Kamis, 06 November 2008

Wangsalan ing tembang.

Serat Rerepen anggitan KGPAA Mangkunagara IV

Pangkur

1.
Jirak pindha munggwing wana (1),
sayeng kaga (2) we rekta kang muroni (3),
nyenyambi kalaning nganggur,
wastra tumrap mustaka (4),
pengikete wangsalan kang sekar pangkur,
baon sabin ing nawala (5),
kinarya langen pribadi.

2.
Senthe lit sasaneng arga (6),
lenging roga (7) mina kinarya dhesti (8),
nglelejar lajering wuyung,
sikatan bang ngrembaka (9),
pinisuka kasukan saananipun,
wimbaning kang candrawela (10),
mrih purna pranaweng kapti.

3.
Sarkara drawa linama (11)
gelang sweda (12) kramane marah siwi (13)
ilang laliyeng wulangun,
mundhu lit dhaonira (14),
lumeketing kayuwananireng kayun,
parab madyaning Pandhawa (15),
sarjua arjaning dhiri,

4.
Singgang gung kang piniyara (16),
mardi siswa (17) kakawinireng estri (18),
wineh winulangken wadu,
peputhut mong Pregiwa (19),
kang sumewa pasewakaning kalangun,
pangrantamaning pradangga (20),
sesendhonan genti-genti,

5.
Wicara tanpa karana (21),
bebasane janma nunggal sapanti (22),
ngayawara tanpa dunung,
sampang panggilap wreksa (23),
peprenesan linaras resmining kayun,
narmada lit ngalang marga (24),
tan liya amung ngrerepi.


Batangane :
1. Kesambi.
2. Kala.
3. Anggur.
4. Iket.
5. Karya . Sawah 1 karya = 4 bau.
6. Kajar.
7. Tlanjer.
8. Iwak dhuyung.
9. Kembang soka.
10. Purnama.
11. Kilang.
12. Ali-ali.
13. Mulang.
14. Claket.
15. Arjuna.
16. Winih.
17. Mulang.
18. Wadu.
19. Cantrik Janaloka.
20. Sendhon.
21. Ngayawara.
22. Dunung.
23. Prenis.
24. Kali.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...