Rabu, 18 Maret 2009

PTK,, Penelitian .....



Jagading pendidikan Indonesia sangsaya suwe sangsaya maju. Bab apa bae sing maju? Kabeh !Yen diurut saka kira-kira taun sadurunge taun suwidakan, jaman semana lulusan Sekolah Rakyat ditambah sekolah 4 taun wis bisa mulang. Sekolah mau karan SGB utawa sekolah Guru B. Ing taun iku uga ana kursus guru sing diarani KPKPKB. Ing jaman semana miturut dongengane banjur diplesetake dadi Koplo Koplo Kabeh.

SGB dalah KPKPKB banjur disuwak dening pemerintah, nuli dianakake Sekolah Guru A utawa SGA. Siswane, SGA yaiku njupuk saka lulusan SMP. Suwene sekolah 3 taun. Para guru sing duwe ijazah SGB kudu kursus maneh kanggo nyalarasake (menyesuaikan) golongan pangkate ing KGA utawa Kursus Guru A. SGA lan KGA banjur diganti jenenge dadi SPG lan KPG.
Ing taun sangangpuluhan dirasa dening pemerintah lulusan SPG ora cukup ngelmune kanggo mulang SD mula SPG banjur dibubarake. Sabanjure didegake D1 (Diploma 1) utawa D2.
Akeh panyaruwe saka masyarakat yen asil lulusan sekolah Indonesia "tidak siap kerja" mula pemerintah majibake yen para guru kudu sarjana. Sanajanta sarjana yen durung oleh sertipikat mengajar mengkone bakal ora oleh mulang. Kamangka ing wektu iki guru-guru sing durung sarjana sa Indonesia isih puluhan ewu.
Kanggo ningkatake "kesejahteraane" para guru pemerintah kanthi menehi anggaran 20 % saka anggaran belanjane negara. Kanthi kawicakasanane pemerintah mau, "masa depan guru" sangsaya cerah. Mula para kanca utawa sapa bae sing kagungan putra putri, goleka mantu guru. Iki temen ca, jalaran nasibe guru saiki cerah temenan. Ora kaya taun sadurunge taun pitungpuluhan, ana peraturan pemerintah bab sistem penggajian sing diarani PGPS. Ya mung bae PGPS mau banjur diarani Pinter Goblog Padha Sewu. Nanging jaman samono dhuwit sewu kuwi ya wis lumayan ca !
Masa depan guru sing cerah mau diibangi pemerintah njaluk supaya para guru nyambut gawe ne anggone mulang kanthi temen. Aja nganti asile Ujian Nasional jeblog.
Salah sijine syarat kanggo "kenaikan tingkat" utawa sertifikasi yaiku PTK yaiku Penelitian Tindakan Kelas.
Maksud PTK mau apik, iku jelas ! PTK kanggo mangerteni asile mulang para guru. Samangsa ana kekurangan banjur didandani ing dina candhake. Rak apik ta ca ?
Ning ya ngono, PTK bisa dadi "Puusing jalaran gawean akeh banget. Tekanan dharah mundhak amarga bola-bali salah. Klenger krana ora rampung-rampung. Piye ca ? Sampeyan ya wis rampung ?

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...