Kamis, 27 November 2008

Serat Kalatidha

Anggitan : R. Ng. Ronggawarsita

Sinom

1.
Wahyaning arda rubeda,
Ki Pujangga amengeti,
mesu cipta matiraga,
mudhar warananing gaib,
sasmitaning sakalir,
ruweding sarwa pakewuh,
wiwaling kang warana,
dadi badaling Hyang Widdhi,
amedharken paribawaning bawana.


(Wetuning pepenginan kang murka (ala), sang Pujangga angeling-eling (membuat catatan), ngetog (memusatkan) pikiran anglakoni prihatin, nyingkap aling-aling kang ora kasat mata, sasmitane samubarang kang ndadekake ruwed, samubarang sarwa pakewuh, sawise kasingkape aling-aling, sang Pujangga minangka dadi wakiling Hyang Widdhi kanggo medharake kahahane donya.)


2.
Mangkya darajating praja,
kawuryan wus sonya ruri,
rurah pangrehing ukara,
karana tanpa palupi,
atilar silastuti,
sarjana sujana kelu,
kalulun Kalatidha,
tidhem tandhane dumadi,
ardayangrat dening karoban rubeda.

(Saiki darajating (martabat) negara, katon wis suwung, rusak tatananing negara, jalaran ora ana tuladha (conto) sing becik , kabeh ninggalake aturan (tatanan). Para sarjana (wong pinter), para sujana (wong becik) katut kaelun jaman Kalatidha. Wis ora ana tandhane ngaurip, wong sanagara kelem padha nandhang sangsara (alangan)).


3.
Ratune ratu utama,
patihe patih linuwih,
pra nayaka tyas raharja,
panekare becik-becik,
parandene tan dadi,
paliyasing Kalabendu,
malah mangkin andadra,
rubeda kang ngreribedi,
beda-beda ardane wong sanagara.


(Ratune satemene utama, patihe peng-pengan, para nayaka mung murih raharjane negara, para punggawa apik kabeh. Ewasamono ora bisa dadi sarana ilange jaman Kalabendu, malah sangsaya ndadra kasangsaran sing disandhang. Beda-beda angkarane (pepenginane) wong sanegara).


4.
Katatangi tangisira,
sira sang paramengkawi,
kawileting tyas dhuhkita,
kataman reh wirangi,
dening upaya sandi,
sumaruna anarawung,
pangimur manuara,
met pamrih melik pakolih,
temah suka ing karsa tanpa weweka.

( Sang Pujangga kawetu tangise lan rumangsa trenyuh, sedhih kataman wirang (?), jalaran kena fitnah, ing sajrone pasrawungan (masyarakat). Tembung manis kanggo panglipur atine Sang Pujangga nanging sejatine golek pamrih kepingin entuk asil, temahan atine seneng nganti ilang pangati-atine (Sang Pujangga)).


5.
Dhasar karoban pawarta,
babaratan ujar lamis,
pinudya dadya pangarsa,
wekasan malah kawuri,
yen pinikir sayekti,
pedah apa aneng ngayun,
andhedher kaluputan,
siniraman banyu lali,
lamun tuwuh dadi kekembanging beka.

( Ana kabar santer banget warata sanegara yen sang Pujangga arep didadekake pangarsa (panggedhe), nanging wekasane malah kancrit (ora katut). Yen dipikir temen-temen, paedahe apa dadi pangarsa yen mung nggedhekake luput lan lali, wusanane malah dadi jalarane sangsara)


6.
Ujaring Panitisastra,
awewarah asung peling,
ing jaman keneng musibat,
wong ambek jatmika kontit,
mengkono yen niteni,
pedah apa amituhu,
pawarta lalawora,
mundhak angraranta ati,
angurbaya ngiketa carita kuna.


(Kitab Panitisastra wus menehi pepeling yen ing jaman kena musibah (ora tentrem ) wong sing temen, jujur malah kasingkur. Mula pedahe apa nggugu kabar sing ngayawara, mundhak ngreranta ati. Luwih becik ngiket (ngarang) carita kuna.)


7.
Keni kinarya darsana,
panglimbang ala lan becik,
sayekti akeh kewala,
lalakon kang dadi tamsil,
masalahing ngaurip,
wahananira tinemu,
temahan anarima,
mupus pepesthening takdir,
puluh-puluh anglakoni kaelokan.

(Kena kanggo conto, kanggo nimbang ala lan becik. Satemene akeh banget lelakon sing kanggo tamsile (ibarat) wong urip. Wekasan narima ing takdir, puluh-puluh nglakoni kaelokane donya).


8.
Amenangi jaman edan,
ewuh aya ing pambudi,
melu edan nora tahan,
yen tan melu anglakoni,
boya kaduman melik,
kaliren wekasanipun,
dilalah kersa Allah,
begja-begjaning kang lali,
isih begja kang eling lawan waspada.

(Ngalami jaman edan, sarwa ngewuhake pikir, arep melu edan ora tahan, nanging yen ora melu, saupama ora nduwe melik, wusanane kaliren. Dilalah kersaning Allah, begja-begjane sing lali isih begja sing eling lan waspada).


9.
Samono iku bebasan,
padu-padune kepingin,
enggih mekoten man Dhoplang,
bener ingkang angarani,
nanging sajroning batin,
sajatine nyamut-nyamut,
wis tuwa arep apa,
muhung mahas ing asepi,
supayantuk parimarmaning Hyang Suksma.


(Wong duwe panemu kaya mangkono iku rak wong kepingin,"Ya ngono man Dhoplang ?", pancen bener sing ngarani. Nanging ing jerone batin adoh banget. Wis tuwa arep apa?. Luwih becik ngedohi praja (manggon ing papan kang sepi), supaya antuk asihe kang Maha Kuwasa)


10.
Beda lan kang wus santosa,
kinarilan ing Hyang Widdhi,
satiba malanganeya,
tan susah ngupaya asil,
saking mangunah prapti,
Pangeran paring pitulung,
marga samaning titah,
rupa sabarang pakolih,
parandene masih taberi ihtiyar.


(Beda karo sing wis santosa, dililani dening Hyang Widdhi. Sanajan satiba malange ya ora susah golek asil. Saka mangunahe (pitulung) Gusti, jalarane saka sapepadhane titah, sakabehane tansah oleh (begja, untung), sanajan mangkono isih gelem ikhtiyar).


11.
Sakadare linakonan,
mung tumindak mara ati,
angger tan dadi prakara,
karana wirayat muni,
ihtiyar iku yekti,
pamilihe reh rahayu,
sinambi budi daya,
kanthi awas lawan eling,
kang kaesthi antuka parmaning Suksma.

(Dilakoni sakadare, ora ngaya, anggere ora ndadekake prekara. Jalaran ana riwayat sing ngandhakake ikhtiyar iku satemene ndadekake karahayon. Disambi golek, mbudidaya kanthi paugeran awas lan eling ).


12.
Ya Allah Ya Rasulullah,
kang sipat murah lan asih,
mugi-mugi aparinga,
pitulung ingkang martani,
ing alam awal akir,
dumununging gesang ulun,
mangkya sampun awredha,
ing wekasan kadipundi,
mila mugi wontena pitulung Tuwan,


(Ya Allah, Ya Rasulullah, kang kagungan sipat welas lan asih, mugi-mugi panjenengan paring pitulungan, ing alam awal (donya?) lan akhirat. Kadospundi jejering gesang kula, kamangka kula sampun sepuh. Kawontenan negari punika kados pundi Gusti, mugia panjenengan paring pitulung).


13.
Sageda sabar santosa,
mati sajroning ngaurip,
kalis ing reh aru-ara,
murka angkara sumingkir,
tarlen meleng malatsih,
sanityasa tyas mamasuh,
badharing sapudhendha,
antuk mayar sawatawis,
borong angga suwarga mesi martaya.

(Sageda kawula sabar santosa, pejah salebeting gesang, kalis saking ara-uru, sadaya angkara murka saged sumingkir. Boten sanes kawula namung nggolongaken tekad, mugi manah kawula tansah pinaringan sesuci (kasucian), supados ical sapudhendha (siksa), saged entheng sawatawis. Sang Pujangga pasrah jiwa nenuwun kaswargan ingkang isinipun boten owah gingsir (abadi)).

Cathetan :
1. Kala = jaman, wektu. Tidha= tidha-tidha, ragu-ragu, tansah kuwatir.

2. Ing ukara pungkasan saben wanda kapindho tinemu sandi asma : bo RONG angGA suWARga meSI marTAya = Ronggowarsita.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...