Minggu, 19 Juli 2009

Bom, Njeblug ing Jakarta.


Jemuah esuk jam 7.47 bom njeblug ing Jakarta. Hotel J.W. Marriott lan hotel Ritz Carlton di bom. Korbantinggal donya saka mancanegara 9 wong , 5 saka Amerika Serikat. Wong mancanegara sing tatu 18 wong. Korban sing wis dikaweruhi 61 wong. Bom mau dijeblugake dening wong 2, siji ana ing Hotel Marriott lan sijine ana ing Hotel Carlton. Wektu njebluge bom ora let suwe, mung kira-kira sepuluh menitan. Bom mau arupa bom bunuh diri. Paraga kang njeblugake bom karo-karone nemoni tiwas.

Miturut katrangan Kapolri, Bambang Hendarso Danuri yen bom mau padha karo bom sing ditemokake ing Cilacap. Bom dikira-kira dirakit ana kamar Hotel J.W. Marriott kamar nomer 1808. Bom sing ciri-cirine kaya mangkono iku meh padha karo bom ditemokake pulisi ing Semarang, Batu, lan Cilacap. Mula ora aneh yen bom mau ana gandheng cenenge karo terroris international sing nate ditemokake dening pulisi.

Prastawa mau gawe kagete wong akeh. Wis antara suwe ora nate keprungu kabar ana bom njeblug sabubare prastawa bom Bali. Prastawa iki mesthi wae ndadekake sedhihe bangsa Indonesia. Negara sing lagi wae arep njejegake demokrasi , Negara sing lagi wae arep ndandani nasibe rakyat dumadakan digoncangake dening mbledhose bom.
Indonesia nembe nganakake pilihan presiden. Durung rampung KPU anggone ngetung swara wis ana gara-gara, bom mbledhos. Sing nggawe bom iki sajake ora kepingin Indonesia tentrem, ora kepingin Indonesia gemah ripah karta raharja sing kaya dicritakake ki dhalang.

Sapa sing rekadaya gawe rerusuh, durung kaweruhan. Lan sapa sing tanggung jawab uga ora ana sing gelem ngakoni. Apa wong kaya mangkene iki nduweni tujuwan kang luhur ? Yen duwe tujuwan luhur mesthine nganggo cara-cara kang luhur uga. Ora kudu nganggo cara-cara kang ngrusak tatanan. Ora nganggo cara-cara kang gawe sengsarane wong liya. Sing genah wong kaya mangkene cetha-cetha ngrusak tatanan sing kepingin dibangun dening bangsa Indonesia lan cetha-cetha nglanggar prikamanungsan.
Negara ngendi wae ora sarujuk karo patrap sing dilakoni dening kang gawe rerusuh. Ora ana wong siji wae sadonya iki sing ora kepingin ayem tentrem. Mula tindak sing gawe rerusuh, tindak sing anarkis kudu enggal dibesmi.

1 komentar:

mawaradi mengatakan...

Kula inggih prihatos kok pak Ugeng,naminipun pacoban kok boten wonten telasipun.Menawi terus mekaten kados pundi nasibipun bangsa kita menika?

Pengikut

Matur Nuwun ...