Rabu, 09 September 2015

CANDHI BANGKAL




Candhi Bangkal mapan ing dhukuh Bangkal, desa Candiharjo, kecamatan Ngoro, kabupaten Mojokerto, Jawa Wetan. Saka dalan gedhe Ngoro – Gempol ing sakulone masjid putih desa Wonosari ana dalan ngalor. Dohe saka kono kira – kira rong kilometer.  Candhi iki digawe saka bata, bisa dipesthekake yen candhi iki gawean jaman Majapaitan.

Denah candhi awujud pesagi, madhep ngulon, alange 6,25 meter, ujure 10 meter, dene dhuwure 10 meter. Ing sikiling candhi ana undhak-undhakan kang tumuju menyang senthongan kaya kang tinemu ing candhi Pari lan candhi Gunung Gangsir. Candhi luwih cilik yen katandhing karo candhi Pari utawa candhi Gunung Gangsir. Ing dhuwuring plawangane candhi ana ukiran watu andhesit awujud kala. Ukiran kala saka watu andhesit mau ana uga ing temboking candhi kang madhep ngalor, ngetan lan ngidul. Ing ngarepe candhi katon ana tumpukan bata, kira-kira arep kanggo gapuraning candhi.

Kahanane candhi iki wis akeh batane kang kropos. Pancene durung nate direnovasi,  mula perlu enggal-enggal didandani.
Ing wektu saiki saben bubar panen para warga ing kono nganakake  sedhekah bumi nganggo nanggap wayang.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...