Minggu, 22 Maret 2020

PONOROGO RIWAYATMU DULU ….



Wong Panaraga (Ponorogo) mesthi mongkog jalaran wis ewon taun kepungkur Panaraga wis ora wujud alas greng, alas gledhegan, alas gerotan, alas gung liwang-liwung, nanging ing kono wis ana pedhukuhan utawa desa kang wis reja. Kahanan iki ditulis ana ing prasasti Taji taun 823 Çaka utawa taun 901 M  (8 April).
Taji, saiki awujud pedhukuhan cilik kalebu wewengkon desa Gelang Lor kecamatan Sukareja (Sukorejo), saka Panaraga kutha arahe ngulon ngalor. 

1119 taun kepungkur ing Taji didegake kabikuan, asramaning wiku utawa pandita dening Rakryan Watu Tihang pu Sanggrama Dhurandhara. Asrama mau aran Dewasabha. Katrangan iki kacetha a na ing prasasti Taji kang unine mangkene:
“Swasti, çakawarşatita  823 caitramāsa, dwitiya kŗşņapakşa, wurukung, pahing, budha wāra, adityastha, anurādhanakştra mitradewatā, waryān yoga, taithila karana, tatkāla rakyan i watu tihang pu sanggrāma dhurandhara, manusuk lmah kbuankbuan  i taji ….”
Tegese ”Rahayu, ing taun Çaka 823, wulan Caitra (15 Maret-15 April), dina ka loro ing wektu panglong, (sadwara ) Wurukung, pancawara Pahing, (saptawara) Budha (Rebo), naksathra anuradha, yoga Waryan, karana Thaitila, nalika Rakyan I Watu Tihang maringi pratandha watu adeging sima ing lemah kebon-kebon ing Taji ….

Mula ora aneh yen ing wewengkon Panaraga akeh barang-barang kaya bata kuna, yoni, lumpang tinggalan mbah-mbah buyut ing jaman kuna. Barang-barang kuna mau becik diupakara lan dilestarekake kanggo bukti anak putu yen ing Panaraga jaman kuna wis maju.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...