Selasa, 06 Oktober 2015

CANDHI LOR, TUGU KEMENANGAN LUMAWAN PRAJURIT MALAYU.




Candhi Lor mapan ing desa Candhirejo, kecamatan Loceret, kabupaten Nganjuk. Prenahe saka kutha Nganjuk, ngidul nurut dalan menyang Kedhiri. Saka alun-alun kutha Nganjuk kira-kira telung kilometeran. Sawise ana bangjo (traffic light) prapatan sadurunge tugu Adipura menggok ngulon, kira-kira 300 meter saka prapatan. Papane adhem, ing pinggir sawah kang katon ijo royo-royo. Ing sacedhake candhi ana pesareyane (patilasan) Eyang Kerta lan Eyang Kerti kang dadi abdi kinasihe Mpu Sindok (?)
Kahanane candhi wis rusak banget, wis ora katon wujude candhi, mung katon tumpukan bata-bata.  Tengahe candhi dithukuli wit kang gedhene kira – kira saprangkul. Kaprenah ing iring kidul.oyode wit mau nggubed candhi, gedhe – gedhe, katon pating pethekol kaya ula. Candhi iki digawe saka bata, jamane Mpu Sindhok ratu Medhang Jawa Timuran kang kapisan. Ing candhi iki ditemokake prasasti kang karan prasasti Anjuk Ladang. Tembung Anjuk Ladang iku dadi mula bukane tembung kutha Nganjuk kang saiki iki.
Prasasti Anjuk Ladang ngemot angka taun 859 Ç (versi L.C. Damais, 937 M) utawa 857 Ç (versi Brandes, 935 M). Isine prasasti iki yaiku netepake yen desa lan sawah Anjuk Ladang dadi tanah perdikan (sima swatantra) lan asile kanggo sesembahan marang bathara ing Sang Hyang Prasada. Saliyane iku candhi Lor minangka tugu kemenangan kanggo mengeti (jayastambha) nalika prajurit Medhang unggul ing yuda dibantu dening kawula ing Anjuk Ladang lumawan prajurit saka Malayu (Sriwijaya). Prasasti iki nyebutake ing antarane mangkene: … parnnaha nikanaŋ lmah uŋwana saŋ hyaŋ prasada atêhêra jaya[sta]mbha wiwit matêwêkniraŋlahakan satru[nira] [haj]ja[n] ri [ma]layu (= prenahe lemah iki panggonane wewangunan suci, minangka pengetan wiwite dheweke (sang prabhu) ngalahake mungsuhe ratu saka Malayu)
Prasasti Anjuk Ladang saiki disimpen ana Museum Nasional ing Jakarta kanthi nomer inventaris D.59.
Mpu Sindhok mboyong negara Medhang ngalih saka Medhang i Bhumi Mataram ing Jawa Tengah menyang Jawa Wetan. Manut panemune van Bammelen ngalihe negara Medhang saka Jawa Tengah menyang Jawa Wetan krana kratone rusak saka panjebluge gunung Merapi. Negara Medhang jaman samono karan Medhang i Tamwlang jalaran kutha rajane ana ing Tamwlang (Tembelang) banjur ngalih Medhang i Watugaluh krana kutha rajane ngalih menyang Watugaluh (Megaluh).
Ing Jawa Wetan Mpu Sindhok ngedegake kraton ana ing Tembelang. Ora suwe banjur ngalih menyang Watugaluh (Megaluh). Tembelang lan Megaluh iki padha-padha mapan ana ing sacedhake kali Brantas. Antarane Tembelang lan Megaluh (sing saiki) dohe kira-kira 10 km an arah ngulon. Tembelang lan Megaluh saiki kalebu wewengkon kabupaten Jombang sisih lor, saka kutha Jombang ora adoh, arahe lor lan lor kulon.

Mpu Sindhok ngratoni Medhang antarane taun 929 – 947 M ajejuluk Sri Maharaja Rakai Hino Sri Isana Wikramadharmotunggadewa. Prameswarine aran Sri Parameswari Dyah Kebi. Sawise surud Mpu Sindhok diganteni dening putrane putri yaiku Sri Isanatunggawijaya lan garwane Sri Lokapala.


Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...