Kamis, 07 Januari 2016

CANDHI SUMBER RAWAN




Candhi Sumber Rawan manggon ing dhukuh  Sumberawan, desa Toyamerta (Toyomerto) kecamatan Singasari, kabupaten Malang. Saka candhi Singasari adohe kira- kira 6 km arah ngalor ngulon. Manggon ing sikiling gunung Arjuna. Saka lumahing segara 650 meter dhuwure. Sesawangane endah nengsemake. Ing sacedhake candhi kono ana sumber kang gedhe banget ubalane. Biyen papan ing kono pancen awujud rawa –rawa . Kahanan kaya mangkono mau wong-wong ing sakiwa tengene banjur njenengi papan ing kono Candhi Rawan. Saiki banyu sumber mau dibendung dadi tlaga kang banyune bening nyarong.

Sumber Rawan mau dadi sumbere banyu resik kanggo banyu ombene wong Malang (PAM). Papan iki satemene bisa dimekarake dadi papan wisata kang potensial. Dalan saka candhi Singasari wis aspalan alus, mung wae rada ciyut jalaran pancen dalan kampung, dudu dalan jurusan menyang kutha gedhe. Emane, dalan ing sacedhake candhi, saka pedhukuhan kang paling dhuwur, dalane rada ndeder, banjur mudhun rada nemen, nanging ora patia adoh. Arep mlebu menyang wewengkon candhi kudu ngliwati galengan gedhe sing ora bisa diliwati montor.
Papan sakupenge candhi tinata resik , apik lan hawane adhem seger, adoh saka suwara-suwara sing mbrebegi kuping. Kanggone wong kutha sing saben dina kebrebegen swarane montor lan kasereg ing pegaweyan, papan iki kepenak banget kanggo nentremake pikir. Adhem ayem. Ing kono akeh bocah nom-noman kang teka mrono, utamane  bocah –bocah kampung sakiwa tengene Singasari kono. Bocah-bocah mau padha adus lelumban ing sumber.
Candhi Sumber Rawan awujud gentha (stupa), lan ing Jawa Wetan mung siji ndhil ora ana tunggale. Siji-sijine stupa ing Jawa Wetan. Candhi Sumber Rawan ditemokake sepisanan taun 1904. Ing taun 1935 pamarentah Walanda nganakake panaliten , sabanjure candhi direstorasi ing taun 1937.

Candhine ora pati gedhe. Ukuran candhi dawane 6,25 m ambane 6,25 m lan dhuwure 5,23 m. Para ahli sejarah uga nduweni pangira-ira yen candhi Sumber Rawan asipat agama Buddha.  Nanging uga ana ahli sing ngira yen candhi iki asipat agama Hindhu. Candhi iki minangka wewujudan lingga kang gedhe banget. Lingga minangka pralambange wong lanang utawa kang anyiptakake. Ing agama Hindhu lingga dipercaya minangka pangejawantahane (manifestasi) bathara Siwah. Lumrahe lingga diperang dadi telung perangan yaiku : Brahmabhaga sing majupat (segi empat, sing paling ngisor), Visnubhaga sing maju wolu (segi delapan, perangan tengah), lan Çivabhaga kang awujud gilig (lingkaran, perangan sing dhuwur).
Pucaking candhi wis ilang. Candhi iki ora nduweni undhak-undhakan, lan ora ana ukirane babar pisan. Candhi iki nduweni sikil candhi, lan awaking candhi awujud gentha (stupa). Ing batur candhi ana selasar lan sikiling candhi mau nduweni penampil ing saben iringane. Ing sadhuwure sikil candhi ana lapak kang awujud pesagi papat (bujur sangkar) lan lapak awujud maju wolu (segi delapan) kanthi bantalan kembang terate (padma). Ing bageyan dhuwur awujud gentha (stupa) kang pucake wis ilang. Lapak mau minangka pralambange para dewa. Lapak kang awujud majupat (bujur sangkar) minangka pralambange bathara Brahma (Brahmabhaga), lapak maju wolu pralambange bathara Wisnu (Visnubhaga), lan kang gilig (lingkaran) minangka pralambange bathara Siwah (Çivabagha). Miturut pangira-irane para ahli, biyen pucake candhi iki pancen sengaja ora dipasang utawa mesthine bakale diwenehi rerenggan payung utawa Chattra. Kanthi wewujudan kang kaya mangkono ora luput yen candhi Sumber Rawan asipat agama Hindhu. Sarehne sisa-sisa candhi mau ora ditemokake mula anggone ndandani utawa ngrestorasi mung nganti teka samono.

Ing sajroning candhi ora ditemokake senthongan sing lumrahe kanggo nyimpen barang-barang utawa prabot kang dianggep suci. Dadi mung wujud blegere wae kang nuduhake yen wewangunan kasebut awujud stupa. Banjur thukul pitakonan perlune kanggo apa candhi Sumber Rawan mau ? Apa mung wujude wae kaya stupa nanging kanggone (fungsi) ora kaya stupa-stupa lumrahe ? Sing cetha candhi Sumber Rawan mau pancen kanggo pamujan. Para ahli sejarah nduweni pangira-ira yen ing jaman Majapait papan ing kono dijenengake Kasurangganan. Tembung kasurangganan tegese tamane para dewa utawa widadari. Ing agama Hindhu ana kapercayan yen para dewa iku manggon ing pucaking gunung. Ing saben kalamangsa para dewa lan para widadari padha tindak menyang papan kono saperlu lelangen utawa ngenggar – enggar panggalih. 

Ing candhi iki ora tinemu angka taun utawa prasasti kang nerangake kapan lan sapa kang nggawe candhi. Mung wae disebutake ing Negarakretagama nalika taun  1281 Ç (1359 AD) Prabhu Hayam Wuruk tetinjo menyang desa ngadesa mampir menyang Sumber Rawan:
nrpati huwus mamuspa ri dalm / sudarmma sakatustaniɳ twas ginöɳ,
hana ni kduɳ bhiru ri kacuranganan / mwan i burɳ lanonyenituɳ.
Tegese :
Sang Narapati sawise nyekar ing sajroning candhi, banjur angenggar-enggar panggalih
ana ing Kedhung Biru (mBiru), Kasurangganan, sarta ana ing Bureng lelangen

(Negarakretagama 35 : 4)

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...