Sabtu, 11 Mei 2019

DONGENG DUMADINE RECA MENAK JINGGA.



Ing jamanipun Sang Prabhu Barawijaya IV kagungan putra putri setunggal, ingkang misuwur endah ing warni ngantos kawartos ing mancanegari, nami putri ayu Kencana Wungu. Sasuruting sang Prabhu Brawijajaya IV ingkang gumantos ratu inggih punika sang putri ayu, jejuluk Putri Kencana Wungu.
Ing waktu punika talatah tanah Jawi wetan ugi wonten karaton ageng satunggil, kithanipun ing Blambangan. Menggah ingkang jumeneng nata sang Prabhu Menak Jingga, misuwur ing kadigdayanipun, nanging wujudipun ing atas ing ratu awon warninipun, dedeg cebol kepalang, bathuk nunung mawi ciri pincang.
Pramila sang Prabhu Menak Jingga digdaya , awit kagungan limpung tosan jene, boten wonten barang ingkang boten tumama dhateng punika limpungipun.
Sang Prabhu Menak Jingga, senajan sang Prabhu piyambak, yen kagada limpung tosan jene punika, inggih nemahi seda.
Sareng sang Prabhu Menak Jingga mireng pawartos ing endah ing sang Putri Kencana Wungu ing Majapait, lajeng tindak piyambak anglamar dhateng Majapait; sang prameswari saha kelangenanipun inggih kabekta sedaya, nanging sang putri ayu Kencana Wungu nampik panglamaripun Prabhu Menak Jingga, temahan dados perangan; pra punggawa ing Majapait sami tumpes, boten wonten ingkang saged mengsah klayan sang Prabhu Menak Jingga ; wusananipun lajeng mesanggrah ing dhusun Trawulan, sawetanipun segaran kelangenanipun.
Ing waktu punika lajeng sang putri  Kencana Wungu manggih akal mrih konduripun sang Prabhu Menak Jingga dhateng Blambangan lajeng kabujuk menggah ingkang dados kersanipun sang Prabhu inggih dipunleksanani, nanging langkung rumiyin supados kondur dhateng Blambangan , benjing ngarak sangking Blambangan kemawon.
Sang Prabhu Menak Jingga inggih lajeng kondur.
Sakonduripun sang Prabhu Menak Jingga , sang putri Kencana Wungu angutus dhateng gungning purbongkara andamel reca gambaripun sang Prabhu Menak Jingga, sang prameswari tuwin para kelangenanipun ingkang peparab sang putri Pahita lan Puyengan ; sasampunipun punika reca dados terus kaseleh ing wetaning segaran minangka penget ; tuwin ing waktu punika sang putri ngupados minta sarya sinten-sinten ingkang saged amejahi sang Prabhu Menak Jingga badhe ageng ganjaranipun, yen sampun angsal minta sraya, saderengipun bidhal dhateng Blambangan dipunwuningakaken reca gambaripun sang Prabhu Menak Jingga supados sampun ngantos kalintu.

Katrangan :
Reca Menak Jingga mapan ing sawetane segaran Majapait, ing wewengkon candhi Menak Jingga. Reca iku saiki kasimpen ing Museum Majapait ing Trawulan, Majakerta, Jawa Wetan.
Miturut cathetan Walanda  reca kasebut diarani Mahakala utawa Bairawa. Nanging uga ana ahli sejarah kang ngarani garudha, jalaran ing burine ana gambar suwiwi.
Dongeng kasebut dicathet Walanda saka tuturane Ki Mangun Amidjaja sawijining dhalang wayang krucil ing waktu samana. 


 Gambaran candhi Menak Jingga jaman Walanda. Koleksi : KITLV kanthi sesirah : Ruïne van Modjo-Paid, Residentie Soerabaja., 1852. (Sumber : www.wilwatiktamadani.blogspot.com.)

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...