Kamis, 06 Desember 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (7)


CANDHI PARI

Candhi Pari mapan ing Dhukuh Candi Pari Wetan, Desa Candhi Pari, Kecamatan Porong, Kabupaten Sidoarjo. Papane  ora adoh saka Candhi Sumur, mung watara 100 meteran. Saka alun-alun kutha Sidoarjo kira-kira dohe 10 km arahe kidul ngulon. 

Katandhing karo Candhi Sumur, Candhi Pari luwih gedhe, lan isih katon wutuh. Candhi Pari iki didegake nalika taun 1293 Çaka utawa taun 1371 Masehi., nalika jamane Prabu Hayam Wuruk.
Ing sadhuwure lawang mlebu menyang candhi tinemu angka 1293 Çaka 

Miturut laporane J. Knebel ing sajroneRapporten Van De Comissie In Nederlandsch Indie voor Oudheidkundig Onderzoek Op Java en Madoera1905-1906 (sumber saka Wikipedia ) Candhi Pari lan Candhi Sumur kanggo mengeti papan muksane salah sawijining sedulure / adhine Prabu Hayam Wuruk., sing ora gelem manggon ing kraton.  (Tak aturi mriksani Legenda : Dumadine Candhi Pari lan Candhi Sumur.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...