Jumat, 06 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (4)


Bakor pakem sik jange ngonokno kordinasi Senen ngarep. Tembung ngonokno asale saka tembung apa? Apa kono =situ, di situ, ngono = begitu, ana = ada ? Piye panulise : ngono yo ngono ning ojo ngono, “ojo lungo bojoku loro, iyo podo-podo

Hakim nglekor nduk ruang sidang polahe kepegelen (Hakim tertidur di ruang sidang karena kepayahan).Lumrahe sing nglekor iku ula. Turu nglekor tegese turu kaya ula. Apa ya ana hakim nganti turu nganti kaya ula ?

Londo mbukak dalan munggah nang babak nembelas gedhe sak marie kasil menang sing kesiji. (Belanda membuka jalan naik ke babak enam belas besar sesudah berhasil menang yang pertama. ) Babak nembelas gedhe = tetep “babak enambelas besar (BI)” ora dadi enembelas gede, bapak Purnomo Besar ora Purnomo Gede.

Mbahe korban nangis kepiyer. Lumrahe sing nangis kepiyer iku bocah isih bayi utawa isih cilik. Mosok embah nganti nangis kepiyer? Matuke : Mbahe korban nangis ngguguk, nangis kejer .

mempeng nyetir bronfite Panganggone tembung “mempeng” lumrahe “mempeng sinau”, “mempeng nyambut gawe”, “mempeng ngudi kawruh”. Suman mempeng nyetir bronfite (Suman giat mengemudikan (menyetir) sepeda motornya) (?).

Mlebu nang menit suwidak loro Amauri nggawe gole sing keloro gawe nggowo mbok tuwek mimpin adoh papat nol. Juventus dijuluki mbok tuwek iki perkarane apa ?

MU meh kisinan pas dayoh nang omahe Wigan Atletic (MU hampir dipermalukan ketika bertamu (bertandang) ke rumah (kandang) Wigan Atletic. Sejatine bal-balan iku dianakake ing jero omah apa ing lapangan ? Ya mestine anggone ngartekake ora plek kaya ing basa Indonesia. Ora kudu baka satembung, ana istilah-istilah sing lumrah dienggo ing masyarakat.

Pulisi mentelengi perkoro iki . Apa kira-kira pulisi anggone menteleng nganti mripate mendolo? Apa ora matuk yen “pulisi nliti perkoro iki”.

Saking gak kanti sampek-sampek mbok dewor njupuk dewe lengo gas sing didol. Tembung mbok dewor iku julukan (wadanan, guyon ) kanggo wong wadon sing wis bojo. Conto: Sapa sing liwat iku ? Jawabane : Iku mbok dewore mas Sastra. Tegese bojone mas Sastra. Ye kahanan ana pasar ya ana prawan, ana sing nduwe bojo ana rondo. Yen rondo iki mbok ndewore sapa ? Ora bisa wong wadon sapasar dijenengi dijuluki mbok dewor .


saksi moto (saksi mata,BI). Cukup saksi. Apa ana tembung saksi cangkem, saksi sikil, saksi tangan, saksi awak lsp. Ing basa Jawa nyekseni (nekseni) iku alate nganggo mripat, mata, conto : Para rawuh keparenga anekseni ijabing panganten.

Selawe ton BBM iki disedot teka loro tugboat (Dua puluh lima ton BBM ini disedot dari dua tugboat). Paramasastra (tata bahasa) basa Indonesia karo basa Jawa beda. Panganggone tembung wilangan ing basa Jawa (kalebu basa Surobyoan) conto : tugboat loro , rong tugboat (dua tugboat), rong kelas ora loro kelas (dua kelas), telung jrigen ora telu jrigen (tiga jrigen), sajrigen ora siji jrigen (satu jrigen), curanmor limang perkoro ora limo perkoro (curanmor lima perkara). telung konteiner ora telu konteiner.

tukang sampluk . Tukang sampluk sebutan kanggo pemain tennis. Kamangka ana olah raga liyane sing alate uga nganggo sampluk kayata : pingpong, badminton, kasti, rounders. Apa kira-kira pemain-pemain mau banjur dijuluki tukang sampluk tennes, tukang sampluk ping pong, tukang sampluk badminton, tukang sampluk kasti, tukang sampluk rounders.Semono uga tukang saduk = pemain bal-balan (tukang bal-balan).
Ana tutuge .

3 komentar:

paromo suko mengatakan...

TAK PATENI WAE !!! TVne pak, karana saya suwe kok saya nyebeli ....

Kula nate maos bilih para piyantun Suroboyo ingkang mumpuni ing babagan basa Suroboyoan ugi rumaos boten sreg.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Ingkang repot makaten mas Suko : Aku sing kuwasa, kowe arep ngapa?

mawaradi mengatakan...

begitu saja kok repot,gak nonton JTV gak patheken .

Pengikut

Matur Nuwun ...