Seselan (sisipan,
infiks) manggone ana ing antarane
aksara purwaning tembung karo aksara kapindho. Gunane seselan er, el, eth, edh lumrahe kanggo mangun
tembung katrangan. Panganggone ing ukara lumrah dipurwani nganggo pating utawa
mak, nanging uga ana seselan er lan el kang kanggo mangun tembung aran kayata :
krumpul, clangap, kluwung, lsp. Ing
pocapan sadina-dina tembung lingga kang kaseselan er, el lumrahe dadi tembung
plutan, kayata : berengok dadi brengok, keluwung dadi kluwung,
lsp
SESELAN
ER,
bengok + er >
berengok > brengok
cangap + er > cerangap > crangap
canguk + er > ceranguk > cranguk
canthèl + er > ceranthèl > cranthèl
canthol + er > ceranthol > cranthol
cenuk + er > cerenuk > crenuk
complong + er >
ceromplong > cromplong
cuwèt + er > ceruwèt > cruwèt
gandhul + er >
gerandhul > grandhul
kampul + er > kerampul > krampul
kanthil + er > keranthil > kranthil
kelap + er > kerelap > krelap
kelip + er > kerelip > krelip
kelop + er > kerelop > krelop
kumpul + er > kerumpul >
krumpul
pencil + er > perencil > prencil
penthil + er > perenthil > prenthil
penthul + er >
perenthul > prenthul
Gambar : Krumpul
SESELAN EL.
candhak + el > celandhak > clandhak (an)
cangap + el > celangap > clangap
gebyar + el > gelebyar > glebyar
gebyur + el > gelebyur > glebyur
gereng + el > gelereng > glereng
gero + el > gelero > glero
jedhèr + el > jeledhèr > jledhèr
jegur + el > jelegur > jlegur
jerit + el > jelerit > jlerit
kencar + el > kelencar > klencar
kepyur + el > kelepyur > klepyur
kèwèr + el > kelèwèr > klèwèr
kuwung + el >
keluwung > kluwung
Miturut panemune S Padmosukotjo ing buku Paramasastra Jawa ana seselan ETH lan EDH tuladhane :
SESELAN ETH.
SESELAN ETH.
kanthil + eth > kethanthil
SESELAN EDH.
gandhul + edh > gedhandhul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar