Rabu, 16 September 2015

PAPAN MOKSANE MAHAPATIH GAJAH MADA




Mahapatih Gajah Mada ora kinaweruhan lahire. Ora ana cathetan kang awujud sastra tulis (bukti tertulis), mung wae miturut dongeng kapercayan (mitos) ana sing ngandhakake yen Mahapatih Gajah Mada lair dina Jumat Paing, taun 1301 ing Ngimbang, Babat, Lamongan, kanthi jeneng R Djoengki. Ibune asma Dewi Andhungsari kang saiki disarekake ana ing  gunung Ratu ing Desa Cancing,  kecamatan Ngimbang, kabupaten Lamongan. Jalaran ibune tinggal donya , dening Ki Gedhe Sidawayah –sesepuhe desa kono – banjur dititipake sedulure mbok Randha Wara Wuri ing desa Madha (Modo) , kecamatan Madha kabupaten Lamongan. Sawise wis dadi jaka Gajah Mada kondhang kanthi jeneng Jaka Madha. Mula ing Madha uga ana petilasane Patih Gajah Mada.
Negarakretagama uga ora nyaritakake asal usule Gajah Mada. Nalika Mpu Prapanca nyaritakake kutha raja Majapait, sing dicritakake yaiku dalem kepatihan kang manggon ing sisih lor wetan ing kutha raja Majapait. Negarakretagama uga nyaritakake dalem pesanggrahan Madhakaripura peparinge Prabu Hayam Wuruk marang Patih Gajah Mada. Nalika Prabu Hayam Wuruk tetinjo desa ngadesa, Prabu Hayam Wuruk mampir ing  pasanggrahan Madakaripura. Madhakaripura iki saiki kalebu wewengkon kecamatan Tongas, kabupaten Probolinggo.

Kedadean liya kang gegayutan karo Mahapatih Gajah Mada ing antarane nalika Gajah Mada ngrabasa Sadheng lan Keta ing taun 1253 Ç (1331 M) kanthi sengkalan “ring agnipwari çaka” kang ditegesi Geni lan Panah (1253 Ç (?)). Uga nalika dianakake upacara srada kanggo ngurmati Ratu Rajapatni ing taun 1284 Ç (1332 M) Patih Gajah Mada mandhegani para bupati pesisir ngaturake sembah marang Prabu Hayam Wuruk.
Ing taun 1285 Ç (1263 M) Prabu Hayam Wuruk tindak menyang Simping saperlu ngelih candhi makam. Sabaline saka Simping Prabu Hayam Wuruk mireng yen Patih Gajah Mada lagi gering. Uga dicritakake yen patih Gajah Mada dadi patih Mangkubumi wiwit taun 1253 Ç (1331 M) lan seda ing taun 1286 Ç ( 1364 M).

Saliyane Negarakretagama sumber canthetan liyane yaiku Pararaton.
Pararaton martakake sepisanan, Gajah Mada nalika dadi bekel prajurit bhayangkara, nylametake Sang Prabu saka pambujunge Ra Kuti ing Badander. Sawise Ra Kuti bisa diperjaya , Gajah Mada disengkakake ing ngaluhur dadi patih ing Kahuripan lawase rong taun. Nalika patih Daha Sang Arya Tilam surud, Gajah Mada didhawuhi nggenteni Arya Tilam dadi patih ing Daha.
Nalika prabu Jayanagara gerah, dening Tanca diprajaya. Banjur Tanca genti diprajaya dening Gajah Mada.
Sang Mangkubhumi Arya Tadhah gering, ora bisa ngadhep, banjur menehi weruh Gajah Mada supaya gelem dadi patih mangkubumi. Gajah Mada ora gelem nglakoni sadurunge kraman saka Sadheng bisa ditelukake. Sawise kraman Sadheng bisa ditumpes kanthi sengkalan “kaya – bhuta – non – daging” (1253 Ç, 1331 M) Gajah Mada diangkat dadi patih Mangkubhumi. Dheweke banjur ngucapake sumpah, kang kondhang jeneng sumpah palapa kang ukarane “ Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa …”

Kedadean liya yaiku nalika sang Bhre Prabhu Hayam Wuruk ngarepake putri Sunda. Bareng ratu Maharaja wis teka ing Majapait, Patih Gajah Mada kandha yen wong Sunda kudu ngaturake putri minangka tandha pisungsung. Wong Sunda ora gelem menehake.
Patih Gajah Mada matur kahanane wong Sunda. Iguh pratikele Patih Gajah Mada supaya wong Sunda ngaturake putri disarujuki dening Bhra Parameswara Wengker, nuli Patih Gajah Mada prentah supaya ngepung wong Sunda.
Rumangsa disepelekake, para panggedhene wong Sunda ora trima. Ratu Maharaja ora bakal ngaturake putri minangka tanda panungkul, lan ora bakal nungkul marang Majapait. Wong-wong Sunda sanggup bela pati ing Bubat. Bubat iku sawijining alun-alun (tanah lapang) kang prenahe ana lore kutha raja Majapait. Kedadean perang antarane prajurit Majapait lan wong Sunda ing Bubat diarani perang Bubat kang dumadi ing taun Saka “Sanga – Turangga – Paksa – Wani “ (1279 Ç, 1357 M). Sateluke prajurit Sunda Patih Gajah Mada amukti palapa. Mahapatih Gajah Mada surud kanthi sengkalan i Çaka Gagana – Muka – Matendu (1390 Ç , 1368 M). Katrangan ngenani surude Patih Gajah Mada ing antarane Negarakretagama karo Pararaton ana gesehe.
Katrangan bab surude Patih Gajah Mada ora ana cathetan kang gumathok, ana kang ngandhakake ing Madhakaripura nanging uga ana sing ngandhakake ing kutha raja Majapait. Ing ngisor iki gambar kang nuduhake salah sijine panggonan, kang dipercaya dening masyarakat sakiwa tengene, papan moksane Patih Gajah Mada yaiku ana ing Desa Lebak Jabung, kecamatan Jatireja, kabupaten Mojokerto.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...