basa Indonesia, nanging ora mesisan. Kahanan iki nyebabakae guru basa Jawa ing sekolahan-sekolahan lan masyarakat dadi bingung. Apa pancen sengaja digawe bingung? Conto sing dakalami : nalika aku pesen stempel menyang tukang stempel ana tulisan nganggo “aksara Jawa : SUKRO” sing ditulis nganggo taling tarung (o) , kamangka asline tulisan iki benere ora nganggo taling tarung (nglegena, wuda, tanpa sandhangan).Guru basa Jawa ing sekolahanku nulis “Gubernur Sutiyoso” uga nganggo taling tarung , sing sabenere nglegena, tanpa sandangan, wuda. Yen guru wae wis bingung (sing notabene sarjana) apa maneh muride, sangsaya ora karu-karuwan. Kahanan iki disebabake dening kisruhe (rancu) panganggone ejaan basa Jawa lan ejaan basa Indonesia. Contone : ora ana bedane t lan th, d lan dh , e lan é utawa è, sarta ora ana aturan panganggone aksara (huruf) sing bener. Kahanan kaya mangkono iku sing dialami dening editor lan redaktur JTV.


Swara jejeg lan swara miring.
Ing basa Jawa sing diwulangake ing sekolahan Surabaya sing saiki, ana istilah : Swara jejeg lan swara miring.
Swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asal ucapane
Conto : O diwaca O, kaya ing tembung soto, bodho, loro, jodho, toko. I diwaca I , kaya ing tembung siji, mili, pipi, driji. U diwaca U kaya ing tembung : untu, buku, luru, turu. A diwaca A kaya ing tembung : sapa, mata, bata, jaka.
Swara miring yaiku swara sing wis owah saka asal ucapane .
Conto : O diwaca A, kaya ing tembung : kodhok, bosok, popok, tonton. I diwaca E, kaya ing tembung : kain, salin, main, ngalih. U diwaca O, kaya ing tembung : sarung, taun, balung, baut. A diwaca A kaya ing tembung : barang, papan, dalan, jaran.
Tembung lingga (kata dasar) sing nduweni swara miring lumrahe yen ditambahi panambang (akhiran) E bali menyang asale.(I) Conto : sarung (sarong, sarung (BI)) dadi sarunge, balung (balong) dadi balunge, kalung (kalong, kalung(BI)) dadi kalunge, baut (baot, baut (BI)) dadi baute, salin (salen, salin (BI)) dadi saline, kain (kaen, kain (BI)) dadi kaine lsp.
JTV = dengkol (lutut), taon (tahun), ngaleh (pindah), kaen (kain), maen (main), dileh (dilih), ngedokno (ngedukno), nunjok (nunjuk)
Tembung-tembung ing ngisor iki kepriye panulise ?
1. balong (tulang), balong (kubangan air), bolong (berlubang) , moncol (terbit), moncol (menonjol)
2. Pentil sing tegese woh sing isih enom, Pentil sing tegese puting (BI), Pentil sing tegese karet sing kanggo nglebokake hawa ing ban.
3. Batuk (dahi), matuk (cocok), kotak (kotak), otak-atik (direka-reka), otak-otak(nama makanan), tutuk (pukul), bati (untung)
4. wedok (perempuan), wedi (takut), ater-ater (awalan) di , duduk (bukan), dobol (keluar organ dubur), ngedol (menjual), modar (mati), ngedol (menjual)
5. Panambang E : desoe (desanya), aksie (aksinya), unie (bunyinya), mburie (belakangnya), joloe(jalanya), matenie (mematikannya), rencanae (rencananya), dtemoknoe (ditemukannya)

Panambang no = ake.
Sakno = mesakake, dibalekno = dibalekake, nglebokno = nglebokake, nyampekno = nyampekake, ngarepno = ngarepake, dikramatno = dikramatake, nanggungjawabno perbuatane = nanggung jawabake, nibakno = nibakake.
JTV = HP anyar diisino pasir (?) , Perda larangan ngerokok mulai disosialisino (?).

Dudutan (kesimpulan):
Redaktur lan editor JTV anggone milih tembung mung sakepenake dhewe, mbokmenawa alesane wong Surabaya iku egaliter, terus terang, tanpa basa basi, apa anane.Bab iku ora salah bener nanging apa wong Surabaya ora nduweni sopan santun sing diwujudake ing tataran basa. Basa Medura wae ana tataran basa, yaiku basa alus lan basa kasar , mosok wong Surabaya ora duwe.
Saran :
1. Tulung JTV njupuk tenaga editor saka jebolan Universitas Surabaya jurusan basa Jawa, sing manggone ing kutha Surabaya. Dak kira jebolan mau cukup mumpuni ing babagan Paramasastra.
2. Yen pancen kepingin nggawe aturan tata bahasa baru kanggo basa Suroboyoan , kudu adoh mikire lan kudu konsisten. Perkara “perkecualian”, sabisa-bisa dikurangi.
Sing repot, yen ana wong gendheng ngomong sakarepe dhewe pas kebeneran ana redaktur utawa editor JTV liwat krungu tembung mau, banjur tembung mau ditayangake ing JTV . Lha yen ngene iki sing gendheng wonge sing ditiru apa sing niru ? Piye ca komentar sampeyan ?
Tamat.

9 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Untung isih ana sedulur sing peduli ngurip-urip basa Jawi, matur nuwun Pak Ugeng kula taksih saged sinau basa Jawi lewat Blog panjenengan, matur nuwun ugi dumateng Mas Kandar lan Pak Pur. Monggo terus semangat nge Blog mawi basa Jawi.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Matur nuwun sanget panjurungipun. Mugi-muugi tansah wonten kekiyatan kangge nggesang-nggesangaken basa Jawi.

mawaradi mengatakan...

Artikele wis tamat, akeh banget pituduh sing bisa dijupuk minangka referensi ngundhakake kawruh.... kepriye para murid .....seratus kagem pak Ugeng.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Matur kasuwun.

Munawar AM mengatakan...

maturnuwun kagem pak ugeng ingkang sampung kersa rawuh teng Blog kula.

paromo suko mengatakan...

lha kula kok malah remen kalih fotone sing dipasang teng nginggil niku ta pak guru,
lha pripun,
niku celak kalih griya kula je.
mben ndinten kula nek medal kudu liwat nggen ngriku niku, mpun meh kawan sasi niki, bledug tur mergine ajur,
mbuh pripun njing nek udan, sida blethok thok

(punapa anggen kula nyerat mawi basa krama madya sampun leres, pak?)

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Lha rak temen, pethuk guru anyar. Mas Paromo, sak niki empun kathah guru basa Jawa sing boten ngerti bab basa Madya, kados Madyakrama, Madyantara, Madya Ngoko. Senajan sampeyan sanes guru, kula tengga seratane, minangka nara sumber sing sakniki empun "langka". Rak ngoten, mas Paromo?

paromo suko mengatakan...

nuwun sewu pak,
punapa kepareng blog panjenengan kula gandheng dateng blog kula?

Jaka Lelana mengatakan...

sewu lepat nyuwun sih pangaksami, panci leres wekdal sapunika basa jawi kados sampun kathah ingkang ical Pak,malah-malah wonten ing jawa tengah kemawon kathah kaneman ingkang mboten pirsa punapa punika unggah ungguh basa, pramila dalem ngaturaken agunging panuwun kanthi lantaran blog punika dalem saget belajar kathah,paling mboten saget dalem trapaken dateng diri kawula pribadi wonten ing masyarakat,

Pengikut

Matur Nuwun ...