Senin, 04 Januari 2016

CANDHI SINGASARI




Candhi Singasari (Singosari) mapan ing sukune gunung Arjuna, ana ing dhukuh Krajan, desa Candhirengga, kecamatan Singasari, kabupaten Malang. Saka kutha Malang dohe kira-kira 10 km mangalor, ora adoh saka pasar Singasari. Saka pasar mangulon mlebu dhukuh Tumapel, menggok ngalor, anjog ing candhi Sangasari. Ya ing kene iki Tunggul Ametung makuwu, cikal-bakale kraton Singasari. Panggonan candhi mau yen diukur saka lumahing segara kira-kira 512 m dhuwure.
Candhi Singasari digawe saka watu andhesit (watu item), madhep mangulon. Ambane dhasare candhi 14 x 14 m pesagi lan dhuwure 15 m. Cakriking candhi Singasari katon seje dhewe yen ditandhing karo cakrik candhi-candhi ing Jawa Wetan. Candhi kaya-kaya tumumpang ing batur. Sikiling candhi dumadi saka senthong kang isi reca. Ing awaking candhi katon ana legokan kang ora pati jero (relung) kothong tanpa reca. Ukirane ngremit. Sirahing Kala ing plawangan sisih dhuwur diukir kanthi ngremit, nanging sirah Kala ing dhuwur lawang candhi sisih ngisor katon prasaja. Bab iki ndadekake pangira-ira yen candhi Singasari digarap saka dhuwur mangisor. Saliyane iku ana sawenehing ahli sejarah nduweni pangira-ira yen kahanan kaya mangkono iku nandhakake yen candhi Singasari kalebu candhi kang ora (durung) rampung.
Mlebu menyang candhi saka lawang regol sisih kidul banjur munggah undhak-undhakan tumuju menyang baturing (pondhasi) candhi. Batur candhi katon rada dhuwur awujud maju pat pesagi (bujur sangkar). Saka palataran batur ngarep mlebu menyang senthongan kang madhep ngulon, ing kono senthongan kang paling pokok, isi yoni. Ing kanan keringe senthongan kuwi ana senthong utawa legokan kang ora pati jero (relung penampil) kang kosong ora ana recane. Ing iring kidul ana senthong kang mapane rada luwih maju, ing jerone isi reca Batahara Siwah (Siwa) Mahaguru utawa resi Agastya. Ing iring wetan ana senthongan kang kosong, kang ana mung lapake reca. Ing senthong iki mesthine isi reca Ganesha,ing iring lor uga padha, ora  ana recane sing  mung lapake reca. Ing kene mesthine isi reca Bathari Durgamahisasuramardini. Ana katrangan yen reca-reca kang ora ana ing candhi kono mau disimpen ing Museum Leiden, Walanda.
Cakriking candhi Singasari saemper utawa minangka tetironing gunung Mahameru kang dadi panggonan kahyangane para dewa. Bab iki diterangake ing Negarakretagama 37 : 2.

prasada mungwi tnah asmu kadbhuta halp nika hyan aruhur,
lwir meru parwwata çiwapratista çiwawimbha mungu ri dalm,
tegese :
Menaraning candhi manggon ing tengah katon banget endahe dhuwur,
kadya gunung Meru kahyangane bathara Siwah, lan recane bathara Siwah manggon ing jerone

Manut kapercayane wong Hindhu, Bathara Siwah (Siwa) manggon ing pucaking gunung Kailasa. Gunung Kailasa mau dikupengi gunung-gunung kang luwih cendhek, kayata: gunung Gandamana (Gandamadana ?) (sisih wetan), gunung Mandara (sisih kidul ), gunung Vipula lan gunung Suparsya. Mula ing candhi Singasari, gunung Kailasa digambarake awake candhi kanthi pucak kang dhuwur dhewe, lan dikupengi wewangunan senthong candhi kanthi pucak kang luwih endhek miturut arahing keblat papat. Mung wae yen disawang kahanan saiki, gegambaran  pucak-pucak sing luwih endhek kang digambarake payoning candhi  mau wis ora ana lan mung katon rata. Payone candhi iki ilang apa pancen ora ana, nganti saiki durung bisa dipesthekake.
Adeging candhi Singasari iki gegandhengan karo Prabu Kertanegara. Miturut kitab Negarakretagama 37 : 1, candhi iki arupa pandharman Prabhu Kertanegara sing gugur ing taun  1214 Ç (1292 AD)  jalaran diprejaya prajurit Kedhiri sing dipandhegani Jayakatwang. Pararaton uga nyebutake “Çri Çiwabuddha dhinarma ring Tumapel, bhisekaning dharma ring Purwapatapan”.
Akeh panemu sing ngandhakake yen candhi iku minangka makam utawa kanggo nyimpen awuning jenazahe para ratu. Kaya ing prasasti Gajah Mada mratelakake yen candhi Singasari iki minangka makame Prabhu Kertanegara, katitik ing larikan kapisan lan kapindho : //0// i śaka. 1213. jyeşta māsa. i rika diwaśani kamoktan pāduka bhaţāra saŋ lumah ri śiwabuddha //0// kang tegese :  Ing taun Çaka 1213  (1291 AD),wulan Jyesta,ing wektu iku sedane paduka Bathara (Kertanegara) kang dipetak (dikubur) ing Śiwabuddha (Candhi Singasari).

Jalaran Prabhu Kertanegara ngrasuk agama Siwabuddha, mesthine senthongan ngisor kanggo mapanake reca-reca agama Hindhu (Siwah) dene ing dhuwur (kang minangka awaking candhi) kanggo mapanake reca-reca kan asipat agama Buddha. Mung wae nganti saiki reca-reca kang asipat agama Buddha durung ditemokake.
Para ahli sejarah nduweni panemu yen candhi Singasari iki manggon ana ing satengahing kutha raja Singasari. Candhi iki minangka candhi Karajan (candi Negara), kang dadi panggonan kanggo nganakake upacara-upacara kraton. Katitik saka anane alun-alun kuna kang manggone ana ing sisih kulone candhi, dohe saka candhi kira-kira 200 meteran. Ing kono ana reca Dwarapala kang dhuwure kira rong meteran punjul, nandakake yen candhi Singasari iku candhi sing istimewa. Reca Dwarapala mau cacahe loro, sing siji madhep ngalor, dene sijine madhep ngetan madhep menyang prenahe candhi.
Wujuding reca Dwarapala kang ana candhi Singasari uga nyleneh, beda karo reca Dwarapala kang ana papan liya. Lumrahe reca Dwarapala iku mandhi gada utawa mangkul gada, nanging ing Singasari gadane Dwarapala diselehake ing pupune. Kira-kira Dwarapala mau kesel anggone mangkul gada, mula gadane banjur diselehake.
Manut panaliten komplek candhi Singasari ambane kira-kira 400 x 400 m lan dumadi saka candhi kang cacahe luwih saka siji. Ing bab iki Negarakretagama nerangake : 

wwanten / kteka kidul iɳ sudarmma ri dalm / pratista katilar,
naɳ bhapra gopura padaruhur kkasugatan / bataɳ nika danu,
ri jronya danka turunan baturnya kari purwwa kulwan anana,
nhiɳ purnna sanghyarikha len pamujan atitah bataban aruhur.

Tegese :
Ana ing sakiduling candhi ing jero wis sepi suwe banget tininggal
tembok sarta gapura kasogatan isih ngadeg ing panggonan iku nalika biyene,
ing jerone ambles mangisor sikile (batur) kari ing wetan, kulon wis ora ana
ing sanggar lan pamujan katon pinager bata abang dhuwur


Nalika Mpu Prapanca ndherekake tindake Prabhu Hayam Wuruk nggambarake yen kahanane candhi ora pati kerumat (Neg 37 :5)
lwir stry agrin anranehi ragi molm ikanaɳ cawinten awnes,
morawra camara nika kusut / mapusek oli lot kapawanan,
nyu danta lagi luluren / tapas nika pucanya tan kramasamun,
moghalume sah i tapihnya taɳ çara gadiɳ tan aryyakusikan.

Tegese :
Kaya wanodya kang lagi gering, lelaranen, recane katon pucet
morak marik godhong cemara madhul madhul jalaran tansah kanginan
klapa gadhing lagi anglulur tapase wit pucang anglentrih
sanalika alum ilang tapihe pring gadhing lagi anglokopi tan ana lerene


Ana sawenehing ahli sejarah nduweni panemu yen candhi Singasari ora (dudu) kanggo makame utawa kanggo nyimpen awune Prabhu Kertanegara kanthi dhasar candhi Singasari ora nduweni sumuran kanggo nyeleh pethi watu (garbhapatra) kanggo nyimpen peripih. Sing kaping pindho Prabhu Kertanegara ing wektu iku seda krana diperjaya dening mungsuh. Apa kira-kira mungsuhe (Jayakatwang) nganakake upacara makamake Prabhu Kertanegara ing candhi negara?
Candhi Singasari ditemokake Walanda ing taun 1803, kahanane wis rusak banget. Pamarentah Walanda ndandani (restorasi) rampung ing taun 1937.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...