Senin, 23 Desember 2013

TEMBUNG PANGGANDHENG, KATA PENGHUBUNG, KONJUNGSI (4)



Tembung panggandheng subordinatif

Tembung panggandheng subordinatif yaiku tembung panggandheng kang nggandheng klausa loro utawa luwih kang nduweni status sintaksis sing ora sadrajat.

Wernane :
1.      Tembung panggandheng kang mratelakake wektu,  kayata : sawise, sadurunge, wiwit, nalika, duk nalika, sauntara, sasuwene, nganti.Tuladha :
1.1.   Aku sarapan dhisik sadurunge mangkat sekolah.
1.2.   Dheweke nduweni lara owah wiwit ditinggal mati bojone.
1.3.   Pak Samin lagi nyambut gawe ana sawah nalika anake teka saka Surabaya.
1.4.   Aku nunggu ana ngarep kantor sasuwene bapak njupuk bayaran.
1.5.   Bapake isih tetep nesu nganti Amin nglakoni apa sing diprentahake.

2.      Tembung panggandheng kang mratelakake sarat, kayata: yen, manawa.
2.1.   Kowe isih tetep bodho yen kowe ora gelem sinau.
2.2.   Manawa kowe ora gelem ndandani tingkah lakumu, bapakmu ora bakal aweh pangapura marang kowe.

3.      Tembung panggandheng kang mratelakake upama, kayata: saupamane, upama
3.1.   Saupamane dheweke gelem sinau mempeng, mesthi entuk nomer siji.
3.2.   Dheweke ora bakal kangelan saupamane gelem ngrungokake pituture wong tuwane.

4.      Tembung panggandheng kang mratelakake tujuan, kayata: supaya, kareben.
4.1.   Wong-wong padha kerja bakti ngresiki kalen supaya omahe ora kebanjiran.
4.2.   Andri tansah nggawe lelucon kareben adhine meneng anggone nangis.

5.      Tembung panggandheng kang mratelakake surasa lelawanan utawa kosok balen (konsesif), kayata: sanajan, sanajana, nadyan, arepa.
5.1.   Sanajan direwangi nyambut gawe rekasa, meksa during bisa nyukupi kabutuhane saben dinane.
5.2.   Nganti saiki during bisa dadi PNS, sanajana wis melu tes bola-bali.
5.3.   Apa kowe tetep tresna nadyan aku bocah gunung?
5.4. Arepa direwangi niba tangi yen durung kapareng dening Gusti mesthi ora kasil.

6.      Tembung panggandheng kang mratelakake surasa kaya, kayata: kaya, kaya-kaya,
6.1.   Bandhane akeh banget kaya-kaya ora entek pitung turunan.
6.2.   Tingkah lakune nganeh-anehi kaya kere munggah bale.

7.      Tembung panggandheng kang mratelakake sebab, kayata: sebab, jalaran, amarga, mergane.
7.1.   Amat ora sida mangkat menyang Jakarta jalaran ora diwenenhi sangu.
7.2.   Sudar ora mlebu sekolah sebab mbahe wedok ninggal donya.
7.3.   Wong-wong desa iku ora bisa liwat amarga kretege ambrol.

8.      Tembung panggandheng kang mratelakake akibat, kayata: nganti, mulane, mula
8.1.   Papan ing kene iki gawat kaliwat-liwat,mula padha sing ngati-ati.
8.2.   Olehe nyambut gawe ora ngetung wektu nganti kulawargane kapiran.
8.3.   Panggawe iku bakal bali tumanduk marang awake dhewe mula aja sawiyah-wiyah marang liyan.

9.      Tembung panggandheng kang mratelakake minangka katrangan, kayata: yen
9.1.   Sukamta kandha yen Sarjana ora bisa teka.
9.2.   Saben wong ngerti yen dheweke kuwi sawijining wong kang digsura.
9.3.   Kowe kudu weruh yen pakulinan muring-muring iku ora becik tumrap kasarasan.


Ana candhake ...

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...