Kamis, 13 Desember 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (8)


CANDHI TIKUS.

Candhi Tikus iki mapan ing Dhukuh Dinuk, Desa Temon, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Candhi Tikus iki digawe saka bata, kang dibangun kurang luwih 3,5 meter sangisoring lemah. Ukuran candhi 22,5 x 22,5 meter. Sadurunge ditemokake  candhi kasebut, papan iku arupa kuburan utawa  makam wong-wong sakiwa tengene papan kono. Ing taun 1914 wong-wong ing wilayah kono sawahe katerjang ama tikus. Saben-saben  dibledig tikus-tikus mau  mlayu mlebu menyang gundhukan ing makam mau. Mula masyarakat banjur lapor marang  kabupaten sing wektu iku bupatine diasta dening R.A.A Kramajaya Adinegara. Sawise makam mau didhudhuk ditemokake sawijining candhi. Mula candhi kang ditemokake mau dijenengi Candhi Tikus.

Candhi  Tikus awangun trap-trapan. Candhi Tikus ana telung trap. Ing sisih elor ana undhak-undhakan mangisor minangka dalan mlebu menyang candhi. Ing gampenge sisihe undhak-undhakan wis katon rusak. Trap kang kaping pindho ana candhi gedhe minangka babon (candhi sing paling gedhe minangka punjer) sing dikupengi candhi cilik cacah 8 (wolu). Urutan kaya mangkono iku minangka    Gunung Mahameru kang ana ing India. Gunung Mahameru kaanggep minangka papane para dewa. Mula banyu sing mili marang (ana) ing patirtan iku  kaanggep banyu suci tirta Amreta, sumbere urip. Banyu mili mau mancur liwat jaladwara (jala = banyu, dwara = lawang) Jaladwara mau ana ing sadawane pondhasi candhi awujud  makara lan kembang padma (terate). Cacahe jaladwara mau mesthine 46 , nangingsaiki mung kari 19 iji. 

Ing sisih elor  ing kiwa tengene undhak-undhakan ana  senthongan kang arupa kolah, cacah loro kanthi ukuran  dawane 3,5 meter, amba 2 meter lan dhuwure 1,05 meter. Dalan mlebu menyang kolah ana undhak-undhakane. Dalan kasebut ana ing sisih kidule kolah. Gampeng sisih lore kolah ana pancuran telung iji. Pancuran-pancuran mau oleh pasokan banyu saka ilen-ilen ing sisih kidul kang ana ing saburine  candhi babon.

Candhi babon kang minangka punjer mapan ana ing tengah, sikile candhi nempel ana trap ngisor gampeng candhi sisih kidul. Wangun candhi awujud sikil candhi, awake candhi lan payon. Sikile candhi awangun majupat pesagi, kanthi ukuran dawa 7,75 meter, ambane 7,65 meter, lan dhuwure 1,5 meter. Ing panggonan ngisor ana ilen-ilen kanggo ngilekake banyu menyang pancuran. Ambane ilen-ilen 17 cm, lan jerone 54 cm.

Ukuran awake candhi  4,8 x 4,8 meter. Ing sisih kulon, lor, lan wetan nemplek gampeng candhi sisih njaba ana menara cacahe ana 5 (limang) iji. Ing sadhuwure awake candhi ana menara cacah 4  kanthi ukuran 0,84 x 0,80 meter manggon ing saben pojok. Menara kang paling gedhe manggon ana ing tengah – tengah kanthi ukuran 1 x 1,04 meter lan dhuwure 2,76 meter. Pucaking menara iki wis ilang dadi ora kaweruhan wangune sing asli. Menara-menara mau merlambangake Gunung Mahameru kang dadi punjering jagad  raya (makrokosmos).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...