Sarana kanggo anjangsana ing antarane para pangudi basa, para guru, lan para siswa
Jumat, 12 Februari 2010
CANDRASENGKALA (7)
Minangkani pamundhutipun Mas Utomo .
Dhasar :
Sengkalan punika tetengering angka taun ingkang sinandi sarana tetembungan (ukara), gambar utawi pepethan.Tiyang Jawi remen dhateng sengkalan punika jalaran sengkalan limrahipun awujud ukara saengga gampil anggenipun ngenget-enget. Sengkalan limrahipun dipun serat wonten lawanging gapura utawi regol, sanginggiling kori , sanginggiling cungkup lsp.
Ingkang dipun sengkalani warni-warni :
Upami kraton inggih adeging kraton, sirnaning reresah utawi kraman, sudaning pamor kraton, ratu seda, utawi pangriptaning serat-serat kapujanggan lan sanes-sanesipun. Upami sanesing kraton inggih adeging griya, lairing putra, palakrama, lairing wayah, dinten sedanipun sesepuh, ngarang buku, lan sanes-sanesipun.
Wujudipun sengkalan :
Sengkalan ingkang awujud tetembungan kawastanan sengkalan lamba.
Sengkalan ingkang awujud gambar dipun wastani sengkalan memet.
Wewatoning taun :
Sengkalan ingkang manut lampahing rembulan dipun wastani candra sengkala.
Sengkalan ingkang manut lampahing srengenge dipun wastani surya sengkala.
Suraosipun sengkalan :
Suraosipun sengkalan sageda salaras kaliyan bab (kadadosan) ingkang dipun sengkalani. Sampun ngantos ukara sengkalan namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer. Saged ugi ngemu suraos : kekudangan, pangajeng-ajeng, pangalembana,pamuji, panyeda, panalangsaning manah, lsp. Mawa-mawa ingkang dipun sengkalani. Pokokipun ingkang mranani.
Sengkalan Lamba.
Cara pamaosipun :
Tuladha :
Kaya wulan putri iku.
Kaya = 3, wulan = 1, putri = 3, iku = 1 , pinanggih angka 3131, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1313 Caka. Dipun dadosaken taun Masehi dipun tambah 78 taun dados taun 1391 M.
Pinanggih ing pasareyanipun putri Campa ing Trowulan.
Janma trus kaswareng jagad.
Janma = 1, trus = 9, kaswareng = ka +swara + ing = 7 , jagad = 1, pinanggih angka 1971, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1791 taun Jawi. Jalaran taun jawi menawi badhe dipun titisaken sampun boten dipun tambah malih kaliyan 78. Jalaran saben taun gesehipun taun Jawi kaliyan taun Masehi saya dangu saya celak. Sapunika (taun 2010) kirang langkung gesehipun sampun 68 taun. Pinanggih ing serat Hidayat Jati, anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita.
Cara Panganggitipun :
Jalaran sapunika ingkang kaprah kaangge taun Masehi mila (menawi kula) langkung prayogi menawi adhedhasar taun Masehi kemawon. Ateges ngangge wewaton surya sengkala. Tembung-tembungipun tetep sami namung dhasaripun mendhet taun ingkang beda.
Caranipun ngapalaken :
Lugunipun postingan kula wiwit angka nol ngantos pungkasan punika awujud sekar . Cobi panjenengan titi . namung postingan kula ingkang lami dhawah wonten ngandhap lan postingan ingkang enggal dhawah wonten nginggil.
WATAK SETUNGGAL.
Asmaradana.
Janma nabi tunggal gusti,
badan rupa maha buda,
samadi iku pamase,
surya candra sasadhara,
wiji godhong lek kenya,
wungkul buweng urip nekung,
nyata sudira tyas putra.
WATAK KALIH.
Kinanthi
Penganten dwi nembah suku,
gandheng asta ndulu dresthi,
netra myat buja bujana,
karnan ngrengga athi-athi,
paksa apasang carana,
sikara bau suwiwi.
WATAK TIGA .
Pangkur.
Tri jatha lir wrin dahana,
kaya wignya uninga anahuti,
sorot brama api murub,
kobar guna ujwala,
teken siking keksi bahni kukus apyu,
nala benter rananggana,
katon panas pndha agni.
WATAK SEKAWAN
Pucung.
Sumber sumur tlaga wening karya masuh,
udan bun her dadya,
warna warih waudadi,
tira nadi dadi suci wedang tawa.
WATAK GANGSAL.
Durma.
Saya galak guling wil yaksa raseksa,
marga pandhawa lungid,
bana wrayang sara,
wisaya pancakara,
cakra hru astra jemparing,
gati tinata,
braja margana angin.
WATAK NENEM.
Sinom.
Mangsa nenem carem raras,
Rasane madu hartati,
Naya sad wayang wuyungan,
Ilat kilat obah manis,
Ginggang prabatang oyig,
Madura sarkara retu,
Lona tikta kayasa,
Anggas anggang-anggang gonjing,
Tahen wreksa winayang kayu anggana.
WATAK PITU
Maskumambang
Resi gunung pitu anitih turanggi,
suka weling wulang,
swara gora angsa muni,
aswa giri gung himawan.
WATAK WOLU.
Mijil.
Astha basu ula slira murti,
gajah tengga bunglon,
tanu sarpa bajul baya tekek,
dipa manggala madya basuki,
dipangga angesthi,
brahmana wewolu.
WATAK SANGA
Gambuh.
Kusuma ngganda arum,
Dewa sangan mbuka pintu masuk,
Kori menga gatra wangi terus manjing,
Muka wadana marbuk rum,
Anggangsir babahan bolong.
WATAK DAS
Megatruh.
Sirna musna muksa mesat langit mumbul,
pejah tanpa suwarga nir,
brastha rusak swuh wuk suwung,
sunya windu surud sat nis,
sempal ngles gegana adoh.
Panutup :
Cobi panjenengan ngasta karangan sengkalan ingkang panjenengan kersakaken. Menawi kepareng kula dipun paringi seratanipun. Menawi kirang terang kula aturi maos postingan kula ingkang nomer 6 lan 7 sarta kula aturi maos ::
1. Memetri Basa Jawi Jilid III karangan S. Padmosoekotjo babaran CV Citra Jaya 1982.
2. Katrangan Candrasengkala karangan R. Bratakesawa babaran Bale Pustaka 1928
Nuwun.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Pengikut
Pesindhen Manca Negara :
- Chantal Karijosentono : Tresna Kowe
- Winston Echteld : Tresnaku Tresnamu
- Oxford Gamelan Society : Asmaradana
- Karen Elizabeth : Jula-juli Tretek
- Hiromi Kano : Gara-gara 2
- Hiromi Kano : Gara - gara
- Kitsie Emerson
- Hiromi Kano : Sinom Parijatha
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Perkutut Manggung
- Hiromi Kano : Bengawan Solo
- Gamelan Switzerland
Tidak ada komentar:
Posting Komentar