Senin, 17 November 2008

Serat Jayengbaya

Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita.
Asmaradana


9.
Lamun nuju sasi becik,
bancang-bancang sanak ngundang,
matang suku pamanjere,
yen wis tekaning semaya,
tekaku aneng papan,
den iring rehku gumrudug,
labete wong dadi ngarsa.


10.
Pinethuk kang duwe kardi,
sawise den suba-suba,
sakancaku wareg kabeh,
banjur manggon ing pagongan,
lungguhku aneng ngarsa,
natap gendhing kalaganjur,
gumer gumuruh angangkang.


11.
Nuli gendhing gedhe muni,
manira angasta rebab,
pacakku amenglang-mengleng,
menga-mengo sarwi warah,
lelagone bremara,
angler runtut pangrebabku,
tan garantes lir garantang.


12.
Sagunging para priyayi,
yayah kerut ing pangraras,
obah kabeh sarandhune,
ana kang nggeterken asta,
tanapi molah jangga,
janggilengan monthak-manthuk,
munthukku ora karuwan.


13.
Meh tanpa meneng samenit,
muni maneh wis karenan,
karana sagung suguhe,
tan ana kang kuciwa,
tukon tike katekan,
tekan sajen sajeng sindur,
tebok tampah tumpa-tumpa.


14.
Sabubare banjur mulih,
bareng bari ronggengira,
ngiras main karo ngombe,
ngumbar swara turut marga,
lakuku geluyuran,
anggepku kaya kumendhur,
mung kacek tan nganggo srempang.


15.
Atiku seneng kepati,
bisa main tanpa beya,
biyen-biyen mbok mangkene,
awakku uwis kepenak,
pan ora kedhungsangan,
tur tinut sakeh kancaku,
prasasat wis meh madana.


16.
Nanging melangku sathithik,
yen nuju kanggo nayuban,
nabuhi priyayi akeh,
ga ana sawiji ingkang,
mbeksa mundhut gendhingan,
kang arang kanggo ing tayub,
aku rada palingukan,


17.
Dhedhasare aku iki,
kabeh gendhing durung bisa,
banjur disawat hergelek,
mak pres bathukku kang kena,
beling tumancep mata,
sapandhapa hoter umyung,
mung muni : niyaga edan.


18.
Ah wis nora kudu dadi,
niyaga lamun kaetang,
untunge mung nistha bae,
dhuwite cukup sapitrah,
yen marengi cilaka,
bathine bathukku buncur,
mata picak mek-emekan.


Tegese tembung :
lamun = yen, apabila.
bancang-bancang = gage-gage , cepat-cepat.
matang suku = 4 suku. 1 suku = 0,5 rupiyah.
pamanjere = porsekot.
semaya = janji.
rehku = andhahanku, bawahanku, anggotaku.
labet = jalaran, karena.
ngarsa = ngarep, ngayun, panggedhe, pemimpin.
kardi = karya, gawe, hajat.
den suba-suba = disuguhi, dikurmati, dihormati, dijamu.
pagongan = panggonan gong, tempat gamelan.
natap gendhing = nuthuk gendhing, memainkan lagu.
kalaganjur = jenenge gendhing, nama gendhing.
gumuruh = rame, gemuruh.
angangkang = ngumandhang, menggema.
manira = aku, kula, ulun, ingsun, ingong, ingwang, saya.
pacakku = gayaku.
sarwi = sarwa, karo, sambil.
bremara = kombang, ngumandhang.
garantes= sedhih, memilukan hati.
priyayi = para yayi (adhik raja), kerabat ratu, bangsawan.
yayah = kaya, kadya, lir, pendah, pindha, seperti.
pangraras = nglaras, ngematake, menikmati.
sarandhune = sakojur, seluruh tubuh.
tanapi = ora keri, lan, dan, selalu.
jangga = gulu, leher.
janggilengan = njinggleng, memperhatikan.
munthukku = bombongku, rasa bangga saya.
karenan = kalegan, kasenengan, puas.
karana = jalaran.
tike = rokok.
sajeng = inuman keras, tuak.
sindur = kain.
tebok = tampah cilik.
tampah = wadhah sing digawe saka nam-naman pring wangune bunder.
tumpa-tumpa = tumpuk-tumpuk, bola-bali, ambal-ambalan, berulang-ulang.
bari = barek (Sby), karo.
ronggengira = tandhake, tledheke, sing njoged, penari.
ngiras = njajan ing warung(restoran).
marga = dalan, jalan.
kumendhur = komandan, commander.
seneng kepati = seneng banget.
tinut = tut + in = ditut, diikuti.
madana = kaya wedana. wedana = pangkat sandhuwure camat.
melang = kuwatir.
mbeksa = njoged, menari.
hergelek = botol wadhah inuman.
umyung = rame, horeg, geger.
sapitrah = beras 2 (rong) beruk, 2,5 kilogram.
buncur = bocor.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...