Kamis, 09 Juli 2009

Basa Inggris, Basa Pengantar ing Sekolahan


Kabar sing paling gres saka Malaysia nelakake manawa pamarentah Malaysia mbatalake panganggone basa pengantar basa Inggris ing sekolahan-sekolahan. Menteri Pendidikan Malaysia Muhyiddin Yassi ngendika yen murid-murid sekolah menengah ing wulangan Matematika lan Sains (Ilmu Pengetahuan ) bijine sangsaya mudhun. Mula banjur dianakake kawicaksanan pengantar nganggo basa Melayu ing wulangan lelorone. Kawicaksanan iku wiwit lumaku ing taun 2012.
Kawicaksanan lumakune basa pengantar Inggris ing wulangan Matematika lan Sains nalika wiwit taun 2003, jamane Dr Mahatir dadi nindya mantri. Nalika semana ana anggepan yen murid sekolah menengah Malaysia kalah mutune karo Singapura.
Pancene sadurunge mardika Malaysia iku kalebu jajahan Inggris, lan saiki dadi commonwealth utawa Negara persemakmuran. Sanajanta Malaysia wis ngadeg dadi negara mardika nanging isih sesambungan sacara emosional karo Negara Inggris. Mula ora mokal manawa Malaysia nganggo basa Inggris dianggo pengantar ing sekolahan-sekolahan. Ning saiki malah dibatalake.
Sing rada aneh ing Indonesia, akhir-akhir iki ana ada-ada lan uluk-uluk saka para kang kawogan ing babagan pendidikan yen sekolahan-sekolahan bakale -- embuh taun pira -- diupayakake nganggo standar Internasional. Mula banjur diananake RSBI utawa Rintisan Sekolah Berstandar Internasional. Sekolah standar Internasional kurikulume niru sekolah saka mancanegara, guru-gurune kudu bisa nguwasani basa Inggris kanggo pengantar marang para murid. Samono uga muride uga nganggo basa Inggris kanggo caturan ing sekolahan.

Kanggone wali murid — apa maneh kaya aku iki – mesthi wae yen ana sekolahan Indonesia nganggo basa Inggris kanggo pengantar wah wis mesthi sekolahan iku maju. Apa ya kaya ngono ?
Gunane (fungsi) basa salah sijine kanggo sesambungan (komunikasi) antarane siji lan sijine. Yen antarane wong sing sesambungan mau basane padha mesthi wae ora ana hambatan (alangan) ing antarane lelorone. Yen kahanan iki dionceki , anake wong Jawa, anake wong Indonesia, rembugan nganggo basa Inggris , neng ndesa pisan. Lha rak lucu, apa bapake ora mung gela-gelo kaya kethek ditulup ?
Sing nomer loro, gunane basa kanggo njaga, nenangi (membangkitkan) rasa kabangsan, rasa persatuan, yen awake dhewe wong Indonesia, bangsa Indonesia lan nduweni basa resmi yaiku basa Indonesia. Apa kira-kira panganggone pengantar basa Inggris ing sekolahan mau ora nglunturake rasa persatuan -- sing ing Indonesia rasa persatuan iku ing wektu iki durung wutuh satus persen -- rasa kabangsan lan sapanungalane. Pancene yen ndeleng ing televisi para selebritis nganggo basa Inggris, njur awake dhewe gumun, banjur ngudarasa kok pinter temen ya .
Sing nomer telu, gunane basa iku kanggo mahyakake (mengeluarkan ) pikiran, gagasan, pendapat. Apa yen wis bisa nganggo basa Inggris mesthi pinter ing babagan matematika, biologi, fisika, kimia, sejarah, ekonomi, ilmu bumi , tehnik computer lsp.
Ana crita, kanggo tetandhingan. Dhek nalika Jepang mlebu Indonesia, Walanda keplayu. Mlayune Walanda mau dieloki wong-wong Jawa sing nalika samana nyambut gawe marang Walanda. Sing dituju Australia. Neng Australia wong Jawa mau manggon pirang-pirang taun. Sesrawungan karo wong Australia nganggo basa Inggris. Ing kana, sarehne srawungan terus nganggo basa Inggris, mesthi wae pinter basa Inggris – ning, pegaweyane tetep mbabu (pembantu, PRT)—
Nalika jaman Hindhu, wong-wong Jawa bisa nggawe Candhi Borobudur sing kondhang, ora nganggo basa Inggris, ya ngadeg kanthi sampurna. Wong-wong Bugis bisa nggawe prau Phinisi kang bisa nglayari pitung samodra uga ora perlu nganggo basa Inggris.
Mula sing perlu dilakoni, sekolahan-sekolahan ayo dibeciki supaya maju. Kanthi cara :
1. Disiplin sing becik, guru lan utawa muride.
2. Jujur. Guru lan murid kudu jujur. Ora nurun kancane utawa sengaja dituruni dening gurune. Ora perlu kudu dadi juwara kanthi cara-cara kang ora becik (curang).
3. Sarana sekolahan kudu dibeciki,guru digatekake nasibe, gedhong sekolahan, buku pelajaran, ruang olah raga, computer. Murid lan guru kudu bisa ngakses lan kulina nggunakake internet .
4. Dutuwuhake sikap “selalu ingin tahu dan ingin maju”. Dituwuhake sikap dadi pioneer utawa “penemu” lan ngurmati marang “keberhasilane wong liya”. Lan uga dituwuhake watak ora gelem mbajak karyane wong liya.
5. Budaya “membaca” ditingkatake. Perpustakaan perlu ditambah buku-bukune.
Samene dhisik rasan-rasane. Piye ca komentar sampeyan , dak tunggu .

3 komentar:

paromo suko mengatakan...

nuwun sewu pak guru,

aku ki kok ya gumun ta,
anak-putu ki bakale arep diwulang dadi apa ta,
ana RSBN ana RSBI, jebul sing paling ketok (ana pikiranku) kok malah kebutuhan anggarane ta, dudu asil produksine sing rupa menungsa Indonesia sing rata-rata unggul lan bisa 'membanggakan'

saben saben ming disuguhi warta anane TKI/TKW sing kelara-lara lan kelaran
saben-saben maca lan nonton para siswa(maha) sing gebug-gebugan padhadene kancane,

dhek aku cilik, satengahe mulang apa wae pak guruku mesthi ndongeng lan crita sing sak-jane isi tepa tuladha becik'
lha apa sak iki kurang wektu kanggo dongeng-dongengan kaya jaman semana ta, merga 'tuntutan pemenuhan materi ajar' sing wis dibakokake?

apa-maneh tekan basa Inggris dadi basa pengantar, apa ora sisan diajari sopan-santune wong Ingris sisan (sing terkenal santun), dadi ora mung mligi sinau basane?

wis mangga, panjenengan luwih kompeten

salam

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

200% setuju. Kula tengga komentar sanesipun.

mawaradi mengatakan...

Budaya kita menika kok aneh, rintisan sekolah berstandar internasional, basa pengantaripun basa inggris,rumangsa mongkog menawi saged basa inggris,rumangsa ndesa yen nganggo basa jawa.Ya ora apa-apa wong basa internasional,nanging apa ora luwih apik nganggo basane dhewe basa Indonesia. Dene wong manca sing nglencer ing Indonesia ya kudu sinau basa Indonesia.Aku kok eling nalika ing SR biyen, aku nemu buku etung/matematika pengantare basa Jawa.Kayata ping(kali-kalian),para(bagi),lan(tambah),suda(kurang) lan sapanunggalane.Ora kok ateges balik kaya jaman biyen,ora...boten ....ning mbok aja kebablasen ,kebat kliwat mesakke para murid sing terus-terusan dadi kelinci percobaan, sumangga.

Pengikut

Matur Nuwun ...