Nalikane
Ardharaja weruh kumlebete gendera abang putih ing wetaning Hanyiru sanalika
Ardharaja banjur mangro tingal ninggalake prajurite R Wijaya bali menyang
Kapulungan. Saka Rabut Carat R Wijaya lumengser mangalor tumuju menyang
Pamwattan Pajeg (Pamotan). Pangangen-angene panjenengane kepengin njaluk
sabiyantu marang akuwu ing Terung Rakyan Wurwagraja. Mula ing nalikaning wengi
panjenengane sapandhereke banjur budhal liwat Kulawan, kaya kang disebutake ing
prasasti Kudhadhu ing ngisor iki.
… tkanikang wngi pwa ya ta, mangkat ta çrī
mahārāja mahawan i kulawan , wdidiran kekutana dening çatru, makanimittātyānta
kwehnikang çatru, ri tka çrī mahārāja i
kulawan, amanggih ta sira çatru, irikā çrī mahārāja binuru dening çatru
lumingsir ta çrī mahārāja mangalor, mungsire kembang çrī prayenira, ri tka çrī
mahārāja pwe kembang çrī, amanggih ta sira çatru muwah, binuru ta sira muwah,
irikā ta çrī mahārāja malayu mangalor amgat bangawan
sahabalanira kabeh, alanghwi ya garawalan ….
Tegese:
… tekaning wengi, Sri
Maharaja budhal ngliwati KULAWAN. Panjenengane wedi yen ditutake dening
mungsuh, jalaran saking akehing mungsuh. Nalika Sri Maharaja rawuh ing KULAWAN ,
panjenengane ketemu mungsuh. Panjenengane banjur dibujung dening mungsuh,
panjenengane lumingsir mangalor kang dituju Kembangsri. Ing kono ketemu mungsuh
maneh, banjur dibujung maneh. Sri Maharaja mlayu mangalor nyabrang bengawan
sapandhereke kabeh, padha gupuh nglangi ….
Papan panggonan kang
kasebut ing prasasti Kudadu ana kang saiki isih bisa dilacak nanging uga ana
panggonan kang nganti saiki durung bisa ditemokake. Panggonan kang bisa dilacak
kayata Kapulungan, Rabut Carat, Kambang Sri, Terung lsp. Nanging uga ana
panggonan kang saiki durung bisa diemokake kayata, Rembang, Hanyiru, Batang lan
Kudadu dhewe.
Ana papan sing saiki
mirip karo jeneng kang ana prasasti Kudadu yaiku Kulawan. Ana ing endi dununge
Kulawan?
Yen ndeleng toponimi
desa-desa ing kecamatan Ngoro, Mojokerto , ing sakulone tekuk Ngoro, ing kene
ana desa karan Lolawang. Kira-kira
desa iki sing biyene karan Kulawan. Desa iki mapan ing sadurunge Kuthagirang
(Kutogirang) arah saka desa Ngoro menyang patirtan Jalatundha.
Miturut prasasti,
nalika Sri Maharaja teka ing Kulawan , ketemu mungsuh, banjur dibujung mlayu
mangalor tumuju menyang Kembang Sri, ing kono isih dibujung banjur mlayu
mangalor nyabrang bengawan. Gambaran iki trep banget karo apa kang dicritakake
ana ing prasasti.
Banjur ana pitakonan
mesthine saka Pamotan menyang Terung mlaku ngalor ngulon, kena ngapa menyang
Lolawang ? Arah Lolawang saka Pamotan iku ngulon. Miturut dongeng dumadine
Candhi Pari, Pamotan iku papan kanggo ngemote pari kang arep disetorake menyang
Majapait. Pamotan tegese papan panggonan ngemot. Lamun bener, Pamotan iku biyen
wilayahe nganti teka pinggir kali. Ing
prasasti Kudadu disebutake yen Pamotan ana ing saloring luwah (kali).
Saliyane iku uga ana
panemu yen Kambang Sri iku saiki dadi dhukuh Bangsri ing kecamatan Sukodono.
Yen mangkono banjur ana ngendi dununge Kulawan?
Endi sing bener ?
Nyumanggakaken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar