Metanalisis
iku pangrimbaging tembung sing mula sing bukane salah pangrimbag. Lugune proses
morfologis metanalisis iki tinemu ing basa Indonesia. Miturut panemune Prof.
Dr. E. Zaenal Arifin, M. Hum pangrimbaging tembung iki kanggo nerangake
tembung-tembung kayata, pramugari, pramusaji, pramusiwi, pramusyahwat, pramuniaga, pramuwisma, pramubakti,
pramubarang, pramubayi, pramugara, pramujasa, pramukamar, pramupintu,
pramuria, pramutamu, pramuwisata.
Ing basa
Indonesia tembung pramu- kalebu
“bentuk terikat” kang digandhengake karo tembung-tembung kang kasebut ing dhuwur.
Rehdene basa Jawa kaprebawan basa Indonesia lan tembung-tembung mau uga mlebu
ing basa Jawa, mula ora ana alane kita uga nyinau bab iki.
Ing basa
Jawa ana tembung pramugari kang asalae saka basa Kawi kang tegese : uger-uger, bebandhem, gegitik ( CF
Winter, 347), dene ing basa Jawa anyar ateges pengarep, panuntun (WJS Poerwadarminta, 510). Saliyane iku ana
tembung pramuka*), pramudita, pramoda lsp.
Sabanjure tembung pramu- dijupuk
banjur digandhengake karo tembung-tembung ing dhuwur.
Saliyane iku
ana tembung pengembara, babone (kata
dasar) kembara, kamangka ing basa
Jawa tembunge ambara utawa umbara, ing basa Jawa tegese uluk, awang-awang, lelana, nguja (CF
Winter, 49). Pangrimbaging tembung-tembung kang kaya mangkono mau diarani
metanalisis.
Tembung liyane
kang pangrimbage nganggo cara metnalaisis ing antarane tunakarya,
tunasusila, tunanetra, tunawisma, tunadaksa, tunagrahita, lsp.
Katrangan :
*) tembung
pramuka ing kene arupa tembung, dudu akronim saka Praja Muda Karana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar