Nalika Sunan Kalijaga
kautus Sunan Ngampel, kautus nerangaken dhateng Bathara Katong anggenipun
bedhah Panaraga mawi mbeta rencang sekawan iji, wektu bedhug Sunan Kalijaga
kendel lenggah wonten sela tengah wana, lajeng mejang ngelmi dhateng rencang
sekawan wau. Rampung anggenipun mejang mireng suwanten nangis; sareng dipunpadosi
wonten ngandhapipun sela ingkang dipunlenggahi;
sareng kabrengkal ingkang nangis cacing. Lajeng kadangu: kowe cacing kok
dadi nangis. Cacing matur : mila kula saged nangis amargi mireng anggen
sampeyan mejang ngelmi dhateng tiyang sekawan punika; sapunika ugi kula nyuwun
dados manusa.
Sunan Kalijaga lajeng
ndedonga nenuwun dhumateng Ingkang Maha Sukci,
katrimah panyuwunipun: wau cacing dados manusa setri langkung ayu:
mumbulipun cacing ingkang dados manusa labetipun medal sumberipun; mila
kawastanan SUMBER UMBUL , awit
sapunika kangge tirahanipun tiyang ingkang sami sakit; utawi kangge
sadrananipun tiyang-tiyang ingkang ngemum sawabipun Sunan Kalijaga. Sunan
Kalijaga lajeng dhawuh dhumateng putri sangking cacing wau : kowe bakal dadi
ratu ana kene, sarta maneh antara dina aku bakal kirim bocah loro : yen wis
teka pilihen; yen kowe milih sing tuwa
sing nom dadekna patih : yen kowe milih sing nom sing tuwa dadekna patih; lan
maneh aku meling besuk manawa ana wong njaluk banyu kanggo ngombe inggal
wenehana ; wis aku takterus ing Panaraga. Sakpengkeripun Sunan Kalijaga sang putri
cacing katrajang peteng ngantos pitung
dinten, sareng sampun pajar wau wana dados kraton.
Antawis dangu putri cacing kadhatengan tiang kalih iji bagusipun
sami; ingkang sepuh nami Setrawijaya, ingkang nem nami Setramiruda sami remen
dhateng putri cacing, perkewet
anggenipun badhe ngarah.
Setramiruda lajeng
damel serat palsu, cariyos menawi piyambakipun tampi serat saking sabrang ler :
ungelipun serat panantang sampun sami perek wonten batil ; lajeng Sastrawijaya
lan Sastramiruda sami lumampah dhateng
batil , lajeng perangan sami rencangipun piyambak ; Setrawijaya kawon lajeng ambles dahteng siti lajeng
katututi klayan Setramiruda boten
kecandhak ; mila batil wonten guwanipun. Lajeng wangsul dhateng pondhokan .
Sareng dhateng pondhokaan wonten tiyang setunggal , sareng dipuntakeni ngaken
anakipun Kyahi Ageng Bayat. Naminipun Nerangkusuma , perlonipun dhateng ing
mriku badhe suwita ratu enggal. Setramiruda cariyos boten katampi , lajeng
nedha toya badhe dipunombe , boten angsal, lajeng dhateng sumur timbanipun
boten wonten, sumuripun lajeng dipuntepang
klayan Nerangkusuma , lajeng nggoling,
mila name SUMUR GUMULING.
Nerangkusuma lajeng
mlampah mengilen, lajeng kendel wonten ing wana damel pondhokan. Sareng sampun
dados , Nerangkusuma lajeng seda ; mila kendel lan kawastanan dhusun PONDHOK .
Boten antawis dangu
Suna Kalijaga rawuh saking Panaraga mundhut toya dhateng putri cacing kangge
ngunjuk boten angsal. Lajeng dhawuh dhateng putri cacing ; kepriye dhawuhku
biyen ? Aturipun putri cacing : kesupen.
Sunan Kalijaga dhawuh
malih malih : uwis yen mengkono wong wadon , biyen asalmu dadi cacing saiki
balia dadi cacing maneh. Mila kawastanan dhusun CACINGAN.
Sunan Kalijaga lajeng
mengaler kendel, sareng kengetan lajeng dhawuh : iki kraton maune alas saiki
ilang dadia alas maneh.
Mila kendelan wau
kawastanan KELINGAN labet kraton
kawastanan dhusun GELANG.
Dongeng ing dhuwur iku
kasebut ana ing laporan Dinas Purbakala Walanda 1905-6 . Ing bab afdeling Madioen
residentie Madioen, district Oeteran,
Padoekoehan Gelang, desa Dhaha.
Ing jaman biyen Sumber
Ngumbul iku banget wingite, malah dicritakake manawa ana manuk mabur ing
sadhuwure Umbul sanalika ceblok, mati. Ing pendhak sasi Sura dianggo nyadran wong-wong
ing sakiwa tengene. Pitakone : apa jeneng-jeneng desa utawa panggonan kng
disebutake iku saiki isih ana ?
Yen panjenengan arep
tindak mrono, gampang. Saka kutha Mediun ngidul , teka pos pulisi Ngumbul
menggok ngiwa. Ora adoh saka dalan gedhe Madiun – Panaraga. Saiki jenenge
diowahi dadi Madiun Umbul Square. Mangka square
tegese lapangan, jarene.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar