Minggu, 10 Januari 2016

CANDHI MENAKJINGGA




Candhi Menakjingga digawe saka watu andhesit. Ing situs Trowulan ya mung candhi iki kang digawe saka watu andhesit. Saliyane  candhi Menakjingga  digawe saka bata bang. Mapane ana ing sawetane segaran kutha raja Majapait. Jalaran lagi dianakake pemugaran (restorasi) ing papan iki  sing katon mung ana sisa-sisa candhi kang arupa pondhasi bata. Dene sisa kang arupa watu andhesit ditata ana ing sangarepe pekarangan candhi. Sisa wewangunan liyane kang arupa reca disimpen ana ing museum Majapait. Yaiku kang arupa relief cacah loro lan recane wong wadon kang wujude kaya iwak lan raseksa kang nduweni lar lan swiwi. Sawetara miturut pamriksane para ahli satleraman reca kang ana ing Museum Majapait, Trowulan, iku arupa manuk Garudha . Ing kalangan masyarakat sakiwa tengene kono candhi Menakjingga iki diarani “Sanggar Pamelengan”

Reca manuk Garudha kang ditemokake ing candhi Menakjingga iku miturut dongenge warga kono disengguh reca wewujudane Menakjingga. Miturut cathetane ahli sejarah bangsa Walanda reca kang disengguh wewujudane Menakjingga mau diarani Mahakala utawa Bairawa. Bairawa iku ciri-cirine: raine arupa rai raseksa, mripate mlolo, nganggo upawita arupa ula, lan tangan tengen nyekel glathi. Dene ciri - ciri liyane kang ora disebutake ing cathetane bangsa Walanda awake nduweni swiwi, sikile nduweni jalu, lan cangkeme krowak. Pangirane para ahli cangkem kang krowak mau arupa cucuke manuk Garudha.

Ing papan iki nate didhudhuk kanggo pacoban ing taun 1977,  asile ditemokake arupa data pondhasi werna telu. Pondhasi sing paling dhuwur susunane ora tumata. Alang ujure (arah)  beda karo pondhasi ngisore. Pondhasi sing paling ngisor arupa denah pesagi kanthi penampil ing sisih kulon. Kanthi ditemokake larapan (lapisan) kasebut, dadi rada mbingungake para ahli. Kepiye kahanane dhek jaman kunane sing sakmesthine isih dadi panalitene para ahli purbakala ing Trowulan. Nganti saiki panaliten iki isih lumaku.
Ing wektu iki watu-watu candhi isih ditata ing sangarepe pekarangan candhi

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...