Selasa, 04 November 2008

Dukun Ing Karangdlima.

Wacan ing ngsior iki pethikan saka novel Srikuning reriptane S.Harjawirogo. Awujud sastra gagrag anyar (sastra gaya baru). Basane isih nganggo basa krama. Dibabar dening Balai Pustaka taun 1953 kang isine critane wong-wong padesan (masyarakat umum) lan gesehing panemu antara wong enom karo wong tuwa ing babagan salaki-rabi (perkawinan, percintaan) sing dipeksa dening wong tuwane.

Dhukun Ing Karangdlima.

Wonten dhusun mregil, kepetang tebih saking kitha, nanging kerep dipundhatengi ing priyantun-priyantun kitha tuwin tetiyang ing pedhusunan kanan-keringipun ngriku. Dhusun ingkang mregil wau karan dhusun Karangdlima, kebekta pamedalipun dlima saking ngriku punika kathah, misuwur ageng tuwin ecanipun. Dene dhusun wau kepetang dhusun badran enggal, yasanipun Kyai Amadrawi, tiyang sepuh ingkang mungkul dhateng agami. Anggenipun bebadra wonten ing ngriku punika kepetang saweg gangsal-welasan taun. Ing salebeting gangsal-welas taun wau sampun saged wujud dhusun ingkang ketel tetanemanipun, dene enggalipun dhusun wau ketitik anggening dhusun ngriku dereng anggadhahi wewayangan dhusun, inggih punika wit-witan ageng ingkang saged ketingal saking katebihan.
Amadrawi punika kepetang tiyang ingkang wekel ing damel, saged matrapaken anggenipun abale-griya. Griyanipun cekli, ing ngajengan wonten langgaripun, balumbangipun ageng, kejogan utawi ambucal toya, dados balumbang toya gesang. Tetanemanipun ing pekarangan sanes tetaneman ingkang dados baku asilipun, sadaya namung ingkang pinanggih sakeca wonten sesawangan, bangsaning sesekaran, ngantos awujud patamanan. Ing langgar wonten bedhugipun, ing kalanipun wanci subuh, manawi dipun tabuh, swantenipun andharendheng kemirengan ing saepal mubeng, kados sabawaning tiyang ajak-ajak mangastuti ing Gusti. Griyanipun, sanadyan alit, pinanggih nyekapi kabetahan, resik gumrining dumugi lataripun. Kawontenan sadaya wau saged nenarik dhateng sengsemipun para tamu.
Ing sakawit Amadrawi punika lugu tiyang neneka, sareng bebadra wonten ngriku lajeng dipun tresnani ing tiyang, jalaran saking remen tetulung manawi wonten tiyang suker-sakit, ambiyantu nyetiyaraken jampi, manawi wonten tiyang kesripahan ambiyantu damel. Dangu-dangu Amadrawi dados paran jujugan saha tetep dipun wastani dhukun.
Amadrawi punika sampun ngumur 75 taun, tiyang kathah sami nyebut "Kyai". Gesangipun tanpa kanthi, namung dipun ladosi ing rencang jaler kaliyan bojonipun, nama Trunangali. Saupami jaman rumiyin, memper dipun wastanana "Pandhita". Kyai Amadrawi punika sanadyan nyatanipun tiyang dhusun , ugi kathah ingkang ngajeni, kabekta saking tiyang sepuh tuwin ginemipun lugu, saha ngrumaosi anggenipun dados tiyang bodho.
Tetiyang ingkang sumerep, amastani: Kyai Amadrawi punika tiyang ingkang begja gesangipun, manahipun maligi, boten kagodha ing kamurkan, nedha sawontenipun sampun rinaos sakelangkung eca tuwin munpangati, nyandhang ngangge punapa kemawon sampun dados pamarem, swanten ing wanci sepen adamel sengseming manah. Samanten bedaning raosipun tiyang ingkang saged ngraosaken kamirahaning Pangeran, beda sanget kaliyan kajenging kamurkan, niyatipun namung badhe tanpa pamarem, saben kasembadan punapa ingkang dipun sedyakaken, malah andadra mungkaripun.
Kyai Amadrawi tanpa kendhat kedhatengan tamu saking pundi-pundi, sami gadhah perlu warni-warni, wosipun sami pados pitutur ingkang damel mareming manah. Tamu ingkang sami dhateng dalu, ngantos byar saweg sami wangsul. Tumrap ingkang boten mangertos, anggadhahi welas dhateng Kyai Amadrawi, dene tiyang teka tanpa ngaso babar pisan. Nanging tumrap Amadrawi piyambak, tamu ingkang tanpa kendhat wau malah andadosaken kasenenganipun, rumaos manawi anggening kedhatengan tamu wau malah dados kanca bingah-bingah.
Nuju dinten Ngaad, wanci jam enem enjing, Kyai Amadrawi linggih piyambakan wonten ngemper ngajeng. Rainipun resik, ketingal tandhanipun mentas sembahyang subuh. Kyai Amadrawi ngundang rencangipun : "Truna, renea!" Sareng Truna dhateng Kyai Amadrawi nglajengaken wicanten: "Ngomah mau yen wis koresiki, gelarana klasa maneh. Iki dina Ngaad, sok ana dhayoh".
Truna : "Boten sok mawon, Kyai, ngriki punika jeg-jegan tamu tanpa kendhat, tengah dalu inggih sok wonten tiyang dhateng."
Kyai Amad : "Wis ta, aja sok ngrupakake pikiran. Wong sugih dhayoh iku nandhakake yen ditresnani sanak sadulur. Kowe malah wajib ngucap sukur".
Truna : "Kula ngaten abdi, Kyai, nyambut damel rinten dalu namung seneng. Ingkang murugaken kula ragi anggruneng, punika rak saking anggen kula murinani panjenengan. Panjenengan punika rak sampun yuswa , saksat boten nate ngaso".
Kyai Amad : "Aja sok duwe pikiran mangkono, ora becik. Kasamaran iku bisa ngringkihake kabatinan. Wong kang ringkih batine, gampang kataman sabab bebayaning awak. Upama kowe ngerti, Truna mesthine malah bungah yen kowe weruh aku kerep kedhayohan, dene aku duwe rewang lelinggihan. Saupama aku ora duwe dhayoh , sapa rewangku. Wis kana, Truna , menyanga buri".
Sayektosipun Kyai Amadrawi piyambak inggih ragi gumun, teka tiyang kathah sami gadhah kapitadosan dhateng piyambakipun, kerep wonten tiyang nedha pitulung kapurih anjampeni tiyang sakit. Manawi wonten tiyang ghadhah panedha makaten wau, rekadayanipun boten wonten sanes namung dipunpituturi ingkang sakinten saged anocogi dhateng raosipun ingkang nedha pitulung. Sadaya wau kabekta saking berkahing tiyang sepuh, saged adhedhasar kajembaran.
Kyai Amad nalika saweg linggih piyambakan wau sumerep kaledhanging tamu, lajeng nyapa: "Iki apa Mas Jana, ya?"
Sujana : "Inggih, embah."
Kyai Amad: "Mruput temen, le. Angkatmu mau rak isih peteng?"
Sujana: "Ingih, embah, Ngaad-Ngaad, ngiras mlampah-mlampah. Pancenipun inggih badhe bidhal siyang-siyangan, nanging sarehning sarengan kala wau dalu jagong dhateng Kuwaron, badhe wangsul mantuk kenyengklengan, mila lajengan sowan ngriki pisan, tiyang niyat kula badhe sowan mriki."
Kyai Amad:" Kowe kuwi samar yen anggonmu mrene tak anggep ala nganggur, ta. Ora dadi ngapa, Jana. Wong iku kang dadi rak niyate. Wis kene linggih cedhakan wae. Padha slamet? Sapa Kuwaron kang duwe gawe?"
Sujana: " Wilujeng, embah. Ingkang gadhah damel Surasentika."
Kyai Amad: "Surasentika sing sugih kae. Duwe gawe apa?"
Sujana: " Bresih dhusun. Ageng-agengan, embah."
Kyai Amad: "Wong bresih desa yen ora gedhen!"
Sujana: "Anggen kula mastani ageng-agengan punika tiyang bresihipun dhusun boten mawi urunanipun tiyang kathah, dipun kuwaweni piyambak."
Kyai Amad: " Elo, kadingaren teka kemloprah temen. Mangka Surasentika iku misuwur nyuthiki kacang ijo. Apa dhayohe ya akeh?"
Sujana: "Wah sampun, tumplak blak, tetiyang dhusun Kuwaron dalah kanan-keringipun, dhateng sadaya."
Kyai Amad: "O, he-eh, he-eh. Tontonane apa, le?"
Sujana:" Ringgit wacucal, lampahanipun Wahyu Cakraningrat."
Kyai Amad: "Wah, kok pinter anggone milih lakon. Mesthine tumrap sedulur ndesa, milih lakon iku iya mawa karep. Apa kowe ngerti kareping Wahyu Cakraningrat?"
Sujana: " Dereng, embah."
Kyai Amad: " Tak dongengi, mung cekakane bae. Lo, kuwi wedang apa, Truna?"
Truna: " Wedang bubuk, kaliyan ketan."
Kyai Amad: " Kowe kuwi bisa nuju, kaya pasemon kae: wedang bubuk sakriyuk, nggo tamba ngantuk. Kajaba aku dhewe ngantuk, iki Mas Jana iya ngantuk. Anu, Mas Jana aku kepatuh kaya dhek isih enom, dhemen sembranan. Kono wedange ombenen, mumpung isih panas, kumepyar. Truna, jupukna slepenku, kae, ana ing bangku buri."
Kyai Amad sasampunipun nampeni slepen, lajeng mendhet srutu satunggal, dipun sukakaken Sujana tuwin wicanten: "Ududen. Geneya teka koiling-ilingi ?"
Sujana: " Punika srutu Sigago."
Kyai Amad:" Ayah, kowe kuwi anggarap wong tuwa. Kowe kuwi rak teges pitakon: sapa sing aweh? Berkahing priyayi akeh, thole. Aku tak mbacutake kandhaku bab lakon Wahyu Cakraningrat. Kuwi cekakane mangkene. Wahyu Cakraningrat iku wahyuning kamulyan, wahyuning kanugrahan, iya cekakane ratu-ratuning wahyu. Pancen wahyu iku kang tansah dadi pangajapaning manungsa, nanging wahyu mau tumibane mung ana ing wadhah kang becik temenan, kareping becik iku: suci. Dadi kang ketiban, iku iya wong kang suci temenan. Mung tumraping panjangka, samubarang panjangka apa bae sok dileregake, yen kasembadane mau saka ketiban ing Wahyu Cakraningrat. Nanging iya wis kena, awit sawarnaning panjangka iku iya wis nganggo lelambaran kabecikan, lan tekad kang mantep temenan. Mulane tumibaning wahyu menyang Raden Angkawijaya, tegese Raden Angkawijaya kang wewadhahe menang becik, tinimbang kang duwe karep liya-liyane. Yen ngelingi lelakon kang kaya mangkono mau, anggone Surasentika milih lakon mau, mesthi ana karepe. Ing kana ana lelakon apa ta?"
Sujana: "Kados boten wonten lelampahan punapa-punapa."
Kyai Amad: "Aku krungu jare lurah desa ing Kuwaron munggah kaji?"
Sujana: "Ingih, malah wartosipun ngajal wonten ing purug."
Kyai Amad: "Innalillahi. O, yen mangkono dadi lurah desa ing Kuwaron saiki lowong. Gek sapa, ya , sing dadi?"
Sujana: " Dereng wonten, embah. Anu, embah, sayektosipun anggen kula sowan mriki badhe nyuwun pangestu, kula sageda kadhawahan wahyu lurah dhusun."
Kyai Amad: "Aku ki soki gumun menyang kekarepaning para nomnoman, wong prakara ngono kok digolekake sarat, kuwi rak dudu anggone. Lha, wong yen bisa nyarati kang kaya ngono, teneh ora ana tatanan kang bener. Anu, thole, dadi saiki aku ngerti, mesthine anggone Surasentika duwe perlu mau iya ana ambu-ambune kepengin katiban wahyu lurah desa, tandhane nganggo nganakake lakon Wahyu Cakraningrat, iku rak minangka pamuji menyang awake. Kajaba iku iya perlu golek daya supaya disuyudi ing wong akeh."
Sujana: "Sanadyan makatena, namanipun wahyu, inggih pundi ingkang kuwawi kedhawahan."
Kyai Amad: "Yen ngelingi mangkono, dadi kowe ya kudu ngerti, yen wahyuning drajat, iku kena disaranani saka tindak kenalaran, tegese lair. Ora liya mung kudu sarana lelabuhan kang becik. Lha, kowe anggonmu omah ana ing Patrarejan wis tau duwe lelabuhan apa? Lan maneh kowe kuwi rak dudu wong balabag Kuwaron ta?"
Sujana: "Inggih sanes balabag Kuwaron, nanging kula gadhah bengkok sabin wonten ing Kuwaron. Dene prekawis lelabetan, rumaos kula inggih sampun kathah."
Kyai Amad: "Yen saka rumasamu dhewe, iku durung kanggo. Ala -beciking lelakon, iku tinemu ing pamawasing liyan. Angel, thole, anjangka wahyu iku. Yen gampange becik diselehake, iku gumantung ana ing kabegjan. Geneya nganggo kogagas-gagas?"
Sujana: "Boten, embah. Sayektosipun kula punika gadhah kajeng sanes... "
Kyai Amad: "Elo, karep apa maneh, thole ?"
Sujana wicante seret: "Anu, embah, sayektosipun kula punika kepengin mengkoni anakipun pak Surasentika, ingkang namanipun Srikuning punika."
Kyai Amad mireng ginemipun Sujana ingkang wedalipun seret wau, keraos ngeres ing manah, lajeng nyawang dhateng Sujana, saha lajeng tumungkul kembeng-kembeng. Salajengipun wicanten: "O, Sujana, bareng aku krungu gunemmu kang mangkono, atiku krasa ngeres, aku ngerti yen atimu mesthi rusake. Nanging kepriye ta, mungguh ing jejodhoan, iku iya luwih gawat. Yen piandeling wong tuwa, jodho iku dudu gaweaning manungsa. Saya tinemune ing jaman saiki, jejodhoan iku, tumraping wong tuwa ora merdika temenan panguwasane menyang anak, iya ana rasane gumantung menyang bocah kang arep anglakoni, iku iya luwih gawat. Yen aku ngelingi suwargi embahmu iku sedulurklu tuwa, aku wajib melu ngembat apa kang dadi kekarepanmu. Nanging kepriye, ngger, ewuh anggonku minangkani, awit wong jejodhoan iku kelakone dudu bangsane sarat lan guna pengasihan, gampangane kudu ana kang nglakoni, wong tuwa kari nerusi."
Sujana: " Embah, sayektosipun, manawi pun Srikuning makaten inggih sampun wonten sajak-sajakipun purun kula pendhet, nanging tiyang sepuhipun boten lila sanget manawi kula pendhet. Awit pangajeng-ajeng tiyang sepuhipun sageda anakipun laki angsal anakipun tiyang sugih."
Kyai Amad: "Iki iya jeneng ora kleru, pancen wis mathuke mangkono, sugih padha sugih, dadi sing ngepek mantu wong mlarat iku jeneng nyaleneh. Lan maneh, thole, kowe kuwi tumrape karo Surasentika jeneng memungsuhan rangkep, sepisan padha rebutan ngarah drajat, kaping pindhone ngarah anake. Rekasa kowe, ngger. Wis ta, mangkene bae, Sujana, kowe becik narimaa, prekara ngarahmu menyang anake Surasentika iku prekara buri. Kang luwih perlu kowe saiki tumemena anggonmu nyambut gawe. Tinemuning kanugrahan iku, utamane ora kaya kang jalaran dilakoni kalawan tumemening gawe. Wis, ngger, kowe muliha."
Sujana tampi wewarahipun Kyai Amad wau, sanadyan namung lugu rembag, inggih adamel mareming manah, saha lajeng pamit wangsul. Kyai Amad nyawang dhateng lampahipun Sujana ngantos tebih. Sareng sampun boten ketingal, lajeng ngucap : "Muga kasembadana apa kang dadi karepe putuku Sujana."

dipethik saka : Srikuning, Harjowirogo, Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, J.J.Ras, 1985.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...