Jumat, 07 November 2008

Serat Jayengbaya


Karangan R. Ng. Ronggawarsita.
Buku iki dikarang sepisanan nalika panjenengane isih pangkat mantri jajar (pangkat sing paling endhek ing kraton), durung dadi pujangga kraton Surakarta Hadiningrat.


Asmaradana


1.
Kidung kadresaning kapti,
yayah nglamong tanpa mangsa,
hingan silarja jatine,
satata samaptaptinya,
raket rakiting ruksa,
tahan tumaneming siku,
karasuk sakeh kesrakat.

(Tembang kanthi tumemene ati sanadyan kaya wong dleming tanpa wayah, nganti sayekti tata, tansah siyaga ing karep, ngadhepi karusakan, tahan marang sesiku, nampa barang kang kesrakat.)

2.
Kaenakaning ngaurip,
nora kaya blantik jaran,
bisa tegar esuk sore,
durung untung wis kepenak,
lamun ana bendara,
anon jaran kempitanku,
wangune rada karenan.

(Kepenake wong urip, ora kaya blantik jaran. Bisa tegar esuk sore, durung untung wis kepenak, yen ana bendara weruh jaran daganganku, sing ketoke rada seneng.)

3.
Banjur aku den timbali,
"Kakang, Kakang marenea",
jaranmu aku ceceg,
saurku gampang kewala,
"O, inggih kasinggihan,
awis wonten emperipun,
kuda kang kadi punika.

(Banjur ditimbali: "Kakang, aku cocog karo jaranmu". Wangsulanku gampang bae:"Inggih, Kasinggihan, manawi kapal ingkang kados punika wonten emperipun menawi awis.")

4.
Sawise den pariksani,
durung nganti takon rega,
banjur nganyang dumalodok,
limang atus bayar kontan,
den entol sawatara,
nora suwe mundhak satus,
tur iku nganggo nrerepa.

(Sawise dipriksani banjur nganyang sanajan durung takon rega. Limang atus bayar kontan, dientol sawetara, nora suwe diundhaki satus karo ngrerepa supaya diwenehake.)

5.

Dasar wis oleh bathi,
temene rada kakehan,
sun -saosken penganyane,
tan asuwe bayar krompyang,
ganep nem atus pethak,
tanpa ceblek cengklong cundhuk,
iya wong bendara mbludag,


(Dhasare aku wis oleh bathi, satemene mono ya rada kakehan. Panganyange tak wenehake , ora suwe dibayar kontan, ganep 600 rupiah. Tanpa kalong sethithik bae. Pancene sing tuku bendara (bangsawan).

6.

Banjur mulih anggawa dhuwit,
tetuku kang endah-endah,
kang larang-larang kang aneh,
tekan ngomah ropyan-ropyan,

ngundangi tangga cedhak,
banenku gar-ger gumuyu,
lir perkumpuling punggawa.


(Banjur mulih nggawa dhuwit. Tak tukokake barang-barang sing larang-larang, apik-apik, lan sing aneh-aneh kabeh tak tuku. Teka ngomah pesta nganggo ngundangi tangga cedhak. Swarane guyon ger-geran, kaya kumpulane para punggawa (pejabat pemerintah).

7.

Amung melangku sathithik,
yen nuju oleh kempitan,
jaran bendana myang bandhol,
lagi kepenake nunggang,
kaget ana swara,
njondhil aku tibeng pungkur,
den-slenthik endhasku pecah.


(Mung kuwatirku, yen oleh dagangn jaran sing giras lan bandhol (bandhel). Lagi kepenake nunggang, jarane kaget ana swara. Jarane njondhil, aku tiba menyang buri, kaslenthik jaran endhasku pecah).

8.
Saliraku adus getih,
poloku mili mbelabar,
kang weruh ngrubung mung nonton,
ah wis moh belantik jaran,
jaragan raganingwang,
panegar dudu trahipun,
angur dadia niyaga.


(Awakku adus getih, poloku mili mblabar. Sing weruh padha nonton, ngrubung. Ah, aku wis emoh dadi blantik jaran, pancene aku dudu turune panegar. Angur (luwih becik ) dadi niyaga.)

Ana tutuge ....

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...