Kamis, 01 September 2016

NGELMU ANYAR: TEMBUNG CAMBORAN UTAWA KOMPOSISI (03).



Komposisi utawa nyambor (nyampur) yaiku proses morfologis kang ngowahi gabungan leksem dadi satembung yaiku tembung camboran. Upamane, leksem (lingga) lare karo leksem (lingga) angon bisa dirimbag dadi tembung camboran kanthi proses morfologis komposisi dadi lareangon. Leksem (lingga) mara lan leksem (lingga) tuwa bisa diwangun dadi tembung camboran kanthi migunakake proses morfologis komposisi dadi maratuwa. Kanthi dhasar conto-conto kasebut bisa dibedakake antarane kumpulane tembung (frasa), kaya jaka tuwa lan tembung camboran maratuwa, frasa bocah angon karo tembung camboran lareangon.
Proses morfologis komposisi (ngrimbag ndadekake tembung camboran) rimbagane bisa awujud mardika (bebas, panulise dipedhot) nanging uga maujud manunggal (kaiket, panulise disambung).

Tuladha tembung camboran kang wujud mardika (bebas) ing antarane anak bojo, antem krama, balung gajah, balung peking, bedhah bumi, cacah jiwa, candra sengkala, caruk banyu, gebyah uyah, gunggung kepruk, gugur gunung, gunung wesi, jaran goyang, jaka lara, kadang katut, kebo bingung, kembang setaman, kembang telon, kembang duren, kembang gula, kuping gajah, lambe sumur, lambe gajah, mata pita, maling cluring, panjang ilang, sangkal putung, randha royal, raja brana, raja kaya, sabuk galeng, saka guru, saur manuk, sisik melik, telik sandi, tutup keyong, wedhak pupur,lsp.

Tembung saroja kaewokake tembung camboran. Ing kawruh kasusastran Jawa tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Ing kawruh morfologi tembung saroja kalebu tembung camboran, kayata ajur ajer, arum wangi, amrik wangi, babak belur, babak bundhas, bale somah, benceng cuweng, bibit kawit, bodho balilu, bongkot pucuk, candhak kulak, empan papan, gagah prakosa, galap gangsul, gunggung kumpul, gugon tuhon, japa mantra, kadang kadeyan, kongas ngambar, laki rabi, mandheg mangu, malang megung, mudha dama, mudha punggung, mula buka, salang surup, sekti mandraguna, sisip sembir, terang trawaca, tumpang tindhih, utang selang, wor suh, lsp.

Tembung camboran kang nduweni surasa mbangetake, tuladhane kayata abang mbranang, adoh nglangut, ajur mumur, biru kecu, bunder kepleng, cedhak nyangklek, cilik menthik, dawa nglawer, ijo royo-royo, ireng thuntheng, kecut silu, legi anglek, munyer seser, padhang njingglang, pait nyethak, peteng ndhedhet, putih memplak, remuk rempu, remuk bubuk, total jendral, lsp.

Tembung camboran kang wujud manunggal, kayata adibusana, adikuwasa, adisarira, adigang, adigung, adiguna, arkasuta, asthagina, asthabrata, bimasekti, dasamuka, dasasirsa, dasawaktra, dwiwarna, dwitunggal, dursila, durjana, duratmaka, gubugpenceng, kalamenjing, kalalupa, kalabang, lanjarngirim, nagasari, nagadina, nindyamantri, pancasila, pancatantra, pancandriya, pancawara, partasuta, senapati, sujana, susila, sujanma, suryaputra, triloka, tribawana, triprakara, udanriris, lsp.
Tembung Entar.
Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges  dudu teges sawantahe, kayat gedhe endhase, cupet nalare, lobok atine lsp. Nanging pangrimbaging tembung ing antarane basa Jawa lan basa Indonesia beda. Yen ing basa Indonesia tuhu leksem, nanging ing basa Jawa tembung; tuladhane:
besar kepala > gedhe endhase.
ringan tangan > entheng baune.
kecil hati > cilik atine
besar hati > gedhe atine
murah hati > ?
panjang tangan > dawa tangane
keras kepala > ?
keras hati > kenceng atine, lsp.

Ana uga tembung camboran kang disesep saka basa Indonesia, kayata tunawisma, tunasusila, tunarungu, tunagrahita, tunakarya, pascasarjana, pascaperang, pascatsunami, nonblok, nonpartai, nonbaku, narapidana, narasumber, purnawira, purnatugas, lsp.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...