Abreviasi
yaiku proses morfologis kang ngowahi leksem utawa gabungan leksem dadi cekakan.
Dadi, nyekak tembung (abreviasi) minangka salah sijine proses ngrimbag tembung,
yaiku nyekak tembung dadi aksara, perangane tembung , utawa gabungan engga
mujudake tembung. Ing basa Jawa ana kawruh kang arupa nyekak tembung arupa:
Tembung Garba (Tembung Sandi)
Ing kawruh
basa Jawa tembung garba ditegesi nggandheng tembung loro dadi siji lan salah
sijine wandane tembung luluh. Bab iki uga kaewokake nyekak tembung.
Werna-wernane :
1.
Tembung
garba warga ha, tuladha
ana + ing > aneng
prapta + ing > prapteng
nata + ing > nateng
kaloka + ing > kalokeng
lebda + ing > lebdeng
jiwa + angga > jiwangga
maha + meru > mahmeru
maha + resi > maharsi
maha + raja > mahraja
nara + pati > narpati
nara + endra > narendra
prawira + utama > prawirotama
sara + utama > sarotama
siti + inggil > sitinggil
sira + iku > sireku
sapa + antuk > sapantuk
2.
Tembung
garba sutrawam, tuladha
tumuju + ing > tumujweng
lumaku + ing > lumakweng
jalu + estri > jalwestri
munggu + ing > munggweng
malebu + ing > malbweng
3. Tembung garba sutraye, tuladha
dupi + arsa > dupyarsa
lagi + antuk > lagyantuk
sugih + arta > sugyarta
budi + arja > budyarja
rare + alit > raryalit
Tembung Plutan utawa Kontraksi
Tembung
plutan yaiku tembung kang dirangkep aksarane dadi sakecap (Poerwadarminta,
499). Gunane kanggo ngepasake guru wilangan ing tembang.
maring > mring
murih > mrih
weruh > wruh
para > pra
perang > prang
salawat > slawat
parandene > prandene
terus > trus
pinurih > pinrih
Tembung Wancahan (tugelan, akronim)
1. Tembung wancahan aluraning
sedulur, panggilan.
pakdhe < bapak gedhe.
budhe < ibu gedhe
paklik < bapak cilik
bulik < ibu cilik.
2. Tembung wancahan kang kalebu
tembung camboran tugel.
thukmis > bathuk klimis
lunglit > balung kulit
dhegus > gedhe bagus
dhekwur > cendhek dhuwur.
bonek > bandha nekad
bangcuk > abang pucuk
dubang > idu abang
3. Tembung wancahan kang kanggo
nyekak papan panggonan.
Joglosemar >
Jogja, Solo, Semarang
Pawonsari > Pacitan,
Wonogiri, Wonosari.
Cekakan (Singkatan)
1.
Cekakan
kang tinemu ing gelar para priyayi luhur
KGPAA = Kanjeng Gusti Pangeran Aria
Adipati.
SISKS = Sampeyan dalen Ingkang Sinuwun
Kanjeng Susuhunan.
KPH = Kanjeng Pangeran Harya
GPH = Gusti Pangeran Harya
BRM = Bendara Raden Mas
GRAy = Gusti Raden Ayu
RA = Raden Ajeng
KRT = Kanjeng Raden Tumenggung
2.
Cekakan
kang tinemu ing buku utawa kamus (bausastra):
ki = karma inggil
kn = karma ngoko
ka = karma andhap
lll.= lan liya-liyane
lsp = lan sapanunggalane.
3.
Ana cekakan
kang tinemu ing cangkriman, kayata:
Pakboletus = tapak kebo lelene satus.
Wiwawite lesbadhonge karwalase = wi dawa wite, tales amba
godhonge, cikar dawa tilase.
Burnaskopen = bubur panas kokopen.
Idhustalen = tai wedhus untalen.
Lang bonang kumtasbir = walulang kebo lanang dikum,
dientas njebibir.
4.
Ana
cekakan kang kalebu lambang, kayata
Rp,
cm,
kg,
m,
CO2,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar