Minggu, 05 Mei 2019

PANDHITA DRONA MULANG MANAH.



Sang Pandhita Drona kepingin weruh sepira kapinterane manah  para putra raja kabeh kang dadi siswane. Sang pandhita nggawe entha-enthane manuk dhadhali saka wesi. Manuk mau dipapanake ana pucuking wit kang dhuwur banget. Para putra raja kabeh didhawuhi manah endhase manuk. Kaping pisan banjur ngutus sang Yudhisthira . Sawise menthang langkap anginceng prenahe manuk , banjur didangu dening Sang Pandhita :
“Anakku sang Yudhisthira, apa katon dening sira manuk dhadhali kae ?”
“Kasinggihan, bapa . Ketingal.”
“Apa katon kayu kang dipencoki manuk kae ?”
“Ketingal, bapa.”
“Apa katon wong-wong seduluria kabeh ?”
“Ketingal.”
“Wis, wis, wis. Tanpa guna sira menthang langkap. Ora bakal kena manuk dhadhali kae dening sira.”
Tumuli sang Duryodhana didangu. Wangsulane padha karo wangsulane sang Yudhisthira. Banjur ndangu sang Korawa kabeh, wangsulane padha karo Sang Duryodhana. Ora bakal sira kabeh bisa manah manuk kae. Pandhita Drona banjur ndangu marang sang Arjuna:
“Apa katon manuk dhadhali kae, anakku sang Arjuna?”
“Kasinggihan, Bapa.Ketingal.”
“Apa katon kayu kae ?”
“Boten.”
“Apa ingsun katon dening sira?”
“Boten.”
“Apa katon sedulurira kabeh ?”
“Boten.”
Sang Pandhita Drona meneng sadhela, banjur ndangu :
“Apa katonendhase manuk kae dening sira, uga awake ?”
“Boten.”
Mangkono ature Arjuna , lega atine Pandhita Drona, banjur dhawuh supaya nglepasake panah. Cumlorot panahe sang Arjuna. Sanalika tugel gulune si manuk kena panahe sang Arjuna.

Inti sarine crita mau, lamun wong nduweni gegayuhan kudu manther , pokus (focus) marang apa kang digayuh. Madhep, mantep, ati karep. Ora kena dlera-dlere satemah ora katekan sedyane . Kaya sang Arjuna, sing ana ing pikire mung gulune manuk, awak lan endahse manuk wis ora katon.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...