Kamis, 02 Mei 2019

DONGENG MULA BUKANE RECA JAKA DHOLOK.


Negara Majapait lagi kesaput ing mendhung peteng. Prabhu Brawijaya lagi sekel penggalihe jalaran ratu ing negara Bali mbalela, arep njongkeng kawibawaning negara Majapait.
Ing desa Kandhang Gajah, kang isih kebawah Majapait,  ana mbok randha duwe anak lanang jenenge Jaka Dholok. Jaka Dholok sekti mandraguna, ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda. Bareng krungu yen sang Prabhu nandhang sungkawa, dheweke kepingin banget mbela tanah wutah getihe Majapait. Mula dheweke banjur sowan menyang negara Majapait.
Nalika samana ing Majapait lagi ana pisowanan agung. Jaka Dholok banjur sowan ngabyantara ana ngarsane Sang Prabhu,  Jaka Dholok banjur matur, “Kula sagah ngawonaken ratu ing negari Bali,”
Sang Prabhu Brawijaya rena penggalihe krungu ature Jaka Dholok, banjur ngendika, “Yen pancen mangkono, ingsun pangestoni, lamun prekara iki bisa rampung, apa panjalukmu ingsun turuti.”
“Sendika dhawuh, nanging kawula nyuwun inah tigang dinten.”
“Lho, kok ndadak nganggo inah barang.”
“Nun inggih, kawula badhe nenuwun dhumateng dewa ingkang akarya jagad , supados menapa ingkang dados gegayuhan kula saged kasembadan.”
“Taklilani, nanging aja pisan-pisan sira mblenjani janji. Lamun sira mblenjani janji bakal ingsun tigas gulunira.”
Sawise rampung anggone sowan, Jaka Dholok banjur bali menyang desane, age-age semedi ana senthong sing wis dicawisake.
Watara telung dina sawise entek inahe, Jaka Dholok durung ketara sowan maneh menyang Majapait. Sang Prabhu ngendika marang punggawa prajurit, “He prajurit, coba delengen kepriye kahanane si Jaka Dholok. Iki wis titi wancine Jaka Dholok budhal menyang pulo Bali.”
Prajurit sabregada banjur budhal menyang desa Kandhang Gajah nggoleki Jaka Dholok. Tekan omahe Jaka Dholok katon sepi ora ana pawongan siji-sijia. Sanalika lawang omah banjur dipeksa dibukak. Ditliti saben pojok,  ora ana. Nalika mlebu senthong, ora ketemu sapa-sapa, mung ana reca kang patrape lagi muja semedi. Pranyata Jaka Dholok wus malih dadi reca. Reca iki nganti saiki karan reca Jaka Dholok.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...