Senin, 01 Februari 2010

OLEH-OLEH SAKA PULO BALI


Yen ana wong kandha pulo Bali, saben wong sajabang cindhile mesthi weruh. Malah-malah tumraping bangsa manca pulo Bali luwih moncer jenenge katimbang Negara Indonesia. Apa sebabe ? Yen mung bab kaendahaning kutha, segara, pesisir, gunung, tlaga lan sapanunggalane tanah Jawa ora kalah endah. Nanging kena ngapa pulo Bali luwih moncer tinimbang papan liyane? Pangripta enggal-enggalan iki plesir menyang pulo Bali. Pangripta arep crita kahanan pulo Bali satleraman sanajanta sing ditulis pangripta iki kanggone wong liya kena diarani kasep.

Masyarakat utawa warga pulo Bali umume panguripane saka tetanen. Sakiwa tengene dalan saka Gilimanuk menyang Denpasar isih akeh sawah-sawah kang ijo royo-royo. Malah ing sakiwa tengene kantor kabupaten Badung iya isih akeh sawah. Ora beda karo ing tanah Jawa. Bedane, ing saben omah ana papan kanggo sembahyang . sadalan-dalan sing diliwati ana pura kang kanggo manembah marang Gustine. Saben toko ana sesajen. Adat-iku turun temurun isih dilakoni nganti saiki. Yen ing tanah Jawa padha karo langgar kanggone para umat Islam. Adat sing kaya mangkene iki ing papan liya ora ana. Saben desa ana bale sing diarani bale Banjar sing lumrahe kanggo papan musyawarah utawa kegiatan para warga banjar kono. Bab iki sing dadi salah sijine daya tarik kanggone para pelancong utawa wisatawan.
Ing saben kantor, bale banjar, pura, pasar ana “papan nama utawa nameboard” sing nganggo aksara Bali (mbokmenawa iki padha karo ing Ngayogyakarta Hadiningrat sing nganggo aksara Jawa utawa ing Aceh Darrussalam sing nganggo Huruf Jawi) .

Iki nuduhake menawa tulisan utawa aksara Bali isih diuri-uri nganti teka saiki. Ora kaya ing tanah Jawa, para pangarsa sing ngasta pusaraning praja kira-kira rumangsa isin (jalaran sok diarani ndesa utawa dianggep ora perlu) nulis jeneng ing ngarepe kantor nganggo aksara Jawa. Mula tulisan utawa aksara Jawa mesthine kudu diuri-uri, dituduhake, utawa dingertekake marang para mudha. Iki minangka tandha yekti (bukti) yen mbah-mbah biyen nduweni kabudayan kang luhur, kabudayan kang adiluhung. Para nom-noman lan para siswa gelema nyinau aksara Jawa.. meruhi yen aksara Jawa iku isih ana kanggone. Negara sing kena kanggo conto yaiku : Cina, Korea, Jepang lan Rusia sing isih nganggo aksara bangsane lan negarane dhewe-dhewe, nanging ing babagan teknologi ora kalah karo Negara-negara kulonan. Utamane ing tlatah minggiran utawa Metaraman kayata : Nganjuk, Mediun, Ngawi, Ponorogo. Pacitan, Magetan lan tlatah pesisiran kayata : Tuban, Kudus, Rembang, Semarang sapengulon .
Ana conto sing kurang pas yaiku ing Surabaya, ana salah sawijining TV swasta sing nyiyarake kabar nganggo basa dhialek Suroboyoan , pamilihe tembung-tembung lan panulise ing “running text” mung sakarepe dhewe ora nganggo aturan. Mung wae mbokmenawa apa sing digagas dening redhaktur televise mau, sewu taun engkas bisa utawa klakon utawa keleksanan kaya sing digagas lan dilakoni dening redhaktur saiki.
Ana sawetara bab sing dadi kawigatene pangripta yaiku aksara Bali. Yen dideleng satleraman wujude meh kaya aksara Jawa. Pancene aksara Bali kena pangaribawa saka aksara Jawa utawa Dewanagari,yen ing pulo Bali dadi aksara Bali, yan ing tanah Jawa dadi aksara Jawa. Cacahe aksara Bali ana 18 , dene aksara Jawa cacahe 20. Bedane aksara Bali ora ana tha lan dha. Wujude kaya gambar ing dhuwur iki .

Ing pulo Bali orang ana pepriman (wong ngemis), ora kaya ing tanah Jawa . Yen panjenengan nitih bis , bise durung mlaku wis ana wong ngamen telu utawa papat sing genjrang-genjreng gitaran. Bab iki sing mangkelake ati. Wong ngemis sing pangripta weruhi sing pungkasan ana ing pelabuhan Ketapang. Carane : wong utawa bocah mau langen ing pelabuhan karo bengak-bengok njaluk diuncali dhuwit cring. Yen ana sing nguncali dhuwit banjur nyilem nggoleki dhuwit sing diuncalake mau. Malah-malah kira-kira jam sepuluh bengi (nalika pangripta mulih saka Bali) isih ana wong langen karo bengak-bengok njaluk diuncali dhuwit ing njero banyu. Ing papan-papan wisata kayata : ing Kuta, Bedugul, Tanah Lot, Pasar Sukowati, lan papan-papan liyane uga babar pisan ora ana wong ngemis.

Barong, sawijing sendratari Bali sing kondhang, digelarake tanpa nganggo corong (pengeras suara, sound system). Iki sing “unik”, beda karo ing papan-papan liyane. Ing atase pagelaran gedhe , ora nganggo corong babar pisan. Ora kaya ing tanah Jawa wong ngamen turut dalan wae saiki wis nganggo corong. Apa iki pratandha kupinge wong Jawa wis ora tengen maneh ?. Pagelaran mau suwene sajam lan dianakake saben dina. Kira-kira panjenengan bisa menggalih yen uripe seniman iki mesthi bisa kacukupan.
Sadurunge mlebu para pamirsa diwenehi synopsis lakon apa sing arep digelarake. Lakone awujud perange bala kiwa sing dadi symbol angkara murka mungsuh bala tengen sing dadi symbol kabecikan. Pancene perang antara angkara murka lumawan kabecikan ora bakal ana enteke sadurunge donya iki lebur. Bab iki kena kanggo conto ing tanah Jawa. Akeh pegelaran seni tradisional sing wis kadhesek karo seni-seni modern, kayata : kethoprak, ludruk, lan sapanunggalane. Ing Wonokromo, Surabaya, ana gedhong ludruk sing main saben bengi, ning penontone ora luwih wong sepuluh ing saben wengine. Banjur senimane mangan apa ? Oleh-olehane karcis ora nyukupi kanggo njejegake kendhil. Apa bisa seniman ludruk urip mulya saka anggone ngludruk ? Mula kudu ana pasarujukan utawa golonging rembug lan tekad ing antarane seniman, Disparta lan biro-biro perjalanan wisata kanggo ngurip-urip seniman lan seni ing Surabaya. Saupama iki bisa dileksanakake bisa-bisa para seniman bisa urip mulya, lan “para seniman jalanan” ora perlu ing mitontonake kabisane ing sajroning bis umum sing pungkasane mangkelake atine penumpang bis.

Sing pungkasan, pamarintah dhaerah propinsi Bali temen-temen anggone ngatur lan nengenake babagan pariwisata iki. Pariwisata arupa sumber devisa utawa sumber pengasilane pemerintah lan warga masyarakat Bali. Ing saben dina pirang yuta wae dhuwit sing diblanjakake dening para turis. Dhuwit mau bisa ngubengake ekonomine rakyat Bali. Sing penting para warga merlokake rasa aman, ora ana ontran-ontran kaya bom Bali pirang taun kepungkur. “Manunggaling kawula lan gusti” antarane masyarakat Bali lan para pangarsane pemerintah dhaerah diperlokake supaya budaya, adat istiadat, seni, lan papan papan pariwisata tetep bisa lestari lan wisatawan tetep teka ing pulo Bali, jer iku kang dadi saka gurune ekonomi Bali.

4 komentar:

mawaradi mengatakan...

Alhamdulillah sampun rawuh, tur sampun angsal-angsal ingkang saged migunani kangge para dwija lan para siswa.

Kang Sugeng mengatakan...

Assalaamu 'alaikum Pakde...
nuwun sewu mbok menawi seratan kulo kirang prayogi. Kulo niki taksih 'dalam taraf pembelajaran' milo maturnuwun sanget dumateng koreksi engkang njenengan serat wonten blog kulo.

Alhamdulillah, akhire kulo nemu Guru Boso engkang mumpuni.

Nuwun sewu, kulo follow njih Pakdhe, salam kenal saking kulo tiyang Pacitan

Kang Sugeng mengatakan...

Menawi kepareng, njenengan Pacitan-e pundi, Suroboyone manggen wonten pundi?? Menawi kulo asli tiyang Sidoharjo Pacitan, sak meniko manggen wonten Kutisari Suroboyo.

Kapan nggih ngawontenaken malih 'pertemuan' antar tiyang Pacitan engkang wonten Suroboyo? Hambok kulo dipun undangi...

Pak Ugeng mengatakan...

Sumangga, Menika pak Pur (mawaradi)panjenengan sambangi. Menika priyantun Lorok.

Pengikut

Matur Nuwun ...