Jumat, 07 Juni 2019

DONGENGE CEKRUK TRUNA (1)


Ana sawijining wong, aran Cekruk Truna, umure kira-kira selawe taun. Dedege pideksa , dedeg lan dhuwure timbang, sedheng, ora endhek ora dhuwur, mung cacade ora ngerti sastra. Nalika ditinggal donya mboke, lagi umur wolung taun. Uripe kalunta-lunta, dheweke dipupu dening tanggane.
Saben dina diwenehi sandhang pangan cukup. Uga dingertekake tata krama, sanjan cara desa. Dhasar pikire lantip , prigel sabarang gawe. Yen disawang ora timbang karo wujude, ingatase bocah desa pikirane mulur. Ana ing pangengeran salawase tansah nandhang prihatin mula kang tansah diarep-arep mung sandhang karo pangan.
Pikirane nglantur, pikire mintir. Sinambi mikir Cekruk Truna tansah neniteni lelakone wong urip ing alam donya. Samubarang panggawe kang ora patut ora kudu dipaelu, supaya manungsa bisa urip mulya. Lakone wong urip manjer dadi piwulang, bisa kanggo kaca benggala, kanggo memulang dhiri pribadi. Cekruk Truna ngulir lakune pikiran, saupamane wong ngenger sesasi, banjur lunga nem utawa pitung dina, wiwit lair nganti umur selawe taun, yen digawe mubeng ngulandara bisa-bisa tepung tanah Jawa.
Saupamane wong ngenger sudagar, santri utawa priyayi tani ing desa yen ora wekel ing gawe, wiwit bocah tumekane tuwa wong kang kaya mangkono iku diarani wong bodho banget. Ngalor ngidul golek bendara, bingung sebab tansah ditampik, ora katarima.  Paugeran kaya mangkono wus kondhang wiwit biyen tumekane saiki, tuture wong kuna-kuna iku ngibarate setatblad.
Saben dina Cekruk Truna tansah ngulir budi, samubarang dipikir jero, nalare nganti entek enting, tansah nganggit ngrekadaya kang dadi pikiran, jangkane ati. Samubarang jangkane ati yen ora jinangkah, ora dilakoni, ora bakal klakon, kabeh mung kandheg ana ing angen-angen. Jangka kudu jinangkah.
Cekruk Truna nalare mintir, pinter, akale akeh. Nanging dhasare wong keset, dheweke mung kepingin mangan enak turu kepenak, ora gelem nyambut gawe. Sanadyan mangkono, sanadyan wong busuk, saben dina tansah ngulir budi apa kang bakal dilakoni.Kepriye carane mangan enak turu kepenak nanging ora ngrekasa.
Nuju sawijining dina, karo ngggawa putheking pikire, dheweke lunga saka desa. Lakune saparan-paran. Bareng rumangsa wis kesel, dheweke leren ing pinggir dalan. Ngeyub ana ana ing sangisore wit waringin, ing pinggir alas ana ereng-erenging gunung. Dhewekan ora ana rewange. Dheweke nggagas jroning ati, pikirane nrawang nganti sundhul langit. Mikir kepriye patrape wong urip ing alam donya, ora ngrekasa nanging bisa duwe kaya.
Sajroning mikir, dheweke nemu akal. Sakepenak-kepenake wong ngenger kuwi ora kaya ngenger tledhek. Nyandhang sarwa bagus, bregas, mangan enak, sabane warung. Pegaweane mung dipatah nggawa kinangan lan mayungi juragan. Senenge, kala-kala bisa nyenggol pundhake juragan. Saben dina nggendhong pengilon sinambi nyangking buntelan kacu abang, Isine kembang, wedhak kanggo pupuran, kembang lan lenga wangi. Gandane arum ngambar –ngambar katiyup angin angebeki pangganda.
Neng dalan bisa ngaliling, tansah cecaketan karo juragan. Paribasan mung let rong jangkah. Dhasare ayu, tur isih enom. Panganggone sarwa endah, tan lali ing wedhak pupur. Ngirit kanca pradangga , kendhang ditabuh ing ngarep dhewe, ngungkung krungu saka kadohan.
Ora suwe ana ing dalan. Ana wong kang ngundang, ditanggap dikongkon njoget . Opahe sababak rong wang. Yen anggone nanggap oleh telung puluh, digunggung nem rupiyah abang. Aku mesthi diparingi, saapes-apese oleh dhuwit patang wang, tambah maneh isih mangan jero, dadi ora kalong dhuwit. Cekruk Truna banjur gawe celengan saka bumbung pring petung. Wujude gedhe tur dawa, saben dina diiseni, wis mesthi patang wang.
Nadyan ora pinuju mbarang, Cekruk Truna isih bisa oleh asil. Isih bisa oleh dhuwit. Kadhang kala ana bujang kang ngongkon tuku tike, utawa panganan. Dheweke mesthi oleh persen. Opahe wis mesthi rong gobang, kadhang-kadhang bisa uga nganti sauwang. Ngono kuwi asile, sing mesthi digawe njajan. Iku sajabane patang wang. Saben dina dheweke bisa ngleboni celengan bumbung. Yen dietung-etung blanjane saben sasi bisa sepuluh rupiyah slaka. Setaun bisa rong puluh kethak (?) . Yen sepuluh taun bisa ngasilake sewu rong atus slaka dhuwit Nederlan.
Batine, saiki aku wis sugih brewu, dhuwitku luwih sapodhang. Satiba malange aku tansah kajen keringan. Awit ajining wong urip ing alam donya , awite pinter lan mulya janji jujur, kapinteran wirotama ingtyas. Utama-utamaning titah kang kanggo sampurnaning ngaurip , bandha donya iku banget gedhe prebawane. Yen madeg dadi ratuning titah , prasasat ngingu malaekat. Sakehing kasekten, kadigdayan, kanuragan iku saka bandha donya. Bandha donya bisa dadi ratuning pengasih, pengasihaning ngalam donya. Saben bangsa mesthi tresna marang bandha donya. Saupama ngarah putri utama gegamane uga saka dhuwit. Jalaran saka bandha donya barang kang cinipta bakal dadi.
Par a jamhur, para sarjana lan sujana sanadyan guru kasampurnan, para pujangga kang pinunjul ing jaman saiki kang diluru ora liya wetuning arta. Trahing wirya kusamadi, para prentah Walanda probur, adpokad, gupremen, rad pan Indi, presidhen, ora liya melik arta. Ora mung wong kere ngemis, kaki jambul, kabeh padha luru dhuwit. Dhuwit iku narendraning bumi, bisa dadi pangeraning jagad. Wis ana tandha cirine yaiku leter pinggiring semat. Gud simet ones, Gusti nunggal ing kawula.
Dhuwitku mbesuk takirit-irit, takulur nganti dawa. Saben sasi tambah-tambah saka wetuning anak putu. Sebab dhuwitku luwih saka sewu aku cukup mung mangan anakan, kaya-kaya ora bakal entek yen tak pangan salawase urip. Malah ora ngowahi babone, nak kemanak salawase. Malah wuwuh ora saya kurang. Wis mangkono kuwi lakune yen wong keduwe bandha bisa dadi mumpuni samubarang kawruh.
Gunung sangsaya diurugi, wong malarat saya dikuras, legok jurang dadi kalen. Wong sugih saben taun tambah, wong mlarat kemalingan, apese kena ing apus. Wong sugih dhuwit dipundhi-pundhi.
Mungguh sepira kuwasaning dhuwit, ibarate ratu-ratuning kadigdayan. Bisa kanggo bubak alas gedhe, diwalik sakala dadi negara. Ewon, leksan, wong-wong padha teka . Apa nate weruh tanah Dheli ing Sumatra biyen alas gedhe sanalika malik grembyang dadi negara jalaran sinebaran arta. Sakeh bangsa lanang wadon, lanang wadon padha teken kontrak prajangjian tampa dhuwit dikongkon nyambut gawe ana ing satengahing alas.
Kembang jayakusuma kang adi wenteh-wenteh katon ana bundering slaka. Kukum pati bisa dibatalake. Kawruh aji pancasona , aji bandung bandawasa sajak mung kena dumuk, ora liya saka bundering slaka.
Wong magang ngawula marang gusti, kumacelu bengkok sawah kang junge gedhe-gedhe. Dadi jongos Cina Landa milih akehing blanja, kaya mangkono iku saksine yen melik bundering slaka.


Dongeng ing dhuwur asline awujud tembang macapat, ora kaweruhan sapa sing ngarang.
Sumber : sastrajawa.org.

Katrangan tembung:
uwang, wang = dhuwit. 10 dhuwit = 8,5 sen.
gobang = arane dhuwit jaman biyen. 2 dhuwit = 1 2/3 sen.
benggol = 2,5 sen.
sitheng = 0,5 sen
tike = candu kang wis diuled karo rajangan godhong awar-awar.
podhang (bodhag ?) = bangsane tenggok gedhe cendhek dianggo wadhah beras.
jung = ukuran jembare sawah = 4 bau.
slaka = logam warnane putih dianggo gawe dhuwit.
staatsblad =  lembaran negara
Gud simet ones (god is met ons) =Gusti bebarengan karo kita kabeh.
probur (probuur) = pemeriksaan
gupremen (government) = pemrentah
rad pan Indi = Raad van Indie (Dewan Hindia) arupa punjering organisasi paprentahan kolonial Hindia Walanda ing bawana Asia saliyane gubernur jendral.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...