Senin, 13 Januari 2014

TOPENG




Jaman kalalupa
jamane wong kasangsaya
janma polah lir arsa kasulah
ana wewujudan
tanpa sangkan tanpa paran
ngupadi kanca
kekucah redana
angumbar swara
anggantha mulya

kekiter angambah gurung
suwe
tan kambah ing we
nunjem dhadha
sumlempit  selaning iga
nulya cidra
lamun kuwasa

Jaman kalalupa
jamane wong kasangsaya
ana sabawa
tansah memalat sih
dumeling  jroning galih
ngrerepa kawula dasih
andhudhah angen-angen
ngupadi kanthi
anggantha mukti

kekalangan ing langit
nrabas kang sarwa lungit
tan kinira
amung topeng walaka.


Surabaya, 13-1-2014


Gambar saking : gudangtari.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...