Rabu, 03 Februari 2016

ATER-ATER SA



Tembung lingga kang karaketan ater-ater sa trap-trapane ater-ater sa mau ana sing bares ananging uga ana tembung sing luluh. Ing pocapan padinan ater-ater sa kadhang-kadhang owah dadi se utawa sak. Ing tulisan Latin, ater-ater sa kang owah dadi se utawa sak wis lumrah ditulis se utawa sak. Dene ing tulisan aksara Jawa ater-ater sa mau tetep ditulis sa.

Tembung-tembung lingga kang karaketan ater-ater  sa kang lumrah owah dadi se , tuladhane :
sa + dina  > sadina  lumrah diucapake  sedina
sa + sasi  > sasasi lumrah diucapake  sesasi
sa + taun > satahun lumrah diucapake setaun
sa + pikul > sapikul lumrah diucapake  sepikul
sa + tugel > satugel lumrah diucapake  setugel

Tembung-tembung lingga kang karaketan ater-ater sa kang lumrah owah dadi sak, tuladhane :
sa + lembar > salembar lumrah diucapake  saklembar
sa + gunung  > sagunung lumrah diucapake  sakgunung
sa + keclap + an > sakeclapan lumrah diucapake  sakkeclapan
sa + banter + e > sabantere lumrah diucapake  sakbantere.

Tembung dwilingga yen karaketan ater-ater sa lumrahe diucapake  sak, tuladha:

sakpinter-pintere, sakmaju-majune, sakgoblog-gobloge, saksugih-sugihe,
sakkepepet-kepepete, sakbanter-bantere, lsp.

Tembung lingga kang purwane swara urip (vokal) yen karaketan ater-ater sa lumrahe diucapake  sak, tuladhane:
sa + omah > saomah diucapake  sakomah
sa + uler > sauler diucapake sakuler
sa + uwit > sauwit diucapake sakuwit
sa + unggah (an ) > saunggahan diucapake sakunggahan
sa + urip (e) > sauripe diucapake sakuripe.

Tembung-tembung lingga kang karaketan ater-ater sa kang linggane dadi luluh, tuladhane:
sa + atus > satus
sa + ewu > sewu
sa + eket > seket
sa + omah > somah.
Panganggone tembung somah : Ing desaku ana wong sepuluh somah sing melu transmigrasi.

Katrangan :
Owah-owahan ater-ater sa dadi se utawa sak ora ana paugeran kang gumathok.


Tegese sater-ater sa:
1.      Ateges siji kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Aku tuku kain sameter.
b.      Parman diwenehi gedhang salirang.
c.       Saka kene nganti teka prapatan bangjo dohe sakilometer.
d.      Kang Arja nyambut gawe ana ing omahku mung sadina.
2.      Ateges saben kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Blanjane Pegawe Negri ki sawulane ora mati limang yuta repis.
b.      Regane gula sakilone sepuluh ewu repis.
c.       Pariku sakintale diregani telung atus ewu rupiyah.
d.      Sewane omah iku sataune sepuluh yuta rupiyah.
3.      Ateges nunggal kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Nalika neng Surabaya aku sapondhokan karo Sukarna.
b.      Ana ing Bali Sarjana sakamar karo adhimu.
c.       Biyen aku sakelas karo Mas Kartika.
d.      Kowe kuwi sabarakan karo adhiku sing neng Yogya.
4.      Ateges karo:
a.       Lurah sacarike lagi rapat menyang kabupaten.
b.      Aku nyilih cangkir salepeke.
c.       Omah sapekarangane pak Karta didol kabeh.
d.      Simbah wingi tuku dhokar sajarane.
5.      Ateges padha karo kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Buta Rambutgeni iku gedhene sagunung anakan.
b.      Dhek wingi ana watu ngglundhung gedhene sakebo njerum.
c.       Aku weruh ula saglugu gedhene.
d.      Mbah Marta panen gedhang salengen-lengen gedhene.
6.      Ateges nganti kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Aku ngenteni neng ngarep pasar saenteke uwong.
b.      Bocah-bocah dikongkon mangan sawarege.
c.       Kowe dolanana sakeselmu, tasmu taktunggune !
d.      Adhimu aja kok ganggu, jarna wae satangine.
7.      Ateges ana ing kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Sapinggiring kali Brantas ditanduri pring petung.
b.      Sadalan-dalan ana wong nggawa kranjang isi duren.
c.       Satengahe segara Indhia ana pulo cilik duweke Australia.
d.      Sadhuwure gunung ake katon ana mega malang.
8.      Ateges mratelakake wektu  kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Sabubare nonton kethoprak aku banjur mulih.
b.      Sadurunge mangkat sekolah aku ngrewangi reresik omah.
c.       Satekane adhine saka Surabaya, Bardi mareni anggone ngabotohan.
d.       Sawise mangan Darman sinau ana kamar ngarep.
9.      Ateges kabeh utawa isi kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Wong sadesa bedhol desa budhal transmigrasi menyang Sulawesi.
b.      Bocah sasekolahan disuntik vaksinasi cacar.
c.       Wong sakutha padha ngungsi amarga kena lahare gunung Kelud.
d.      Panase srengenge disangga dening wong sadonya.
10.  Ateges angger kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Layang iki wenehna menyang kakangmu salonggare wektumu.
b.      Pesenanku garapen sakobermu.
c.        Pancene ora nyambut gawe, mangane ya mung samangan-mangane.
d.      Ora susah kesusu, tindakna samlaku-mlakune.
11.  Ateges sabarang kaya kang kasebut ing linggane tembung.
a.       Bocah-bocah dikongkon dolanan sakarepe.
b.      Anake dijak menyang toko dikongkon milih sasenenge.
c.       Dhuwite mung sithik, tukokna saolehe.
d.      Murid-murid didhawuhi crita sabisa-bisane.


Katrangan :
Tembung andhahan kang dadine krana karaketan ater-ater sa dadine kadhangkala padha, nanging tegese bisa uga beda gumantung marang ukarane.

1 komentar:

Nuning Isfa mengatakan...

ini referensinya diambil dari mana ya?

Pengikut

Matur Nuwun ...